SERAT MADURASA

www.alangalangkumitir.wordpress.com
Oleh : Mas Kumitir

1

SERAT MADURASA
Program digital ini dikembangkan untuk melestarikan dalam mendukung
proses pelestarian sastra daerah di Indonesia. Hasil dari program digital ini
berupa karya sastra Jawa yang disalin dalam bentuk teks digital format pdf.
Semoga tujuan blog www.alangalangkumitir.wordpress.com adalah menjadi
salah satu sumber digital karya-karya sastra Jawa dapat dibaca, ditelusuri
atau diunduh oleh para sutrisna budaya ataupun masyarakat secara bebas.
Salam asah asih asuh.
Nuwun.
@@@
Ca-capan I
Tahun 1985
Penerbit Yayasan Djojo Bojo Surabaya
PURWAKA
Layang MADURASA iki jangkepe layang JATIMURTI lan MADURASA, kang
wis nate katerbitake dening Toko Buku Tan Khoen Swie ing Kediri, seket

tahunan kapungkur, wujude cap-capan nganggo aksara Jawa, saiki katedhak
mawa aksara Latin, supaya tebane luwih omber.
Sarehne isi bab RASA, dadi ya wis samestine yen rinasakake klawan
weninging ati. Mula sadurunge maos buku iki, prayoga nyatitekake
pamrayogane sing yasa layang iki.
Penerbit Yayasan Djojo Bojo
Surabaya
PENGET
1. Saben nembe kawaos, kasinggahna, sampun kaselehaken saenggenenggen.
2. Sampun kawaos dening sok tiyanga, ngemungna ingkang remen saestu
ngudi kawruh kabatosan.
3. Ingkang sampun maos, sanajan mangretosa sarta remena, sampun kaangge ngendikan kaliyan sadhengah tiyang.
Sinten ingkang kersa netepi pepenget punika, kalebet nama mundhi utawi
ngluhuraken kabatosanipun piyambak.

www.alangalangkumitir.wordpress.com
Oleh : Mas Kumitir

www.alangalangkumitir.wordpress.com
Oleh : Mas Kumitir


2

PAMRAYOGANE KANG GAWE LAYANG IKI
1. Dhisike diwaca granbyangan satamate.
2. Di baleni saka wiwitan kanthi alon lan sareh.
3. Yen wis tamat kapindhone, disinggahake. Pamacane kang kaping telune
lan sabanjure : ora prelu urut.
4. Sanajan wis tamat ping telu ping pat, disinggahna kanggo simpenan.
Wiwitane ora terang swasanane. Nanging yen kerep disinggahake lan diwaca
titi sarta lestari pamarsudine, sangsaya lawas sangsaya mundhak terange.
Sinengkalan : kaweruh Raras Basuki Tyas.
Perangan 01
PAEDAHE NGUDI KAWRUH KASAMPURNA.
Ngudi kawruh kebatinan iku aja digalih mung kanggo mbesuk bae, nanging
kalane ana ing alam ndonya ya perlu, supaya oleh pandom lan diyan (obor)
ing sajroning ati, kang bakal nuduhake dalan kang bener lan padhang, tumrap
panggawe apa bae.
Ngudi kawruh kasampurnan manawa temen ing pangudine ing saselot-selote
bisa oleh sasmita ing rasane, adoh rubeda ing atine. Rubeda ing ati iku,

kayata :
 Geleme tetulung kagawa ing pamrih dialembana utawa sebab oleh kasil.
 mBuru bandha, lali marang Iman.
 Golek bener, kliru golek menang lsp.
Wong adoh angkarane : akeh adheme, kepenake lan tentreme. Ragane ora
enggal rusak kang jalaran kakehan geni (nafsu), lan ora engga rusak kagawa
pambandhanging jaran (pancadriya).
Wong ngudi kawruh kasampurnan, kekarepane kang linakonan salawase,
tansah gumolong NUJU MARANG TEKADE.
Arang pradondi sajroning atine kaya kang dhemen solan-salin karep kang sijisijining karep ora nunggal tuju (nunggal laras). Ilining cipta ora kakehan
enggok, lan ora pating sareweh, lan ora kuwur kaya banyu kerep diubak-ubak
sarta ora mambeg.
Wong kang temen-temen pangudine marang kawruh kasampurnan, apa kang
linakon kerep benere, akeh becike, cepak rahayune, adoh bilahine, marga :
wis cedhak kang ajak rahayu, iya kang ora tau luput.
Mungguh yektine, kareping manungsa iku, ana kang thukul saka nafsu kang
becik, ana kang thukul saka nafsu kang ala, ana kang thukul saka : Rasa.
www.alangalangkumitir.wordpress.com
Oleh : Mas Kumitir


www.alangalangkumitir.wordpress.com
Oleh : Mas Kumitir

3

Mula banjur ana karep kang manut pituduhing Budi, ana kang manut pituduhe
angen-angen kang lagi peteng, katarik dayane roh peteng (roh kewani), ana
maneh panggawe kang tumindake saka dayaning roh kewani thok-thok
(ninggal angen-angen), iku kabeh tumraping wong kang ngudi kasampurnan :
dirasak-rasakake lan dititeni.
Penget : Angen-angen iku dadi ratuning pancadriya, iku kang kuwajiban
mbedadkake ala lan becik bener lan luput.
KAREP kang becik iku pangajaking nafsu Mutmainah, nanging kabeh nafsu
ora kabageyan sumurup marang BENER, awit bener iku bageyane BUDI (
kang tuduh marang bener).
Karep kang becik kanthi wewaton kang bener mau : iya durung mesthi perlu
linakonan utawa bakal rahayu (widada), dadi kudu prayitna marang
sasmitaning RASA (tukang tuduh rahayu) nuntun marang kawidadan sarta
perlune linakonan, apadene ngrasa marang wewengkone (wajibe).
Mangkono uga, bisane manungsa weruh ing : deduga, prayoga, watara, kirakira, riringa, subasita, awas ing semu, prayitna, weweka, eguh, tangguh,

