serat harjuna wiwaha

www.alangalangkumitir.wordpress.com
Oleh : Mas Kumitir

1

S ERA T HA RJUNA W IW A HA
Program digital ini dikembangkan untuk melestarikan dalam mendukung proses
pelestarian sastra daerah di Indonesia. Hasil dari program digital ini berupa karya
sastra Jawa yang disalin dalam bentuk teks digital format pdf. Semoga tujuan blog
www.alangalangkumitir.wordpress.com adalah menjadi salah satu sumber digital
karya-karya sastra Jawa dapat dibaca, ditelusuri atau diunduh oleh para sutrisna
budaya ataupun masyarakat secara bebas.
Salam asah asih asuh.
Nuwun.
@@@

MINTARAGA ARJUNA WIWAHAN
Kata Pengantar
Bahagialah kita, bangsa Indonesia, bahwa hampir di setiap daerah di
seluruh tanah air hingga kina masih tersimpan karya-karya sastra lama,
yang pada hakikatnya adalah cagar budaya nasinoal kita. Kesemuanya itu

merupakan tuangan pengalaman jiwa bangsa yang dapat dijadikan sumber
penelitian bagi pembinaan dan pengembangan kebudayaan dan ilmu di
segala bidang.
Karya sastra lama akan dapat memberikan khazanah ilmu pengetahuan
yang beraneka ragam macamnya. Penggalian karya sastra lamayang
tersebar di daerah-daerah ini, akan menghasilkan ciri-ciri khas kebudayaan
daerah, yang meliputi pula pandangan hidup serta landasan faisafah yang
mulia dan tinggi nilainya. Modal semacam itu, yang tersimpan dalam karyakarya sastra daerah, akhirnya akan dapat juga menunjang kekayaan sastra
Indonesia pada umumnya.
Pemeliharaan, pem,binaan, dan penggalian sastra daerah jelas akan besar
sekali bantuannya dalam usaha kita untuk membina kebudayaan nasional
pada umumnya, dan pengarahan pedidikan pada khusunya.
Saling pengertian antar daerah, yang sangat besar artinya bagi
pemeliharaan kerukunan hidup antar suku dan agama, akan dapat tercipta
pula, bila sastra-sastra daerah termuat dalam karya sastra lama itu,
diterjemahkan atau diungkapkan dalam bahasa Indonesia. Dalam taraf
pembangunan bangsa dewasa ini manusia-manusia Indonesia sungguh
memerlukan sekali warisan rohaniah yang terkandung dalam sastra-sastra
daerah itu. Kita yakin bahwa segala sesuatunya yang dapat tergali dari
dalamnya tidak hanya akan berguna bagi daerah yang bersangkutan saja,

melainkan juga akan dapat bermanfaat bagi seluruh bangsa Indonesia,
bahkan lebih dari itu, ia akan dapat menjelma menjadi sumbangan yang
khas sifatnya bagi pengembangan sastra dunia. Sejalan dan seirama
dengan pertimbangan tersebut di atas, kami sajikan pada kesempatan ini
suatu karya sastra daerah Jawa yang dapat bermanfaat bagi kita semua,
dan generasi yang akan datang.
www.alangalangkumitir.wordpress.com
Oleh : Mas Kumitir

www.alangalangkumitir.wordpress.com
Oleh : Mas Kumitir

2

SERAT HARJUNA WIWAHA
Ing basa Kawi karanganipun Resi Kano, sampun kajawakaken ing tembung
Kawi saking kapareng dalem Ingkang Sinuhun Kanjeng Susuhunan ingkang
kapinn III ing Surakarta.
Kawangun dening Raden Mas Suwandi ing Surakarta, kalaras nggann\gge
guru lagu wicalan, ingkang supados boten damel kithaling pamaos.

PUPUH I
ASMARADANA
Ra seneng driya nawung kingkin, hanulad mring kawi radya, dennya paksa
driyrdane, maspadakken crita tama, sumedya ngewahana, wantune wong
mudha punggung, dimen sami ingaranan.
Lir sarjana kang luwih, tan panon rat idhepira, de ra tan wruh mring
bodhone, reka-reka ngrakit gita, sayekti mung kinarya, panglipuring
kawlasayun, dennya nuhun duka cita.
Darunane arseng kapti, mulat marang srat wiwaha, Empu Kano pangikete,
winangun Jeng Sri Narendra, Sinuhun Susuhunan, kaping tiga Sang Prabu,
jumeneng neng Surakarta.
Pangiketing prameng kawi, sinantunan tembung jarwa, ananging ta
suprandene, kathak kithal yen winaca, ingiket mangke kadya, kadi jaman
kang kalaku, nulada para prameng sastra.
Duk winangun amarengi, gathit enjang tabuh sapta, ri Respati Cemengane,
panca likur de kang candra, Ramelan Be ing warsa, raseng yaksa ngesthi
sunu, kanang mangsa pan kasanga.
De ra mangun mung supadi, amrih gampil yen winaca, ananging ta caritane,
datan ana ingewahan, reroncen ugi samya, amung lagu kang winangun,
manut dhongdhinging ukara.

Nenggih mangke kang winarni, bubukaning kang carita, Risang Parta
kasetene, kalok saking ing kayangan, nira Sang Batharendra, duk nalikanira
iku, duh kita Sang Batharendra.
Ing dados wosing kinkin, dennya arsa linurugan, yaksa raja pambekane,
langkung dening puwa-puwa, Niwata maharaja, kasub ing rat ywan pinunjul,
kadigdayan kanuragan.
Dene dununging prajadi, ing Semeru sakidulnya, dennya arsa nglurug age,
saking antuk kaluwihan, saking Hyang Girinata, sakti mandra guna tuhu, tan
na braja tumama.

www.alangalangkumitir.wordpress.com
Oleh : Mas Kumitir

www.alangalangkumitir.wordpress.com
Oleh : Mas Kumitir

3

Datan pejah lan dewadi, myang tan pejah dening buta, Sang Hyang Siwah
pamecane, iya benjang bisa pejah, kalamun ana janma, mara taoa dibya

luhung, yeku ingkang mejahana.
Mila dadya ginem pikir, sadayaning pra Jawata, ewuha ya pratikele,
nggennya arsa linurugan, Niwata Sri Narendra, mung sajuga esthinipun,
ingkang sampun dipun weca.
Sang Hyang Siwah ingkang mangsit, manungsa kang mara tapa, Sang
Niwata ing patine, samngke ing Endrakila, ana wong mara tapa, Risang
Parta wastanipun, panengahing para Pandawa.
Nanging Sanghany Endra maksih, sajroning tyas semang-semang, de
durung wruh sajatine, dennya mesu tapa brata, apa nggayuh kamuksan,
apa iya amrih luhung, minta marang ing Jawata.
Apa minta jayeng jurit, lamun minta kadigdayan, sayekti yen kena tembe,
dipun pinta srayeng Dewa, mejahi yaksa raja, yen wus antuk nugraha gung,
yekti bisa mbengkas karya.
Yen Hajuna tan antuk sih, sayekti yen tanpa karya, ngambil sraya mring
dheweke, samangkana Anghyang Endra, denira ngnandika, arsa nyoba
karsanipun, rinancaneng waranggana.
Lamun puguh mati ragi, tan keni mring pangrencana, aneng kono sayektine,
dadine den ambil sraya, yen keni pengrencana, tan pakarya tapanipun,
masih sor lan panca driya.
Dene ingkang dipun piji, angrencana mring Sang Parta, widadari kapitune,