sapanunggalipun. Ya saka panuntun RASA.
Saya cedhak karo Rasa, saya mumpuni ing duga prayoga, sarta saya
sathithik malesete anggone kira-kira.
Ringkese mengkene :
Ora mung akherat bae kang ana panasaran, ing ndonya uga akeh panasaran,
begalan sarta rubeda, kang dunung ing atine manungsa. Mula saka iku perlu
nganggo pandom lan diyan. Wujuding pandom : RASA, wujuding diyan :
BUDI. Bisane weruh pituduhing Budi lan Rasa, yen manungsa ngudi kawruh
kasampurnan, sabab ngudi kawruh iku wataking BUDI lan RASA.
ΘΞΘ
Dipunsami ambanting sariranira, cegah dhahar lang guling, darapon sudaa,
nepsu kang ngambra-ambra, rerema ing tyasireki, dadi sabarang, karsanira
lestari.
Perangan 02
AWAD-AWAD karo IYA.
Kang dadi cacading wong urip iku kang adhakan : alehe awad-awad utawa :
nggorohi atine dhewe.
Padune dhemen nyandhing bandha, banjur gawe weweton mangkene :
“Wong urip wis wajibe ikhtiar golek pangan, ngopeni kaskayane, kanggo
rumeksa marang ragane, sarta anak bojone. Ngendi ana wong emoh

duwit, ngendi ana wong nrima. Wong kang koncadan bandha mesthi
kuwur pikire, thukul pikire kang ala”.

www.alangalangkumitir.wordpress.com
Oleh : Mas Kumitir

www.alangalangkumitir.wordpress.com
Oleh : Mas Kumitir

4

Wewaton kang mangkono iku dhasar bener banget, nanging apa ora ana
bedane : awad-awad karo sejati. (Seksi, katrangan apa ora ana?).
Nadyang wong urip diwenangake ngopeni kadonyan, nanging wong atine
madhep marang donya karo kang madhep marang Allah iku, katon banget
bedane :
 Wong madhep marang Allah, akeh tumakninahe, wong kang madhep
marang donya akeh pangangsa-angsane.
 Wong madhep marang Allah akeh sabare, wong kang madhep marang
donya akeh nepsune prakara bandha.

 Wong kang madhep marang Allah akeh eling marang panggawe becik lan
rembug becik. Wong madhep marang donya akeh laline, akeh emohe.
 Wong kang madhep marang Allah akeh sumeleh, panarimane lan sukure.
Wong madhep marang donya akeh panggrangsang lan pangresulane.
 Wong madhep marang Allah akeh adhem kepenake, wong kang madhep
marang donya akeh sumuke lang panguneg-uneg.
 Wong madhep marang Allah akeh asihe marang sapadha-padha. Wong
madhep marang donya akeh gething lan drengkine. Yen dhemen lan asih,
marga ana pamrihe.
 Wong madhep marang Allah, pilih mlarat katimbang rusak Imane. Wong
madhep marang donya pilih sugih ora perduli marang Iman.
Mangkono sapiturute.
Wose : becik kang eling, sawiji tekade (ora goroh). GOROH iku ana lair ana
batin. Goroh batin iku : awad-awad, akudhung wewaton. Iku kang nggorohi
marang uripe dhewe.
Muga-muga wong urip dibisa ngrasa : isin lan wirang marang uripe dhewe.
Amin !!!!!!!!!
ΘΞΘ
Yen wis bisa mbedakake rasa rupa-rupa,
jalaran saka sregep ngrasakake,

karo NITENI iku diarani : PRAYITNA.
Sawise bisa mangkono, banjur misah-,
misahake kang ala lan kang becik,
Kang ala ora kanggo sarana dilalekake,
dene kang bener diurip-uripake,
dene kang bener diurip-urip,
yen wis bisa misah mangkono iku,
arane : WEWEKA.
Sawise kapisah-pisah, kang becik
lan kang bener ditata
diempakake dayane
yen wis bisa ngupakara
www.alangalangkumitir.wordpress.com
Oleh : Mas Kumitir

www.alangalangkumitir.wordpress.com
Oleh : Mas Kumitir

5


kang becik lan kang bener manut
mesthine, karan : WIRAGNYA.
(Serat Madurasa)
Perangan 03
AJA LALI MARANG JEJER
Purwokanthi (lagu dolanan)
E, dhayohe teka
E, gelarna klasa
E, kasane bedhah
E, jadahe mambu
E, pakakna asu
E, asune mati
E, buwangen kali
E, kaline banjir
E, buwangen pinggir.
Lagu dolanan kasebut dadi pasemoning manungsa kang lali marang jejere.
(Wong jejere nemoni dayoh, bareng weruh jadah mambu, lali dhayohe, sing
dipikir : jadah. Bareng weruh asu mati, ka-elingane mung marang asu, lali
marang jadah).
Manungsa kang uripe suwung tanpa tekad, ya ora sumurup marang jejere,