isen-isen Suralaya, antuke duk ing kuna, widadari kang pipitu, sami saking
mulat ita.
Tegesipun mulat nenggih, sosotya kang adi mulya, widadari pitu ingkang,
ngluwih warnanira, mung kakalih langkung ayu, Sang Supraba wastanira.
Wilutama jangkep kalih, tan prabeda warnanira, sesenengan pamilike, Dewi
Ratih sor prabawa, tuhu yen tanpa sama, sagung widadari kusut, anglir
murca kinedhepna.
Sawusira sami dadi, widadari sapta ika, kinen ta ya sadayane, tegesipun
basa taya, ngigeling widadara, pra Jawata yun andulu, sru kayungyun
uninga.
Panggigeling widadari angideri sagaranya, kaping tigang ubengune,
awismaya pra Jawata, tegese awismaya, sru kasmaran Jawata gung, arsa
ngusap wenira.
PUPUH II
SINOM
Sanghyang Brama dennya miyat, pingigeling widadari, ndadak catur muka
papak, lawan Sanghayng Endra ugi, soca papat umeksi, pra Jawata
www.alangalangkumitir.wordpress.com
Oleh : Mas Kumitir


www.alangalangkumitir.wordpress.com
Oleh : Mas Kumitir

4

sagungipun, amulat netya tiga, aneng kanan lawan kering, ing julukan netya
ingkang satunggal.
Milanipun pra Jawata, miyaraken ing pangeksi, saking sruning laras mara,
miyat langen ing Swarga di, tumembe samya uning, widadari tayanippun,
weh brangta pra Jawata, tan wonten kang nora brangti, maring para
widadari sapta ika.
Wusing taya tinimbalan, widadari sapta iji, Sanghyang Endra angandika, heh
Supraba Nini Dewi, lan Wilutama malih, sakancamu kabeh pitu, aywa wedi
kangelan, babo ingsun mengko nyilih, sagung raras ruming reh lan ayunira.
Sira mengko lumakuwa, mring pratapan Sang Ayogi, Harjuna nggennya
martapa, awasena den pratitis, subratanira mangkin, yoga brata dennya
nekung, kalamun sira wignya, pan Harjuna iku garwane sekawan.
Ing kocap yu utama, mung titiga kang yu luwih, padmi aran Sang Sumbrada,
Manohara lawan malih, Ulupi jangklepe tri, nadyan kabeh luwih ayu, yektine
durung padha, marang warni-nira Nini, pan kadasa guna ayuning

manungsa.
Iya masa ngasorena, mring ayuning widadari, muwus malih Sanghyang
Endra, mring Supraba nabda aris, sung andelake ugi, mring ayunta Nini pitu,
yekti yen tanpa karya, raras ruming angsana di, tumandhinga iya maksih
raras sira.
Kapalayu angumbara, raras ruming angsana di, ngungsi marang mega,
mendhung layat tanpa kardi, rarasing sekar gambir, tumandhinga rarasipun,
gandaning ukelira, lamun ngore den kajrihi, marang sekar gandhung iya
raras sira.
Nadyan silih Sang Bathara, Kamajaya iku Nini, ningalana marang sira,
weruh warna ayu luwih, sayekti lamun kontit, asihe mring rabi lebur,
tumumpek sih mring sira, tan enget mring Dewi Ratih, destun mimba Dewi
Ratih lawan sira.
Sanghyang Endra pujinira, marang sagung widadari, nulya kinen mangkat
samya, mring patapan Sang Ayogi, tan miyang kabeh sami, widadadri
sadaya wus, anembah pamit sigra, mring Bathara Endra nuli, mesat saking
ngarsa anapak gagana.
Sami nglayang lampahira, wau para widadari, lir maruta mandra nulya,
prapteng paran widadari, parakan para cethi, sami ngiring aneng pungkur,
saking ing katebihan, wus katingal dhepok wukir, dunungira pratapane Sang

Harjuna.
Widadari risaksana, sigra-sigra anuruni, nenggih saking ing gagana,
widadari ngambah siti, lumampahira aris, sapraptaning anggreng gunung,
anenggih Endrakila, lampahe pra widadari, tansah dennya wirandhungan
jroning driya.

www.alangalangkumitir.wordpress.com
Oleh : Mas Kumitir

www.alangalangkumitir.wordpress.com
Oleh : Mas Kumitir

5

Wanci enjang dennya prapta, aneng Endrakila wukir, sadaya pra widadari,
kawigaran jroning galih, tegesing basa kawi, kawigaran maknanipun samya
gung suka-suka, lampahe pra widadari, wit cemara kumlap kasilir pawana.
Neng gigiring Endrakila, lampahe pra widadari, ron cemara katyup barat, lir
amangsit kinen bali, marang kang nembe prapti, wonten malih kang
winuwus, pradapa manis kalyan, sru kumelap katyup angin, esthinira kadi

sagung widadara.
Pan ingajak tandhing raras, panantange kayu manis, heh sagung pra
widadara, lawan ingsun manis endi, pamulunira sami, iya lawan pradapeng
sun, lan payudanira, lan abang-abanging lathi, iya lawan rarasing
pradapaningwang.
Sakathahe wana wisma, ingkang sami den langkungi, dening para
waranggana, kang munggeng ing kanan kering, saurutireng margi, nanging
yekti tan kadulu, de sami kaalingen, dening awun-awun yekti, datan cetha
lamat-lamat katingalan.
Dennya sami katawengan, dening himalaya yekti, yata wonten kang
bremara, dennya arsa ngingsep sari, maduning sekar kuning, nging kalingan
awun-awun, suwarna kanang sekar, bremara sru cuweng ati, sigra mabur
bremara marang wiyat.
Mumbul sarwi tilar swara, cuweng tyas tan ngingsep sari, wonten malih
peksi merak, mencok ing pang kayu wangi, candhana teges neki,
angakingken elaripun, elaring merak nulya, kacepit pang kayu wangi,
dennya mencok si merak ayun-ayunan.
Lampahira waranggana, duk samana sampun prapti, ngambah aneng
babanjaran, patapane Sang Ayogi, dene ta kang kinardi, bal-imbalanireng
enu, candhani selanira, babanjaran rata radin, pan ingapit-apit dening kayu

ingas.
Kalawan kang nungsung guywa, jinarwanan den makani, wit kalasem
tegesira, lingan werdinipun wuni, lampahe widadari, anut imbang-imbang
gunung, jujurang sami girang, waranggana ika nenggih, aningali wau
lalangening marga.
Wonten wau katingalan, kaya prih gung angungkuli, parang jero katingalan,
weh enggaring widadari, parang jro ana keksi, kukuwunge amalengkung, ing
enu ilang truhnya, riris mawur nglambung wukir, maweh girang dennya
kasenenan surya.
Paparang gung ngungkang jurang, nglambung parang medal warih, tibeng
sela sumayana, sumilaking toya wening, wonten res-eres muni, aneng
tawang awara uymung, sundari preng munya, tegese res-eres nenggih, pan
kadhasih asih dennya munyeng tawang.
Kang sundari anyabawa, muni katyup dening angin, malih wonten
katinggalan, pradapaning wlas res nenggih, tegese wlas res iki,