enggone urip ing alan donya. Temahan ora ngerti marang tegese kang
linakon ing salawas-lawase.
Lire : enggone solan-salin kekarepan, ora nganggo eling marang kekarepan
kang dhisik, ketumpangan karep anyar banjur ketumpangan maneh, dudu
teruse kang dhisik..............!!
Mula dibiso nggoleki jejering urip ana ing alam donya sarana tekad.
Sabanjure sabarang kang kinarepake, tujokna marang tekad mau. Jer tekad
mono poking karep. Iku gandhulana kang kukuh, oja kalah karo karepmu,
aja kelu dayaning donya (aja kagetan, gimiran, slewang-sleweng). Sanajan
raga katuta ombaking jaman, rosing rasamu dikukuh tansah elinga marang
jejer.
Arang wong temen wong kang kelar nanggo kekencengane dhewe.
Kang akeh : kagetan, gemiran, slewang-sleweng, dupeh kudu manut
ombaking jaman.
LELAKONE manungsa, nggone urip ngalan-alam lan nggone lali marang ajal
kamulane, temen agawe ngungun (nggumunake) dak gawe pepindadhan
kaya mangkene :

www.alangalangkumitir.wordpress.com
Oleh : Mas Kumitir


www.alangalangkumitir.wordpress.com
Oleh : Mas Kumitir

6

KANG maca layang iki dak upamake nitih sepur, bakal kondur ing ndaleme
(upama : Madiun). Ana ing sepur bebarengan sanak sadulur kang padha asih,
nuli midhanget rembug warna-warna.
Ana sagolongan kang ngrembugi mangkene :
“Mas, ayo padha mudhun ing anu bae bareng lan kita kabeh nonton
wayang, dalange saka kraton, apa maneh kangmas diarep-arep para
mitra liyane.............”
Nuli ana golongan ngajak mangkane :
“Menyanga Purwareja bae Mas, nakal akeh banget bathimu kawruh,
jalaran bisa ngstreni sapatemon karo para jamhur ing babagan
kawruh batin, kaya kang kok karepake”.
Sagolongan maneh, mangkene :
“Prayogi mandhap ing Surakarta kemawon, mriksani Sriwedari,
wonten bioskop, ringgit tiyang, gedong museum ingkang isinipun
sarwi endah.........”
Ana siji maneh sing ngandika mangkene :
“Dhimas, kabeh ojo kok galih, mundhak gawe bingung, luwih becik
nuruta rembugku, mudhun ing........, dene perlune........ aja mundhut
priksa dhisik, mengko dakbisiki sajatining sid............”
Nuli ana maneh, ana maneh kang luwih ndudut ati lan sapiturute.
Yen upama ana lelakon kang mangkono, kang endi kang diturut?
Prakara ngrungokake lan ngladeni caturing wong, wis wajibe kanggo
netepi tatakrama, nanging aja nganti lali marang jejer, yaiku kondur
menyang Mediun. Ora kena nyaleweng.
Golek kapenak lan seneng sawatara ana ing sepur, ya diwenangake
kayata : nata palungguhnan, pasendenan, nanging aja kongsi
kebanjur yasa (gawe) pasareyan ana ing sepur.
Enggone manut pranataning sepur, marga wis kebanjur ana ing
sepur; enggone golek kapenak seneng SAWATARA ana ing sepur,
sabab dadi pikuwat kalane isih ana ing sepur, nanging enggone
ngrasakake kabeh mau kudu kumambang. Lenging ati mung arep
menyang Madiun, thok.
Netepi pranataning sepur lan golek seneng sawatara, iku kadadekake
pipindhan, anggonmu urip ana ing ngalam donya, diwenangake golek
bandha, kapinteran, pangkat golek kapenak lan seneng, ngopeni anak bojo,
kudu kumpulan, duwe dewe, nata omah nyandhang patut, mara dhayoh,
nyenengake dhayoh....... salawase ana ing ngalam donya (pirang taun, apa
lawas?) kang sawatara mangsa engkas bakal ganti alam, ninggal alam
donya. Kaya wong nyepur, ninggal sepur.