www.alangalangkumitir.wordpress.com
Oleh : Mas Kumitir

www.alangalangkumitir.wordpress.com
Oleh : Mas Kumitir

6

pradapaneng jeringipun, alumungka pawahan, isthanira pradapeng jring, ya
ta kadi angawe mring waranggana.
Duk anon langening arga, wau para widadari, pucak arga katingalan,
kekemulan mega putih, warnane kanang ardi, kadi katon Risang Wiku,
mega kang ngangkulana, lir kethuning Risang Resi, kadi basma cicithake
kaki ajar.
Ingkang aneng bathukira, lawan wonten pitung keksi, tumuwuh neng
lambung arga, tlaga jurung den ungkuli, katempuh dening angin, kanang
petung nyawuk banyu, petunge kang umpama, lir banyune Risang Resi,
pamyawuking petung marang sagung tirta.
Kadya tekes arca nama, tegesipun tekes nenggih, akekemu jarwanira, arca
nama raup iki, malih wonten kaeksi, kakayoning wowohan gung, upamaning
wowohan, lir sinegahaken sami, marang sagung widadari ingkang prapta.
Dahat dennya wirandhungan, lampahe pra widadari, sampun ngraos sanes
saban, pandulune ugi salin, wau ta lampah neki, ngangge laku anyar niku,
tegese laku anyar, lelewane den waoni, wit katinggal patapan Sang
Mintaraga.
Kaleban wawangi ngambar, awor sekar gandanya mrik, sumarsana gadhing
mekar, mila dadya amrik minging, kaleban ganda sung mrik, samangkana
dadya rapuh, driyarda mawuyangan, mama rapuh ing panggalih, widadari
dening kapasuk asmara.
Duk samana samya rarywan, widadari sapta sami, linggih sela sumayana,
sumayana dan jarwani, iyeku watu yekti, sumayan tegesipun, anenggih
kumalasa, nenggih aneng watu ingkang kumalasa.
Kasongan Harjuna tarywa, kang Harjuna taru iki, jinarwan pan rejasa, kala
nedheng sekar dadi, pradapa ri yu keksi, rejasane katon munggul,
rumembe, ngungkulana, kanang watu kumalasa di, lininggihan pra
waranggana sadaya.
Munggeng beji samya atap, kapitu pra widadari, atepining beji ana, lir ukiran
pened keksi, tegese pened ukir, kir-ukirane kang watu, lumuten warnanira,
kadi janma wedhak wilis, ayun adus ing beji wening kang tirta.
Kaungkulan ing won denta, nedheng meteng-meteng dadi runtuh aglar
aneng kisma, ambalasah pinggir beji, nanging widadari sagung, dudu poh
gadhing ika, ingkang dipun kayungyuni, dene ingkang den kayunken
waranggana.
Wilasa kang ingupaya, yeku ingkang den karsani, de tegese kang wilasa,
asmaraning driya iki, wilasa den wastani, wekas-wekasing lara kung,
ngungkihken jronireng tyas, bengkasa tyas nawung kingkin, lah puniku
karsane pra waranggana.

www.alangalangkumitir.wordpress.com
Oleh : Mas Kumitir

www.alangalangkumitir.wordpress.com
Oleh : Mas Kumitir

7

Sawusira dangu rarywan, wau para widadari, sami ginem dennya karsa, ana
kudu mangkat nuli, pan ana kudu kari, ana putung alisipun saweneh
ngodha-odha, sukunipun manjing warih, ana ingkang den pijiti pupunira.
Dening cethi waranggana, myang kang lagya toya rahi, katon ewah ukelira,
angilo mring toya pilih, tegese toya pilih, langkung wening kang ranu,
marmane ngilo ika, wau ingkang widadari, nggenya matrap mamatut,
sariranira.
Wiragane weh arimang, aywa kongsi ngaping kalih, lamun sampun sami
prapta, aneng ngarseng Mintaragi, anulya wacana ris, Sang Supraba manis
rum, mring Retna Wilutama, heh robaya paran kapti, prayogane ing tindak
panggodhanira.
Punapi ta nulya pangkat, ing tengenge sapuniki, lah ta mangke kadiparan,
para kadhang widadari, umatur Sang Renadi, Wilutama ririh arum, dewati
atur kula, yen suwawi lan marengi, sampun mangkat ing wanci tengange
mangkya.
Karanane langkung lapa, bentenipun anglangkungi, ngrisakaken papaesan,
ngusutaken warni yekti, kalamun amarungi, ywan wus Sanghyang Surya
nerus, anuwun nunten pangkat, mring patapan Mintaragi, nuju dalu robaya
pareng purnama.
Ri turun sih pan utama, tegesipun ri turun sih, de purnama sidhi lawan, nuji
ari nggara kasih, wukune amarengi, mandhasiya nedhengipun, anedha
kendhel mangkya, ngantos suruping Hyang Rawi, sami mepak papaesipun
kang endah.
Muwus malih Sang Supraba, patembaya lah punapi, pakenira maksih
warna, kadi warni wingi uni, awarni widadari, nggennya nggodheng Parta
Wiku, sumaur Wilutama, lah robaya kadi pundi, nggih punapa kang kinarsan
pakenira.
Muwus malih Sang Supraba, heh robaya lamun ugi, pakenira maksih rupa,
kadi warni widadari, sayekti mindho kardi, tan kagodha temahipun, tapane
Sang Harjuna, sayekti lamun utami, lakunira yen pangrencaneng Hyang
Endra.
Masa ndadak antuk karya, lampahe pra widadari, boten kenging
ginagampang, tapane Sang Mintaragi, anungku suksma jati, Sang Harjuna
tapanipun, dhuh lae kadiparan, lah robaya paran kapti, saurira Wilutama
mring Supraba.
Kalamun si makatena, sang robaya kang kinapti, kadi pundi reh andika,
mangke kantun anglampahi, Supraba napda malih, robaya yen sampun
rembug, samangke kajeng kula, widadari pitung iji, sami nelad warnane
janma manungsa.
Anelada warnanira, garwane Sang Parta sami, ingkang kantun neng negara,
kula nekad garwa padmi, Sumbadra kang wawangi, dene ika warnanipun

www.alangalangkumitir.wordpress.com
Oleh : Mas Kumitir

www.alangalangkumitir.wordpress.com
Oleh : Mas Kumitir

8

yektine yu utama, anglir gambar bisa mesik, wayah taksih anem Sang Wara
Sumbadra.
Anteng ruruh ambekira, awehe edan kang udani, lumrah kakung
kalenglengan, ngusutbae ayu luwih, antenge trusung budi, jatmikane teka
nerus, pamuluning sarira, anglir sekar cempaka di, nedheng mekar
kongasing ganda rum ngambar.
Langkung lebet semunira, nora keni yen dinugi, bubuh dene Sang
Sumbadra, kinadaman sagung putri, pan durung ngudamani, mring sagung
wong watekipun, kang aran Sang Sumbadra, iku ingkang ingsun irib,
sasolahe si Sumbadra ingsun telad.
Muwus malih Sang Supraba, heh robaya yen suwawi, pakenira anelada
nenggih, warneng sang sudewi panggulu garwaneki, sang Harjuna
parabipun, ran Dewi Manohara, tinelada ing samangkin, warnanira kadi
gambar bisa ngucap.
Tinon ruruh tur jatmika, tan ana wong den rengoni, manis liringireng ulat,
mamanise ndudut ati, suwarmanira ugi, Manohara sang retna ya apaes ayu
endah, nadyan ngusut ayu luwih, warnanira baune welar tur wijang.
Luwih ingkang payudara, dadya madya kurang ramping, ambyataning
payudara, sedheng madya amantesi, lir gora tawon nenggih, gora tawon
tegesipun, tapane tan gumana, Manohara sang retna di, madya nira lir
tawon lagya gumana.
Titis-titis barang karya, Manohara ayu luwih, puniku yen ...cara, mamanise
manas ati, sagunging barangmanis asru amor yen dinulu, hyang-hyang
pudhak sinurat, metu saking paking lading, kang minangka nenggih lading
panulisan.
Muwus malih Sang Supraba, nenggih marang Sang Warsini, heh robaya
pakenira, lamun ndika nyawaweni, nelada ingkang warni, iya marang
garwanipun, nelada ingkang warni, iya marang garwanipun, Sang Parta
kang panengah, putri adi akakasih, sang Ulapi ingkang warnane yu endah.
Yeku putri saking arga, Resi Kano kang sisiwi, putri adi pina-puja, warnanira
Sang Ulapi, ulate langkung manis, lindri-lindri nglawan tunjung, biru lir
inguiran, ngancana di moh lah keksi, maweh suka ingulat bisa akarya.
La-elaning driya rimang, bisa karya raras ati, yogya dadi gurunira, mring
wong ayudonya iki, wajane apan kadi, sanening herthathit barung, mila
sakeh wong miyat, wawayangane kaeksi, tumibane wayangan katon neng
waja.
Angling malih Sang Supraba, mring Surendra nabda aris, pakeniro aniruwa,
warnane Dyah Gandawati, garwane Sang Pamadi, kang sumendhi, ayu
punjul, parabe sang lir retna, iya Dewi Gandawati, yen lumampah remene
agembat madya.

www.alangalangkumitir.wordpress.com
Oleh : Mas Kumitir

www.alangalangkumitir.wordpress.com
Oleh : Mas Kumitir

9

Madya kadi ywan putunga, pangembate yen lumaris, alon liringireng tingal,
semu manis kaduk liring, tan karem ngadi ragi, amanggangge muncar
murub, milane datan arsa, dene uwus ayu luwih, sasolahe wimbuh ayune
kawangwang.
Katon manisireng ulat, wignya ndudut-ndudut ati, pamulune kang sarira,
jenar muyeg semu wilis, pan Dewi Gandawati, datan watak sugih guyu,
ameming wicaranya, iya Dewi Gandawati, karenane tan watek gumuyu
suka.
Kang piningit gusinira, nora aweh yen kaeksi, lamun iku ketingalan, gustinira
amateni, marang kang wruh gugusi, sing amulat mangu jetung, yekti yen
mati rimang, ora-orane ndaleming, pandleminge tan lya Dewi Gandawati.
Nabda malih Sang Supraba, mring Sang Gagarmayang aris, heh robaya
pakenira, anelada warna kadi, Srikandhi sang retna di, ika garwa kang
waruju, pamulunira raras, sarirane Sang Srikandhi, pindha emas ruru
mentas sinepuhan.
Liring galak eber ulat, pasemone langkung lungit, tuhu putus ing aksara,
rampung marang basa Kawi, lan malihipun kadi, jajaruman sang retna yu,
karsane Sang Srikandhi jaruman padha sihira.
Mangkana pan sampun telas, para watek widadari, anelad ing garwanira,
para garwaneng Pandhusiwi, tumiling Sanghyang Rawi, mlampah ngilen
arsa surup, mring lambunging ancala, saka-thehing widadari, adan sami
papaes ginula drawa.
PUPUH III
DHANDHANGGULA
Sampun denya papaes sami, kang maesi pra widadari, parekane dhewedhewe, dene ta paesanipun, wau ingkang pra widadari, pra samya rebut
endah, amrih yu pinunjul, datan ana mindho karya, wus apupul paese
mimbuhi manis, tangeh yen winicara.
Wusing paes sagung widadari, lir manising kang manggis karengat, mindak
dalu papaese, apan ta kinaluku, kinela ing gula drawa di, sinalah madu
kilang uwus pasthinipun, mangkana ta warnanira, mamanise wau para
widadari, sawusing paesira.
Raras ruming paes semu wingit, widadari sigra denya pangkat, duk
adungkap ing praptane, wau ta kang kadulu, wiwaraning guwa tulya sri,
apan ta katingalan, banjar sri kadulu, marga marang ing patapan, tan asuwe
prapta ingkang widadari, guwa geng majeng ngetan.
Angayunken jurang langkung sepi, wali kadhep kang aneng jro jurang,
kethap-kethap pradapane, isthane prada pasung, wali kadhep puniku kadi,
angatag waranggana, aken den agupuh, malekuwa jroning guwa, widadari
prapta sajawining kori, samyarsa mlebeng guwa.

www.alangalangkumitir.wordpress.com
Oleh : Mas Kumitir

www.alangalangkumitir.wordpress.com
Oleh : Mas Kumitir

10

Apan sonya patapane mamring, datan ana sabawaning janma, atanapi sato
iwen, tan ana ngambah ngriku, dene widadari kang prapti, kang katon mung
padupan, tan na sanesipun, nanging datan mantra-mantra, isi agni
wuryaning pasapon sepi, tan ana labetira.
Sami mijal dhukute andadi, mangka sagung ingkang waranggana, apan
awor asmarane, angungak-ungak, jroning guwa iku, kadya emas kir-ukiran,
murup kadi sasangka purnama sidhi, tingaling waranggana.
Hamung ana Risang Mahayekti, Mintaraga aneng jroning guwa, mesu budi
pakaryane, dhatengken mring panekung, meleng ing tyas yoga semedi,
anenggih jroning guwa, katon abra murub, jumeneng geng prabanira, Sang
Harjuna pratingkahira semedi, denira minta raga.
............
sila tumpang ngayunaken maring, pamelengan asta kalihira, kang minangka
tutumpange, astane iku, kang panuduh kewala lungit, lungiting kang dariya,
yeku leresipun, tutunge ing grananira, ingaranan pratingkahing semedi, ptitis
grana sika.
Meleng pejah ing sajroning urip, sang Harjuna wus sarira suksma,
paningalan pamyarsane, miwah ta kang pangambu, angen-angen
ngulihaken sami, dhateng ing sangkan paran, Risang Parta sampun,
apranawa jinarwanan, prana atiwa papadhang den tegesi, ilang ing
kamanungsan.
Wus angraga suksmane sayekti, dadya mangke ing sakathahira, ingkang
panca driya kabeh, satuhu lamun luput, Sang Harjuna apan ta nenggih,
asanget mesu brata, denya sru manekung, marma luput ing bancana, dene
sampun angraga suksma sajati, ngulihken panca driya.
Nulya wau kang mangsah rumiyin, Sang Supraba ingkang mimba warna,
Sang Sumbadra suwarnane, praptane sigra muwus, rerh raras angasih-asih,
Rahadyan Parta kula, mangke dasihipun, nusul kangen mring andika,
satuhune paran sun Sumbadra brangti, ywan tulus kangen pejah.
Dhuh pangeran amba tur udani, ing sapengker tuwan mara tapa, kadi lamun
pejah age, kalamun lamong nulus, pejah nglamong wak amba mangkin, sing
kangen mring andika, kula sengguh lamun, ndika wonten swarga loka,
dadya kula sumusul mring suranadi, dumadak tan kapanggya.
Nunten kula susul prapteng ngriki, perlu nusul maring jengandika, dahat atur
kula mangke, dhumateng sang binagus, lah punapa kang dados galih, wiwit
duk ndika kesah, nilar dasihipun, kawulane kawlas arsa, mring Drakila
tinapakaken punapi, punapa kirang ndika.
De kawula datan kraos sisip, lah kondura sakedhap kewala, dennya lampah
amba age, wit kadang ndika lampus, pejahira dipun pejahi, dening Sang
Duryudana, lah ta ndaweg kondur, pan mangkana wuwusira, sang Supraba
sarwi tawan-tawan tangis, luhira marawayan.