www.alangalangkumitir.wordpress.com
Oleh : Mas Kumitir

www.alangalangkumitir.wordpress.com
Oleh : Mas Kumitir

7

Ninggal palungguhan (pasarean) kang ditinggal ana ing sepur.
Yagene ana ing alam donya kok kliwat dhemene marang kadonyan? (kaya
bungahe wong ngimpi oleh duwit, bareng nglilir, digagapi tangane kothong).
Wong kang lali marang Allah (kenceng panyekele marang donya) iku kaya
wong kaya ana sajrone sepur kang lali bakal medhun negendi?. Iku isih
becik, isih klebu wong gelem golek ngelmu, balik wong kang babar pisan ora
eling prakara sukmane, iku padhane wong numpak sepur kang lali yen
mengko kudu medhun, bungah-bungah disengguh sepur iku bakal omahe
(Alame). Wong-wong kang ana ing sepur disengguh kancane nunggal
saomah (dadi lali wiwitan, ora mikir kapriye pamburine). Iya bener wong-wong
padha amor dadi sak enggon kaya batin tunggal sak omah, nanging ancase
(lenging atine) ora padha, ana kang arep mudhun Yogja, ana Sala ana kang
arep menyang Semarang lan sapiturute. Dadi enggone awor mung sadhela,
bareng pisah ora temu-tinemu maneh (tangeh bisane ketemu) kaya ana ing
sepur kaya iku, lan pepake kang kepethuk kaya iku, sawise padha pisahan
lawas, tangeh kepingine marang sepur maneh. Saya tangeh maneh kapingine
kepethuk ana ing sepur kang pepake kaya iku maneh. Dadi ya mung kalane
kami sspuren bae kang karepa kumudu-kudu kaya iku.
WONG sajroning sepur anggone padha duwe ancas, kaprayitnan lan
weweka, dadiya tuladha wong ana ing alam donya, ya kudu duwe tekad,
kaprayitnan lan weweka, aja kongsi ketungkul kedonyanen.
ENGGONE padha kumambang ngrasakake kahanan sajrone sepur uga dadia
pipindhan : wong ana ing donya kudu mung kumambang enggone
ngrasakake kahanan donya. Kayata : wong nuduhake kabregasaning awak
ana ing sajroning sepur marang kancane kang padha kumambang atine, iku
enggone ora paedah uga kaya wong donya ngegungake pangkat, pangaji-aji,
pangalembana, marang kancane kang bener bebarengan nunggal jaman, ora
mupangati apa-apa, sawise ninggal ALAM DONYA.
SADHELANING wektu ana ing sepur lan adohing pisahe, saungkure saka
sepur : uga dadi pepindhan gelise ana ngalam donya lan enggone ora
ketemu-tinemu saungkure ing donya.
Wong kang lali udhune saka ing sepur, iku samangsa mudhun mesthi klereu,
kayata : mudhun sadurunge tekan ing MADIUN.
Satekane ing stasiun kang dudu Madiun, tindak nggoleki dalem lan barang
kangungane : tangeh lamun pinanggiha.
Wong numpak sepur lali yen bakal mudhun, ora mung kesasar bae, udhune
nganggo kaget. Lagi dhemen-dhemene yasa pasarean lan tetemon karo
bathine : dipeksa mudhun dening kondektur. Mudhun saka sepur, isih
kumudu-kudu nggoleki pasareane lan kancane mau (sepure wis budhal adoh)
: tangeh lamun kapethuka, nadyan sakiwa tengening stasiun diubres karo
brebes mili.
www.alangalangkumitir.wordpress.com
Oleh : Mas Kumitir

www.alangalangkumitir.wordpress.com
Oleh : Mas Kumitir

8

Sarehne wis lali karo jejere lan ora prayitna bakal pamburine, tangeh yen
nggolekana daleme ing Madiun.
Apa tegese kang linakonan ing wektu iku lan kapriye dadine lelakon kang
mangkono : ora sumurup lan ora nggraita, ewa dene : ora kepingin sumurup
lan ora golek panggraita. Sarehne pasarean lan kancane digoleki lan
ditangisi meksa ora ketemu, kapriye maneh, iya kluyar-kluyur embuh parane.
Dak upamakake : banjur priksa wong akeh pirang-pirang golongan padda
rame-rame, banjur nyedhaki, priksa wong bungah-bungah, ana kang main,
ana kang rembungan, padha golek butuhe ddewe-dhewe.
KANG rawuh saka sepur : kelu marang salah sawijining wong gegolongan,
kayata : melu ngrasakake seneng wong nguthut kertu, nyemak ana mburine
(ora niyat ngalih saka kono, dening kecancang senenge nyemak kartu lan
ngrungu swaraning wong gumuyu ger-geran), kaya-kaya sajagad ora ana
seneng kaya iku. Ora ana panggonan kang ngrasakake kajaba mung ing
kono (wis supe pasareane lan kancane dhek mau, lan wis supe jalarane ana
ing kono, dadi lali sangkan miwah paran), lali ngendi daleme, disengguh iku
daleme, ora ngraita : apa iya apa dudu, ora ngrasa yen cilaka. Mangkono
gambar kahanane wong ana ing alam donya.
Dhuh sedulur kang lagi lali, miyarsakna sindhen : eman-eman (dhuh
kusuma) asaling manungsa iku luwih dening luhur (eman).
ΘΞΘ
Perangan 04
ANCER-ANCER SATHITHIK
WRUHANIRA ing angganing manungsa ana kang tansah eling ngrasa
marang jejer; yaiku : rosing rasaning manungsa, kang aran : RASUL. Iku
kalimput katutupan nafsu, kang wujud pancadriya.
Tekaning pancadriya (angen-angen, nafsu, kekarepan) iku bareng karo laire
manungsa. Iku kang ngajak kerem marang donya, ngajak lali. Yen
kasucenan, kalalantih bisane meneng, manut marang rosing rasa, iku rosing
rasaning manungsa sangsaya lawas sangsaya krasa, kaelingane marang
manungsa sangsaya terang, ing wasana bisa eling lan ngrasa marang purwawasana, ing kono manungsa kadunungan rasa nem-warna : 1. Ngungun, 2.
Getun, 3. Keduwung, 4. Nalangsa, 5. Sukur, 6. Tresna.
NUNGUNG : dene kok mung sepele bae kang diburu manungsa iku.
GETUN : dening kalimpute manungsa sarta cidrane kang dirungkebi.
KEDUWUNG : dene ngrasa banget lawase anggone lali, lan anggone nerak
wewalering uripe dhewe, anggone sereng duraka marang uripe, lsp.
www.alangalangkumitir.wordpress.com
Oleh : Mas Kumitir