www.alangalangkumitir.wordpress.com
Oleh : Mas Kumitir

www.alangalangkumitir.wordpress.com
Oleh : Mas Kumitir

11

Mijil saking locananireki, tumibane alantaran uwang, payudara tumibane,
andheging luh neng ngriku, wonga-wonga kebek sami, tegese wongawonga, ireng-irengipun, payudara kang gumana, karya seming kasmekanira
sang dewi, lir langen jro supena.
Ya ta Risang Harjuna tan gingsir, manahira dening pangucapnya, Sang
Supraba tanpa gawe, anulya ingkang rawuh, Wilutama sang retna dewi,
kang mindha warnanira, Manohara wau, panganggene kinathahan, arumarum winot sarira menuhi, wau sangmimba warna.
Mila dahat praptane angirit, sagung ganda ing Indra Bawana, kongas
minging sru gandane, wewedhakira mungguh, pulanggene tuhu ngraketi,
katonton bau wijang, sagunging raras rum, sadayane ganda ngambar, lawan
sinjangira risang malih warni, rinatus kasturinya.
Marma lamun sru katiyup angin, silir arum ginaweng maruta, muleg amrik jro
guwane, sumriking ganda marbut, payudara dipun cacabi, kum-kuma kang
kinarya, wau sekaripun, sadak gadhing tegesira, kancing gelung
tinlesepaken mantesi, dadi lan mungguhira.
Asusumping sang amindha warni, dene santun ukele sang retna, nalika
prapta ngarsane, Harjuna maha wiku, mesem-mesem angujiwati, Sang Dewi
Wilutama, marma gung gumuyu, angatingalaken waja, ingkang kadi madu
subrata kenyaring, warnane ingkang waja.
Wonten prapta widadari malik, teka linggih ing sapraptanira, aneng keringe
Pamade, papaesira patut, widadari iku winarni, angangge gelang kana,
sungsun-sungsunipun, kalih sisih sungsunira, kelat bau ali-ali sosotya di,
ujwaleng mirah muncar.
Cundhuk sekar panelad jinarwi, kang panelad kencana ginubah, lawan
sekar malathine, lamatan ingkang pupur, melok nora angatawisi, asisik luru
muncar, risang santun lagu, kawacane lungsir pethak, tibanireng payudara
kwaca lungsir, katyup ing samirana.
Tumibane teka angraketi, payudara kang pedah nyu denta, anglir petha ing
warnane, petanireng prembayun, wonten dene tegese iki, palenthung toya
petha, apan wimbuh luhung, busananing waranggana, papaese katonton
teka ngluwihi, samining waranggana.
Ya ta wonten ingkang widadari, praptanira wau sigra-sigra, pantes gretol
gegelunge, tutupe kang gelung, pantes saking kancana adi, tingkahe
angrencana, bau reksa iku, manik ijo kang kinarya, widadari warnane lir
Dewi Ratih, paesa langkung pelag.
Sagung wida-wida apeki, maweh kucem senening sosotya, urap-urap
kasturine, winoran prada luhung, lir muksa kinedhepna, warna sang dewa
yu, sadayane pan mangkana, widadari kang sami olah mamanis, denira
angrencana.
Wonten malih widadari prapti, langkung jenar sariranira, lir kenyaring wulan
gedhe, agawe rarasing rum, sajak mentas siram sang dewi, keramas ngore
www.alangalangkumitir.wordpress.com
Oleh : Mas Kumitir

www.alangalangkumitir.wordpress.com
Oleh : Mas Kumitir

12

rema, lungsir ulisipun, pethakireng waja memplak, den ganteni ping tiga,
kenyare kengis, mrik minging kang kum-kuma.
Keh upayanira widadari, ndhatengaken pangrencananira, datan taha
sasolahe, sru kaduk patrapipun, andhepeli saking ing wingking, apan den
wasa-wasa, Risang Parta wau, dene ingkang wasa-wasa, paripaksa
patraping godha nemeni, pan payudaranira.
Dipun cacap sakehing wawangi, den arasken marang Sang Pandhita, tanpa
taha sasolahe, astanira sinambut, rinangkulken jangga anuli, sumampir
payudara, nenggih dhawahipun, astanira kang sajuga, den pelukken
madyane sang kadi Raatih, anangga payudara.
Lan sinjange arangrangas lungsir, tur linamba amung ubet pisan, anglir
mega ngarang dene, sinawang ing pandulu, kengis kadi wimbaning sasi,
ana sang waranggana, leyang-leyang pupunira Risang Mintaraga, mandeng
tingal tumanduk mring sang apekik, marmane mandeng tingal.
Dennya masang guna lawan dhesthi, kang supadi wigya matek japa, guna
dhesthi panglengane, wau lingireng kalbu, widadari ingkang den esthi,
kalamun Risang Parta, anon dhewekipun, den pasthekken lamun kena,
gunanira masa ndadak ngaping kalih, sanadyan lir jajaka.
Tur jajaka ingkang putus ngelmi, pesthi keneng ing dhesthi manira, widadari
satemahe, lir kadi dupanipun, padupane timah upami, nalika kadunungan,
agni temah luluh, luluhireng dupa timah, luluh saking ing asmara nala
nenggih, mangkana wuwusira.
Solahireng godha warni-warni, widadari marang tapanira, Sang Harjuna
semadine, ing mangke ta meh surup, Sanghyang Arka atunggang wukir,
ginantyan Hyang Sasangka, apan ta meh mungup, sing pracima duk
purnama, nanging Sanghyang Surya sumurupe maring, marang ing
purwagennya.
Nanging rasa-rasa dereng apti, diwangkara ika marmanira, rasarasen
sumurupe, dene ta maksih iku, kami Sang Wiku, sasolahe yu uninga, marma
suwe tak semurup Sanghyang Rawi, kalingan ing malaya.
Ya ta wau sagung widadari, sru kasmaran mring Sang Wiku mudha,
katontonen sasolahe, Sang Wiku bagusipun, mimang manah pra widadari,
tegese basa mimang, salang surupipun, widadari sakehira, dene ingkang
binancana nora gingsir, tan keni dipun godha.
Balik ingkang ambencana sami, kagiwang mring warnane Sang Parta, nulya
widadari age, linggar sing ngarsanipun, Sang Harjuna jumeneng sami, mring
natar nggennya medal, ngadeg sarwi ngidung, mlimping abasa la-ela, mring
Sang Parta nggenira kandhuh ing kingkin, tumanem poking driya.
Ya ta wau wonten widadari, pan angemban nak-anakan pudhak, marek
sarwi age-age, mring ngarseng sang binagus, ngemban pudhak pinindha
siwi, patutan lan Harjuna, marek makidhupuh, tan antara awacana, lah
punika raden putra dika prapti, sanget denira nular.
www.alangalangkumitir.wordpress.com
Oleh : Mas Kumitir

www.alangalangkumitir.wordpress.com
Oleh : Mas Kumitir

13

Taken rama marmane anangis, mangke raden teka datan arsa, sinesepan
sadangune, tansah denira muwun, raden putra andika niki, lah ndaweg
sinambuta, sesepena gupuh, pamulare men kendela, tanpa segu Sang
Parta : gaya muwus malih, wau sang waranggana.
Lah nakingsun mendela den aglis, aywa mular iya ramanira, jeng pangeran
gung bendune, lah iya mring sireku, wruhanira putraku bayi, pan ora
sinarweya, lah wis aywa muwun, samangkana malih ana, widadari nekakken
tenaga sarwi, anambut astanira.
Sang Harjuna apan dipun kardi, meng-amengan ing wekasira, pak-epeking
asta age, tinutupaken sampun, payudaranira kakalih, sru angres raseng
driya, angklir wuluh tempuh, gathik sami wuluhira, angresing tyas malah lir
kadi angiris, tan mosik Risang Parta.
Samangkana wau widadari, mesat medal medal maring jawi guwa, abibisik
lan rowange, tan liyan kang cinatur, pratingkahe sang mangun teki, dene lir
Hyang Asmara, tingkah solahipun, ana juga waranggana, wangsul marang
ing sajroning guwa malih, marmane wangsul sira.
Antuk lingsem susupene kari, ing pangkone Risang Mintaraga, nging tan
kantun sayektine, apan ta kantunipun, tinemaha karsa pribadi pribadi,
kinarya lingsenira, nggennya kedah wangsul, saking sruning larasmara,
marma sanget denirarsa mulat malih, bagus sang Harjuna.
Duk samana kawekan pra sami, widadari tambuh kang sinedya, nelas
sagung panggodhane, mring Parta kang manekung, nulya mendra sang
widadari, sing ngarseng Sang harjuna, ingkang nenem sampun, kang sawiji
maksih sira, sru ameksa ngraketi Harjuna malih, sumaput ing asmara.
Tumanem neng jroning sanubari, widadari mring Sang Harjuna, gya
lumungsur sisinjange, sru sanget asmara kung, katon medemira kaeksi,
amencep lan ngujiwat, lir wong purik iku, tan sinapa dening priya, kapi
temen manake sang widadari, anggodha mring Sang Parta.
Sajroning tyas risang widadari, apandene sajatining godha, manah ayun
sayektine, dhumateng kang mulat kung, njaba-njeronira pan sami, kabyatan
larasmara, ayunira tuhu, iya marang Sang Harjuna, sang Supraba wau ta
langkung prihatin, jumeneng aneng natar.
Sanghyang Wulan ingkang den tingali, mring Supraba mangkana karsanya,
saking ewuhana tyase, karsane minta tulung, sanghyang Wulan den awe
yekti, Supraba denya ngatag, nenggih wuwusipun, heh Hyang Wulan
rowangana, gyan sun godha marang Risang Mahayekti, sun nyilih rarasira.
Sun anggene dimen bisa dadi, pangrencana marang Sang harjuna, kengguh
keni rencanane, mangkana wuwusipun, sang Supraba mring Sanghyang
Sasi, Hyang Wulan sigra mawang, mring Sang Parta Wiku, pamawange
Sanghyang Wulan sigra mawang, mring Sang Parta yogya bratane
angenting, luput mring panca driya.