www.alangalangkumitir.wordpress.com
Oleh : Mas Kumitir

9

NALANGSA : dene lawas nandhang papacintraka ana ing pepeteng lan
panggonan asor.
SUKUR : dene wis eling marang uripe, rumangsa yen dheweke iku satemene
luwih dening luhur. Kawasa lan sugih tanpa timbang.
TRESNA : marang date, ya uripe kang satemene, ya kang nguripi jiwa
ragane, iya BAPA BIYUNGE NYAWANE KANG SABENER-BENERE, iya
ANANE DHEWE KANG SATEMEN TEMENE.
Ing kono ngrasakake tresna kang ora kena kinaya ngapa, rasa liya-liyane
larut kabeh, kendhih dening TRESNA, jagad sap pitu kebak dening TRESNA.
Mulane den eling marang JEJER.
Dalan marang kaelingan :
1. nyunyuda tumangkare nafsu hawa.
2. taberi ngupaya undhaking pangerti.
3. nggegulang rasa tresna.
ΘΞΘ
Perangan 05
BEDA-BEDANING DHAYOH
karo sing duwe omah
RASANING manungsa warna-warna : lara, kapenak, bungah, susah,
dhemen, gething, legi, pahit, linu, pegel, asin, wangi...... kehe tanpa wilangan.
Iku kabeh rasa kang lunga teka, lire : ora ana, ora manggon.
Rehne lunga teka, kena diumpamakake dhayoh. Dadi manungsa kedhayohan
ing sajroning atine sadina-dina. (E, dayohe teka).
Rehne ana kang lunga teka, iya ana kang tansah manggon, ajeg anane
(yaiku kang duwe omah) kang nekseni sawarnane kang lunga teka mau.
RASAKNA (ematna) bedane kang ajeg anane karo kang teka, ing sajrone
melek utawa turu. Yen rada katemu karo sing ajeg anane mau, cekelan kang
kenceng. Gandhulana kang kukuh, etutna, aja nganti kelangan lari. Yaiku
kang wajib kok tut saiki lan mbesuk. Marga yaiku kang tuduh marang rahayu
lan kang perlu kok lakoni, tur ora tau luput. Yaiku kang tukang ngajak : eling
bener, rahayu, nikmat, mumpangat ing donya lan akherat.
Kepriye enggone nggoleki? Yaiku kang ora gampang, awit kudu tlaten
ngruruh sangkaning ririh, sarana taberi ngrasakake, nandhing-nandhing lan
niteni, kanthi titi, surti, ngati-ati.
Uger-ugere : santosa ing budi.
www.alangalangkumitir.wordpress.com
Oleh : Mas Kumitir

www.alangalangkumitir.wordpress.com
Oleh : Mas Kumitir

10

Oleh-olehe niteni dianggo gegeran mbanjurake pangudine. Yen wis oleh
pawitan samenir : diurip-urip murih mundhake dadi saklentheng, sabanjure
diurip-urip dadiya sajagung, saklungsu lan sabanjure.
LAKUNE : taberi ngenebake banyu, kang nguripi sakehing rahsa kang pating
sliwer pating gronjol kaya iwak ing siwakan (nentremake ati).
Sok uga kerep menebe, siji-sijining kahanan sajrone banyu katon silah-silah.
Saya bening, saya terwaca, kang ing kono banjur bisa nandhing-nandhing lan
niteni, endi kang dudu lan kang iya.
Saya lerem ubaling nafsu, saya katara. Salereming nafsu kari PRAMANA.
Manungsa kang sregep nggoleki pramanane, nadya durung nganti ketemu,
ewa dene nadyani marang lelakone kerem benere, akeh elinge, cepak
rahayune.
ΘΞΘ
Perangan 06
ORA ANA PANGLIPUR KANG ADEME
KAYA NGADHEPAKE ATI MARANG ALLAH
WONG kang nafsune lagi ngambah dalan saka mlarat marang sugih, kang
dirasa mung prakara : mlarat karo sugih.
Bungah lan mareme yen bisa sugih, susah lan nggrangsange yen isih mlarat.
KANG isih mlarat ngunandika : O..., aku kok ora sugih kaya si anu, omahe
gedhong kebak isine, seben dina nunggang montor, plesir karo anak bojone,
panggone sarwa endah, nggembol dhuwit akeh, parine pirang-pirang
lumbung, sawahe pirang-pirang bau, pekarangane amba, akeh karang kitri
karang-kirnane, ndhadekake kajen-keringane ing saenggon-enggon..............
Ah, mangsa ana kabegjan kaya wong sugih.
Dak upamakake : kang ngresula lan meri wau wis klakon dadi sugih, sawise
menganggo sarwa endah banjur jagong ing omahe penggedhe, kumpulan
karo priyayi, nanging lungguhe ana ing papan kang seje, sarta ora pati
digape, marga asor pangkat lan asline. Ing saiki apa kang katon ing nafsune?
Dalan saka mlarat marang sugih wis diungkurake dening atine, wis ora katon
ing pangangen-angen maneh, mung dalan saka asor marang luhur, katon
nyolok mata. Iku kang dadi gagasan, thukul pangresulane : O, Allah, puluh
ngangoa benik mas, tretep jalebrah, pendhok sinelud, sawitan babaratan
Sala, wong papanku ana ngisor awor lurah desa. Gek para priyayi semune
ora ana kang merduli marang aku, kabeh-kabeh padha nyingkur.