www.alangalangkumitir.wordpress.com
Oleh : Mas Kumitir

www.alangalangkumitir.wordpress.com
Oleh : Mas Kumitir

14

Panca driyanira sampun nisih, sang harjuna milane mangkana, satriya lwih
waspadeng reh, wruh mula-mulanipun, kamulaning tingal udani, mulaning
pamiyarsa, lawan kang pandulu, datan samar Sang Harjuna, ing idhepe
dadine amati ragi, luput ing pangrenca.
Dadya tinggal panca driya sepi, awit muilih mring kamulanira, sowangsowang wigenane, ananging tunggil iku, pinangkane lan jeneng sami, apan
Sang Mintaraga, mangke telas sampun, paekane waranggana, denya
nggodha ngrencara kasmaran sami, apan sang Mintaraga.
Puteking tyas para widadari, pipitu kang sami angrencana, mring sang Parta
sadangune, denira nggodha sampun, tigang dina lan tigang ratri, tan pegat
dalu siang, kathah solahipun, ana ngebrok nawung brangta, mring Harjuna
tan ana kang antuk kardi, anulya mantuk samya.
Sakathahing para widadari, nedya matur mring Bathara Sakra, dene denya
mantuk kabeh, kabyatan asmareng kung, waranggana sadaya iki, amesem
jroning driya, tan lyan kang kadulu, mungwarnane Sang Harjuna, tan asuwe
widadari sami prapti, ngarsane Sanghyang Endra.
Sru katongton sukanireng galih, mireng ture para waranggana, de Sang
Parta puguh tyase, bakuh santosa kukuh, tanpa karya godheng apsari,
mangkana pra Jawata, samya muji sukur, kadi byane Sang Sutapa, kadikadi Sang Harjuna lamun keni kinanthi pra Jawata.
PUPUH IV
KINANTHI
Marmanira mangke sampun, pethuk karseng Jawata di, tuwin karseng
Sanghyang Endra, suka sami amiyarsi, Sang harjuna lupur godha,
pangrencaneng widadari.
Dadya para Jawata gung, sanget dennya amumuji, aprasasat sampun tigas,
janggane sang Niwataji, Ngimaima taka praja, pinusthi mring Dyan Pamadi.
Masa ndadak yen tumangguh, apan amung kari siji, sandeyaning tyas
Hyang Endra, iya marang Dyan Pamadi, apa ingkang dadya karsa, gyannya
mesu mati ragi.
Apa madhep muksa iku, yen mangkono nora keni, yen kinarya mungkasana,
munah satru sura sekti, lamun ingkang dadya tapa, minta jaya-wijayanti.
Yekti mati iku besuk, Sang Niwatakawaca ji, dening Parta ing ngayuda,
pangrantame ing panggalih, driya dahat kawigaran, sang Bathara Endra aji.
Dene uwus myarsa tutur, yen Sang Parta wus linuwih, putusing reh
kasutapan, nging Hyang Endra mangke apti, anyatakken ngawasena,
tapanira Sang Pamadi.
Apa kang den pinta iku, denira amati ragi, apa marang ing kemuksan, apa
marang sura sekti, karuhane lamun kena, pininta mrih dadi kanthi.

www.alangalangkumitir.wordpress.com
Oleh : Mas Kumitir

www.alangalangkumitir.wordpress.com
Oleh : Mas Kumitir

15

Sawusira ngling jro kalbu, karsanira mangke nuli, nyatakaken ananira,
Risang Parta dennya teki, duk samana Sanghyang Endra, warna kadi
pandhita di.
Langkung wredha warnanipun, Risang Padya asisilih, sigra napak
jumantara, anglayang lir kilat thathit, tan asuwe nuli prapta, Risang Padya
wus dumugi.
Neng patapan sanga wiku, winuji mring jlada radi, winuni lan jaladara, kalih
pisan den tegesi, awun-awun kemul ika, jawuh deres anglangkungi.
Sanalika atis ngruntuh, nalikane Padya resi, ngadeg sarwi teken jungkat,
itunganing widadari, tangan iku pan wicara, sidhekep Sang Padya resi.
Wusira denira rawuh, tan sinapa Padya resi, merang Risang Mintaraga,
dene lagya asemedi, Risang Padya sru nyabawa, watu-watuk dhehem
sarwi.
Emaring tyas Parta wiku, nulya mudhar asta kalih, bratanira Sang harjuna,
katingalan Padya resi, marang sira Risang Parta, tan dhu angsung puja nuli.
Mumuji mring tamunipun, pamuwuse sang Parta ris, heh robaya ngong
tatanya, pakenira saking pundi, ing pinangka pakenira, lah punapa kang
kinapti.
Risang Padya gya sumaur, pali baya ingsun iki, kang pandhita tanpa sana,
apan inggih awak mami, datan darbe paasraman, tanpa dunung ndon kang
pasthi.
Lah ta inggih yektinipun, pali baya awak mami, ingkang mangka paasraman,
nenggih sakehireng ardi, miwah sakehireng wana, ingkang yekti sun
dunungi.
Apan wus gawening sun, mider-mider nglaya bumi, gunung-gunung lawan
wana, ingkang pringga sun leboni, de araning tapaning wang, tirta gama den
wastani.
Heh robaya milaning sun, kalingane sira iki ingkang darbe teja abra,
pakenira ingkang kardi, angling malih Resi Padya, heh robaya sun tingali.
Yoga bratanira iku, kaya-kaya wis utami, pamawasku nora wang-wang, yoga
bratanira ugi, sayektine tan babakal, nanging mengko ingsun iki.
Teka kandheg tingaling sun, denya kandheg awit saking, kaya maksih mora
tingal, nanging yekti sira iki, heh robaya kawoworan, ing panggawe donya
iki.
Masih ngrangkep sedyanipun, kang panggawe tata lahir, lire lamun
pakenira, kawoworan barang lahir, panggawene wong walaka, pakenira
dene maksih.