www.alangalangkumitir.wordpress.com
Oleh : Mas Kumitir

www.alangalangkumitir.wordpress.com
Oleh : Mas Kumitir

11

Dak upamakake kang mesgul mau lakining napsune salin dalan. Kang
diambah saiki dalan saka asor marang luhur, tegese : ngudi marang
kaluhuraning pangkat, satekane ing kaluhuran (dhuwur pangkate), dalane
trajangan karo dalan saka bodho marang pinter. Kang katon mung prakara
bodho karo pinter, prakara luhur karo asor wis ora dirakake maneh, awit ing
kono rumangsa dianggep bodho dening para mudha kang padha mateng
pasinaone, ing pamulangan luhur. Ing kono malah dicampahi enggone
mendem pangkat lan pakurmatan. Banget wirange, sarta ngrasa cubluke
bareng kumpul karo para ulah kawruh, ora bisa urun rembug, dene sarwa ora
ngerti, wekasan isin enggone mung dhemen marang pangalembana lan
pakurmatan thok.
Dak upamakake maneh, kang isin mau salin dalan maneh, ngudi kapinteran.
Sawise pinter, banjur ngresula sarta isin, marga dicacad : ora bregas, ora
luwes, ora ngresepake, ora diluluti, utawa dicacad : kidhung, kaku, kumel,
wagu, lan sanunggalanipun.
Dak umpamakake maneh : wong mau ngudi maneh kongsi bisa : bregas
luwes, mrakati sapanunggale. Sawise katurutan, banjur ngresula maneh
marga kacacad ora anu ora anu. Mangkono sateruse, dadi kaya wong
bingung, tansah solan-salin kang diangkah, kagawa saka enggone ora duwe :
tekad kang sawiji.
Dalan-dalan mau dak umpamakake, enggone trajangan mubeng bisa temu
gelang, ngubengi palemahan jembar.
Tengah-tengahing palemahan jembar dak umpamakake : ana omahe aran :
katentreman, yaiku omahing atine si-bingung kang lumaku urut pinggir mau
(dalan warna-warna, ngibarat : rahsaning manungsa kang warna-warna.
Omah , ngibarat : rasajati, rasa ketentraman).
Upamane lakune gelem saya manengah, saya suwe cedhak karo omahe. Ora
pijer nonton dalan kang nggimirake (mareni watake kang kudu nandhing
sugih miskin, luhur asor, ala bagus, bodho pinter, sapanunggale, kang ancase
kanggo nggunggulake dhiri). Wasana salin dadi ayem tentrem nrima, sirna
tetandhingan dhiri sajroning atine, gumulung marang pribadi kang tunggal.
URUT pinggir dalan kang diambah mau, saenggon-enggon ana trabasane
marang omahe, nanging akeh eri lan grumbul. Upama sumurupa omahe ana
satengahing papan jembar, lan keconggah nrajang eri lan grumbul, enggal
bisa tekan ing omahe, nanging arang banget kang bisa, kang akeh keblasuk,
kesasar, ora bisa mulih, mulane panuntuning para Nabi : manungsa enggone
ngudi kasampurnan, ora dipurih nrabas (tanpa marang gunung, utawa
majnun), dipurih ngambah dalan, nanging kudu :
1. ajo kongsi keplantrang.
2. lakune dipurih manengah.
3. dipurih kerep ndeleng pernahing omahe.

www.alangalangkumitir.wordpress.com
Oleh : Mas Kumitir

www.alangalangkumitir.wordpress.com
Oleh : Mas Kumitir

12

Jlentrehe makaten :
1. Aja keplantrang, lire : aja kelancutan enggone golek kasugihan,
kapinteran, pangalembana, cukup : saperlune bae.
2. Dipurih saya manengah, lire : saya nyedhakana omahe (maju ngiras
manengah), dadi sajroning nggoleki kasugihan, pangkat, kapinteran lan
sapanunggale nyambi ngudi kawruh kasmpurnan.
3. Dpurih karep madhep pernahing omahe, lire : saben dina nemtokake
mangsa, kanggo nglalekake kadonyan, perlu kanggo enget marang
Pangeran. Upama ing wayah surup srengenge, ngadhepake atine marang
Allah. Dadi dalan saka mlarat marang sugih, saka asor marang luhur,
sapanunggalane, kang dununge ana ing lair, kaungkurna.ATI ngungkrake
LAIR, ngadhepake BATIN (nganggep sawiji mung pribadi kang ana).
Dene paedahe ora enggal sayah dening kebanteran lakuning pancadriya,
mbudi marang kelairan. Ping pindhone : akeh lipure, dening nalika madhep
marang Allah mau, ora nonton dalan marakake : kenyut, kaget, meri, ngresula
sapanunggalane.
Kang katon ing ati mung dalan marang katentreman (lagi katon dalane bae,
wis krasa adhem).
Adheming ati ngenger marang Pangeran, manawa katimbang ngegere donya,
kaya wong ngenger marang bapa biyunge dhewe katimbang karo ngenger
marang wong liya.
Wong kang kandel piyandele marang,
Allah ndilalah sirna uwas sumelange.
Wong kang tresna kanthi wedi
nerak wewalering Allah,
ndilalah sandhang pangane kekinthil,
adoh sang sarane,
cepak rahayune.
ΘΞΘ
Perangan 07
WAYAH NGASO (MENENG)
Kira-kira :
Jam 7
- 8 sore.
Jam 4.30 - 5.30 esuk.
Jam 12 - 2 bengi.
Perlune : I : Ngleremake urat kang alus-alus, menenga kedhere. Upama
kawat clempung, ora tansah dijawali.
Perlune : II : Ngaringake angin, kaya pindhane diyan kang maune kanginan
mobat-mabit, banjur didokoki semprong. Dadi padhang, kukuse suda,
lakuning angin sarenti saka ngisor mandhuwur.
www.alangalangkumitir.wordpress.com
Oleh : Mas Kumitir