www.alangalangkumitir.wordpress.com
Oleh : Mas Kumitir

www.alangalangkumitir.wordpress.com
Oleh : Mas Kumitir

16

Gagaman prang sagungipun, maksih sira karsa sandhing, celak nora kena
tebah, lah puniku sun tingali, enam temen pakenira, kawaca tan keni tebih.
Apa amekani ripu, pakartining satru sekti, yen mangkono tingkahira, heh
robaya sira iki, tan putus mring kalepasan, tanpa gawe teki-teki.
Risang Padya malih wuwus, heh robaya pan sayekti, tingalira ing kamuksan,
rahayuning tyas kalingling, lawan sarta inungkeban, nora kena dipun sambi.
Tanpa masa kala iku, kala-kala amarsudi, klawan kala amet swarga,
sayektine boya keni, lamun lahir-batinira, nora trus mring sapta bumi.
Heh robaya lah puniku, panca driya ngrencanani, kalamun wus ngradon
uga, rencanane saya dadi, ngradon ing ndon datan dadya, angel lamun den
icali.
Lamun datan dipun sayut, panca driyanira sakin, weh wulangun yektinira,
abibingung marang ati, yekti sirneng kawaspadan, ingkang marangyuning
bumi.
Wit kalingan sagungipun, wisesaning raga jati, ngucap malih Risang Padya,
heh robaya den udani, panggawening panca driya, kadyangganing wong
non ringgit.
Ana ingkang nangis iku, ana ingkang sedhih kingkin, ana guyu-guyu suka,
kawruhana den kaliling, yen wululang kang kinarya, rineka den karyeng
janmi.
Pinolahken asor unggul, supradene keh ningali, iya iku pangrencana, panca
driya ingkang kardi, iku awor mring siluman, ingkang nganggep marang
ringgit.
Mangkana ta wuwusipun, Risang Padya mring Sang Resi, anauri
Mintaraga, pukulun Sang Mahamuni, tulus arja kanang sabda, sayektine
tuhu wangsit.
Ananging ta estunipun, mila awak amba iki, masih nyandhing ingkang raras,
lawan sagung kawaca di, miwah ingkang hru pamungkas, sagung
gagamaning jurit.
Apan iku yektinipun, mung tumrap wong dosa pasthi, yeku yekti sampun
dadya, paraboting satriya di, olah raras mrih kawiryan, masa ndadak supe
maring.
Kalepasing pandulu, pukulun Sang Mahayekti, mring wong pened tindakira,
pasthi nora den awoni, menggah jatining agwsang, lah puniku kang
kalingling.
Ing sawuwus ulun estu, lamun jatining ngaurip, boya lamun ndorakena,
mring pratitis sireng pati, ananging ta maksih olah, mring kawiryan kangge
mangkin.

www.alangalangkumitir.wordpress.com
Oleh : Mas Kumitir

www.alangalangkumitir.wordpress.com
Oleh : Mas Kumitir

17

Nenggih pangolahing kalbu, yekti amung angengeti, mring lepasing pati uga,
kasukana wibawa di, lah puniku kang kinarya, kalangenan reh dumadi.
Mangkana ta wuwusipun, sang Parta mring Padya resi, ya ta aris, saurira,
Sang Padya mring Mintaragi, heh robaya pakenira, kalingane kang kinapti.
Karsa pakenira iku, ewuha ya sun wastani, awon-awoning dumadi, yen
wong nurut panca driya, tapanira tanpa dadi.
Rangu-rangu temahipun, eklasing tyas durung yekti, kang sinebut sang
pandhita, apa durung tama yekti, mungsuhira pancadriya, teka sira parepeki.
Pakenira ndadak iku, panca den turuti, ametengi manahira, kasor dening
donya iki, paran wosing karsanira, de sangsaya anemahi.
Mangkya malih denya muwus, Sang Padya mring Padya mring Parta resi,
heh robaya wruhanira, yen kasengsem boga ugi, yekti awon temahira,
satuhu lir sato urip.
Amung pangan kan den luru, upamane kaya ugi, uwong tuwa buru ika,
datan wonten karyeng malih, amung amet buron wana, dadya sima lamun
mati.
Dene karem neng wana gung, de wong tuwa rawa iki, datan ana karyeng
liyan, mung ngupaya ulam warih, dalu siyang ngambil mina, iku benjang
lamun mati.
Pasthi dadi buwaya gung, traping pati tan patitis, kelut marang
panggaweyan, yekti awon kang pinanggih, lamun sira kasengsema, mring
panggawe iku sirik.
Mangkana ta wuwusipun, Resi Padya dennya mangsit, Risang Parta duk
miyarsa, sajroning tyas lir jinait, sru kakenan Mintaraga, mireng sabdeng
Mahrsi.
Liring sabda Mahawiku, kasantikaning dumadi, kendel dereng mangsulana,
wau kalane miyarsi, sajroning tyas ewuha ya, enget guru denya meling.
Dipayana mahawiku, wewekasnya duk ing uni, duk umangkat mara tapa,
kaki Parta dipun eling, lamun sira mara tapa, nunuwana Jawata di.
Prayoga kang sira suwun, kadigdayan ing ajurit, ing tembene kaki Parta, ana
wiku ingkang prapti, anuduhken kawruh brata, ing kamuksanira kaki.
Ya ta Parta gya sumaur, datan panjang amangsuli, cekak aos saurira, dhuh
pukulun Mahamuni, lulus ingkang pangandika, ananging ta ulun mangkin.
Boten keni estunipun, mring kamuksan angondeli, marmanipun kula tapa,
kabyataning tresna mami, dhuh robaya tresna kula, inggih dheteng ibu sori.

www.alangalangkumitir.wordpress.com
Oleh : Mas Kumitir

www.alangalangkumitir.wordpress.com
Oleh : Mas Kumitir

18

Lawan kadang-kadang ulun, Darmawangsa lan para ri, ingkang ulun
tapakena, kadigdayan ing ajurit, digdayaa ing ayuda, ywa kasoran lamun
jurit.
Dhuh robaya milanipun, tapa minta jayeng jurit, arsa males lara wirang,
mring Korawa ingkang drengki, agung denya karya wirang, marang kadang
warga wibi.
Risang Parta malih muwus, dhuh pukulun atur mami, marmanipun kula tapa,
kang manira tedha ugi, inggih marang ing Bathara, kasantikan ing ajurit.
Lawan malih kula ayun, amamayu jagad nenggih, angreksa mring paraita,
paraita den jarwani, angecani manahing lyan, wong sapraja arseng galih.
Lah puniku estunipun, ingkang ulun tedha ugi, mring Bathara kang inulya,
sanget sedayaning ati, rinewangan mati raga, teki-teki wonten ngriki.
Lamun estu datan antuk, Hyang Bathara tan ngideni, sedyanipun kawlas
arsa, datan mantuk awak mami, leheng pejah neng pratapan, Risang Padya
trustheng galih.
Sakalangkung sukeng kalbu, Risang Padya denya myarsi, mring wuwuse
Mintaraga, Risang Padya tandya nuli, ilang warneng Resi Padya, wangsul
kadi wingi uni.
Pulih Sanghyang Endra wujud, wau ta duk wus udani, Risang Parta atur
sembah, gya sinambut asta kalih, Sang Harjuna de Hyang Endra, sarwi
ngling Hyang Endra aris.
Heh putrengsun sira kulup, kaki Parta ingsun iki, nulusaken bratanira, iya
emeh prapta iki, Sanghyang Siwah nedhakana, yun nupiksa sira kaki.
Sanghyang Endra malih muwus, sung wawarah denira ngling, mring Harjuna
pan mangkana, heh ta kaki Parta nguni, iya ingsun wus utusan, widadari
prapteng ngriki.
Dene lakunira iku, sagung para widadari, ingsun utus angrencana, marang
tapanira kaki, nanging sira kaki Parta, wus kawasa amateni.
Panca driyanira iku, tuhu luwih ing sasami, sasamaning pra pandhita, satuhu
lamun ngluwihi, sami datan antuk karya, dutengsun pra widadari.
Nggonirarsa paksa ayun, angasorken sira kaki, heh putrengsun Mintaraga,
saulihku saking ngriki, dipun tetep tapa brata, pesunen ing siyang ratri.
Mring Bathara kang linangkung, tulusena asemedi, iya ingkang sira tedha,
mring Bathara aywa gingsir, parandene si meh teka, Sanghyang Rudra
andhatengi.
Wis kariya putraningsun, kaki Parta ingsun mulih, iya marang ing Kayangan,
tandya Risang Parta nuli, ngabekti mring Sanghyang Endra, wus kapungkur
dennya meling.
www.alangalangkumitir.wordpress.com
Oleh : Mas Kumitir

www.alangalangkumitir.wordpress.com
Oleh : Mas Kumitir

19

PUPUH V
PANGKUR
Sanghyang Endra mesat sigra, ngawang-awang uwus datan keksi,
edengane ingkang kundur, Hyang Endra mring Kayangan, kawarnaa Sang
Harjuna ingkang kantun, saya sanget nggennya tapa, yoga brata asemedi.
Kadi guna yoganira, kang kariyin yogane mangkin, panganiya Sang
Pandhusunu, pamrihing yoga brata, mrih turuning nenggih Hyang Bathara,
semadine Sang Harjuna, langkung brata mati ragi.
Kadyangganing wong anguswan, ing tegese wong nguswan ngajar nenggih,
dene ta wong ngagar iku, tan kemba pangagasnya, yekti norametu kukus
geni iku, mangka cipteng Sang Harjuna, ingsun iki asemadi.
Lamun ingsun leledaa, masa ndadak katurunan Hyang Hening, lah iya ta
semadeng sun, kayapa yen ta setya marmanipun sinanget semadinya sru,
sigeg gantya kang winarna, ingkang muja mati ragi.
Kawangun amengsah ditya, sang Niwatakawaca sura sekti, Ngimaimataka
kang yun, marang ing Suralaya saha, bala tuwin tatabuhan umung, nayaka
lan mantri muka, jajahan den osak-asik.
Wawangkoning Suralaya, dening mengsah danawa ingkang prapti, dadya
ewah ing tyasipun, wau Sang Batharendra, pan angangge upaya sandi
puniku, upayane ngangge sira katrine wong Suranadi.
Amangangge busana bra, sinugeken mring yaksa narapati, de kang
sinungaken wau, Pameret neku lawan, pathamuni iya widadari ayu,
sapraptane aneng ngarsa, leges yaksa raja uning.
Pra danawa pan uninga, yen upayeng dewa prapta puniki, danawa lingireng
kalbu, sembawa pra Jawata, tan prasaja iya kakarepanipun, upayaning
Batharendra, samudananira mathis.
Enengena lampahira, Sang Niwata kandheg lampahira ris, wau gantya
winuwus, nalika Sang Niwata, duk miyarsa wartane pra Jawata gung, katur
mring sang prabu yaksa, ywen Sang Parta kang teteki.
Atapa Indrakila, tuk nugraha saking Sangghyang Pramesthi, mangke pinet
sraya iku, dening Sang Batharendra, nulya wau Sang Niwata dhawuh
gupuh, ngawasna lan mejahana, Sang Harjuna kang teteki.
Sigra pangkat kang ingagnya, punggawa wil Momongmurka wawangi,
lampahe datan winuwus, praptane ing Drakila, Momongmurka mider-mider
aneng gunung, praptane Sang Harjuna, ingupaya tan kapanggih.
Kaweken tyas Momongmurka, ngosak-asik meksa datan kapanggih,
pratapaning Mahawiku, tyasira sang raksasa, apa arsa angrubuhaken kang
gunung, Ngendrakila paasraman, Momongmurka sira nuli.

www.alangalangkumitir.wordpress.com
Oleh : Mas Kumitir

www.alangalangkumitir.wordpress.com
Oleh : Mas Kumitir

20

Temah warna kang sukara, lir prabata ageng kagiri-giri, kat gadeng tyas
sedyanipun, pan arsa ndhungkir arga, yen raksasa ingkang birawa puniku,
tan lyan mung Sang Kumbakarna, yen sukara geng Kagiri.
Pan amung sang Momongmurka, tan pra beda lan Kumbakarna warni, beda
dene mbrangkang iku, lan ngadeg yen raksasa, Kumbakarna ngadeg
langkung agung luhur, momongmurka pan rumangkang kadi arsa ndhungkar
wukir.
Horeng gunung Endrakila, asru gograk guntur anggran ing wukir, geger
sakehing wong gunung, sedaya bilulungan, panyiptane kadi gunung arsa
rubuh, lindhu horeg lir prakempa, guwa rengat ingkang kori.
Yata wau katingalan, ing jro guwa dening Sang Mintaragi, sukara geng
langkung luhur, dutane Sang Niwata, ingkang prapta risang tapa gupuhgupuh, mijil sarwi ngiwa raras, sarotama kang cinangking.
Risang Parta wus uninga, sasolahe kang paksa salah kardi, ye kang warna
sukara gung, kang paksa weh ruhara, kadhetengan drubiksa patapanipun,
nulya sira aprayitna Sang Bagawan Mintaragi.
Gya menedi kang kawaca, lawan rukuh makutha datan kari, menget lamun
wraha iku, kadadyan saking ditya, dutanira Sang Niwata maka prabu, tan
antara sigra prapta, bayu braja anelahi.
Lir pinusus ingkang wreksa, kathah ambruk tanpasesa lir besmi, apan iku
prabawa gung, Bathara Nilakantha, praptanira saking kahyanganipun,
mangkana duk tindakira, sing kayangira aglis.
Sanghyang Siwah duk samana, lampahira ingiring Jawata di, watak sanga
ndherek sagung, saking ing Klesapurwa, marma mendra saking ing
kayanganipun, Sang Bathara Nilakantha arsa miyat Sang Pamadi.
Nggennya mesu puja brata, alalayu denira mati ragi, yen Sang Parta
bratanipun, sinekti luwih tama, mangkana ta Hyang Siwah ing praptanipun,
anyarengi praptanira, ditya ingkang salah warni.
Ditya kang warneng sukara, Sanghyang Siwah lingsen ratu cangkrami, lire
ratu ambuburu, mbuburu buron wana, kang sarwi nyangking raras adi.
Lampahe kang lingsen raja, pan ingiring lawan pra dewa resi, Sanghyang
Siwah lampahipun, mimba nata mbebedag, graitane Sang Parta sangsaya
wuwuh, wigenane manahira, tan dya mangsah anglekasi.
Nglepasaken risaksana, sanjatane Sang Harjuna ngenani, sukarane wus
kacundhuk, pareng lan panahira, Sang Bathara Mertyujiwa gya tumurun,
kang sukara kapisanan, dadya sareng angeneni.
Sawusira sru lumepas, jomparinge Sang Parta angeneni, lan Bathara
Siwahipun, jemparing ugi kena, kang waraha keni pyuh anunggal tatu,
dadya kalih panah dibya, pan anunggil dadi siji.

www.alangalangkumitir.wordpress.com
Oleh : Mas Kumitir

www.alangalangkumitir.wordpress.com
Oleh : Mas Kumitir

21

Samana den sidhikara, kang warastra dening Sanghyang Pramesthi, wus
awujud siji kang hru, Sang Parta arsa mecat, sanjatane saking kanin wraha
iku, nulya Sanghyang Siwah mojar, heh Ki Ajar aywa gipih.
Apan iku sanjateng wang, lah pa gene iku yun sira ambil datan yogya
tingkah iku, sayekti wasa-wasa, kang sira mek yektine sanjata ingsun, lah Ki
Ajar apa ilang, gennya brata teki-teki.
Dene kathah tapanira, iya aneng gunung Drakila iki, teka tana utamamu, lir
ambek wong walaka, tur durjana pandhita lakunira dur, endi nggone wiku
tama, marma lekas sira iki.
Kaya dudu wiku arga, lan maninge sastra apa raneki, ora aneng sariramu,
satemah hir kewala, iya saking lekas sirakang tan ayu, heh Ki Ajar kaya apa,
lah wong apa den guroni.
Ngucap malih Sanghyang Siwah, heh Ki Ajar iya wruhanireki, iya gurunira
iku, kalebeng wong cintraka, saking sira kang aweh cintraka iku, marang
guru kang utama, tur ta gurunira yekti.
Masa sung awarah ala, marang sira iya guru sejati, mengko sira nuta patut,
warahing gurunira, pasthi sira tan ngalangi buroning sun, datan anut mring
guru di.
Nganggo ambek murang tata, kang mangkono ajarmu marang ngendi, wau
ta duk myarsa wuwus, sabdane Sanghyang Siwah, Sang Harjuna sek peng
karna tegesipun, sek peng kuping karna, kebek karneng Sang Pe