www.alangalangkumitir.wordpress.com
Oleh : Mas Kumitir

13

Perlune : III : Ngenepake banyu, mapanake cipta ripta, murih mapan sarta
katon silah-silahe, kepilihan kang becik, kaya sada kang morat-marit diejumi
(ditata). Diesuhi, karosane didakekake siji. Banjur mantheng nuju kang sawiji,
ngetut rasa sawiji.
Angka III, iku mesthine ing wayah esuk karo bengi, yen sore angka I lan II.
Sing wigati, mangkono mau digawea ajeg, dianggowa laku, didadekna : cara,
kaupamakna wong adus, jungkatan, nyapu, umbah-umbah, kang padha
linakonan ing saben dina.
Dene prakara kang ngajak metu saka wewengkoning kawruh kabatinan, kang
adhakan yaiku :
1. Prakara butuh (dhuwit, pari, utang , lsp).
2. Karameyan (kabregasan, duwe gawe, lelungan).
3. Prakara panggaweyan (ing kantor, ing sepur, ing alas).
4. Prakara kasusahan (lara, kepaten, pakewuh).
5. Prakara kanafson sapanunggale.
Kabeh mau ngajak mlesat saka wewengkoning kawruh kabatinan. Mula yen
ora nganggo pranatan meneng ana ing wektu kang katamtokake, kaya kang
katulis ing dhuwur mau, saya lawas saya adoh nyamut-nyamut. Upama dhek
biyen wis oleh bibit sathithik meksa rekasa enggone nggoleki. Mula kudu
ajeg. Bisane ajeg wiwitane saka dipeksa, lawas-lawas lumaku dhewe.
ΘΞΘ
Perangan 08
BENER KARO BECIK ORA BISA TINEMU
SAJRONING REREBUT ORA KATON SAJRONE LELAMUK
Manawa ratu nibakake paukuman kanthi duka, iku ora bakal adil paukumane.
Yen wong calathu karo nafsu, ora bakal pratitis calathune.
Yen wong ngandhakake beciking liyan katarik saka dhemen, ora bakal resik
pangucape.
Yen wong ngandhakake alaning liyan katarik saka gething, ora adil pikirane.
Wewaton ing dhuwur iku dadi tanda yekti, yen manungsa arep sumurup bener
lan becik kanthi patitis, kudu ngleremake dhisik nafsune kang lagi seru
kedhere, utawa ngenebake banyune kang lagi kocak sarta buthek.
Yen banyu wis rada meneb, utawa nafsu wis lerem, pangucap, panemu lan
kira-kirane lagi bisa bener.

www.alangalangkumitir.wordpress.com
Oleh : Mas Kumitir

www.alangalangkumitir.wordpress.com
Oleh : Mas Kumitir

14

Aja kleru tampa : wong dosa di ukum, wong becik dikandhakake becike,
barang ala dikandhakake alane, nanging bisane sumurup marang bener
manawa ora kaling-kalingan ing lumuk. Bisane tumindak bener, mung yen
lakuning pancadriya ora diplesedake saka garising bener, dening obahing
napsu.
Sarehne manungsa iku gedhe cilik padha nggoleki BENER, mula BENER IKU
MUNG SIJI MULA NGANTI DADI REBUTNE WONG SAJAGAD. Mulane
saben manungsa kabeh bae, kudu sumurup marang DALANE BENER.
Dalane, yaiku : mbeningake banyu, utawa ngleremake nafsu, supaya tukang
tuduh marang bener kang ana ing sajroning atine.
TUKANG TUDUH MARANG BENER ANA ING SAJRONING ATINE
SADHENGAH MANUNGSA KETARA CETHA, ora ketutupan ing butheking
banyu utawa disimpangake ing pancadriya.
Saweneh manungsa sok ngalem marang agama iki, nacad agama iku,
mbecikake Nabi kiye, ngalakake Nabi kae, mbenerake ngelmu iki, ngluputake
ngelmu ika, sapanunggalane.
Kang nganggit layang iki, ora nandhing agama, Nabi utawa ngelmu. Semono
uga ora ngluputake lan ora mbenerake marang kang nandhing agama, Nabi
utawa ngelmu, mung atur rembung mangkene : Manawa anggone nandhing
agama Nabi utawa ngelmu mau temen-temen sumedya golek bener sarta
pratitis, aja kongsi ora taberi ngleremake pancadriya nganggo mangsa kang
wis katamtokake, supaya tukang tuduh marang bener (budi lan rasa) ora
katutupan lamuk kandel, jalaran diubek-ubek rina wengi tanpa leren, sarta
pirang-pirang taun.
Upama ora kersa ngulinakake meneng (luwih-luwih upama ora kersa
ngleremake geneping telu), mangka nandhing agama, nabi utawa ngelmu, iku
ora susah sumelang maneh yen ora bakal bener, jer ora bisa selak maneh
anggone ngawag, yaiku mung manut obahing nafsu, kaya lakuning
tunggangan, ora saka pituduhe kang nunggang.
Saweneh manungsa ngalem utawa nacad, mbenerake utawa ngluputake
marang pakumpulan Theosofie, ngelmune kayai anu, bendara anu, tuwan
anu, panemune si dhadhap, panemune dhewe, layang anu, kitab anu, lakune
si Suta, lakune dhewe.......... lan liya-liyane, banjur netepake : kae bener, iku
luput, kiye bener, kuwe kesasar, iki becik iku ala.
Kang nganggit layang iki, ora ngluputake wong nandhing, ngalem utawa
nacad, mung atur pamrayoga kanthi wanti-wanti : Sarehne prakara iku banget
ing rungside, ora kena pisan-pisan sajak gumampang/kaselak kumudu
mbenerake pangandikane dhewe, nanging kudu surti, titi, ngati-ati, tlaten
ngrasakake sajroning pancadriya lagi lerem, lantaran taberi ngangkah
lereming pancadriya.
www.alangalangkumitir.wordpress.com
Oleh : Mas Kumitir

www.alangalangkumitir.wordpress.com
Oleh : Mas Kumitir

15

Dene kang minagka saksi yen tlaten ngempakake rasa lan ngleremake
pancadriya, yaiku enggone nemtokake wektu kang dienggo meneng, murih
pancadriya selawas-lawase ora bisa tumangkar, marga tansah jinaga,
kagocekan kendhaline rina wengi.
≈∆≈
Sawise eling, aja mung
eling thok, kudu dikantheni tresna.
Eling wajibing budi,
tresna wajibing rasa.
Enggone tresna nganggo ati sanubari.
ΘΞΘ
Perangan 09
PAEDAHE ELING TRESNA
MARANG ALLAH RINA LAN WENGI
WONG kang ka-elingane marang Allah mung yen dhong lara utawa dhong
kesusahan bae, iku panangise ing atine, ora pati katrima, sabab yen
mangkono, enggone eling iku, sejatine saka kapeksa. Upama ora lara/susah,
iya ora gelem eling.
Kang mangkono iku, pratandhane, yen ora kadunungan tresna. Upamakna :
ana wong, geleme becik marang kang maos layang iki, mung yen nuju ana
perlune bae, lah apa maos iki tresna marang wong kang kaya mangkono.
Kang gumelar iki dadi tuladha : sapa asih ingasihan, sapa weruh wineruhan,
sapa temen-tinemenan. Kabeh mau mung mbalekake panggawene dhewedhewe.
TRESNA
Sawise eling, aja mung eling thok, kudhu dikantheni tresna.
Eling wajibing budi, tresna wajibing rasa. Enggone tresna nganggo ati
sanubari. Yen mung nganggo ati puat, durung tresna temenan, isih tresnatresnanan, panthenge isih marang butuhe dhewe (butuhe : wong).
Tetanginen panggalihmu, aja bosen ngupaya ngerti, murih MANGERTI lan
NGRASA : ALLAH iku sapa, lan kepriye trape mungguh wujudmu lan rasa
pangrasamu.
Sok uga mangerti temenan, iya ngrasa, banjur kathukulan tresna, sanajan
mung sapucuking tugi (sunguting gabah).

www.alangalangkumitir.wordpress.com
Oleh : Mas Kumitir

www.alangalangkumitir.wordpress.com
Oleh : Mas Kumitir

16

Saweneh wong madoni : wong durung weruh kok kon tresna, iku
tumandanging pikir atinggal budi.
DAYA KANG GEDHE DHEWE
Kandel-kumandel marang Allah iku sawijining kekuatan kang ora kena diukur
manungsa, mungguh gedhene lan paedahe.
NIKMAT KANG GEDHE DHEWE
TRESNA marang ALLAH, asih marang sipat (dumadi), iku sawijining
kanikmatan kang ora ana pipindhane, wot marang sagara rahmat kang
langgeng.
Apa tengere tresna nganggo sanubari :
KADUK RASA, KURANG LEASAN (ucap, gunem).
KADUK ELING KURANG LALI.
WEDI NERAK WEWALER LAIR BATIN.
Prakara kang perlu dipengeti.
Sumelang marga kurang mangan, uwas dening kasangsaran iku sababe saka
tipise pangandele marang Allah, sarta saka ora duwene tresna marang Allah
babarpisan, tibane banjur doyan nerak wewalere Allah ing lair lan bati.
Wong kang kandel piyandele marang Allah, dilalah sirna uwas sumelange.
Wong kang tresna kanthi wedi nerak wewalering Allah : dilalah sandhang
pangane kekinthil, adoh sangsarane, cepak rahayune,
mBok manawa saiki bisa nggoleki
sababe kang kasebut ing
ngisor iki.
Saweneh wong sregep puji dhikir lan nyebut asmaning Allah saben dina : kok
kanggonan uwas lan sumelang, sarta isih cepak sangsarane.
Si Suta lara lan susah, nuwun marang Allah, ora mari-mari larane, ora
sumingkir susahe.
Si Dhadhap pasrah marang Allah, kadadeyane malah katiwasan, ngalah
malah di idak-idak.
Si Waru pinter, Baud mumpuni ing guna srana, akale memet kaya kancil, ewa
dene nemu sambekala/kacilakan bae.
Sok uga bisa nitipriksa kang titi, ing kono ketemu suwadine :
1. Sabab ucape mung ana ing njaba bae.
2. Sabab panuwune mung dhong lara lan susah bae.
www.alangalangkumitir.wordpress.com
Oleh : Mas Kumitir

www.alangalangkumitir.wordpress.com
Oleh : Mas Kumitir

17

3. Sabab doyan nerak wewalering Allah, ora rumangsa.
Begja cilaka saka panggawene dhewe, ujar mangkono mau mula bener
banget, mung manungsa kang ora gampang bisane ngrasa marang ala lan
lupute, marga banget kasar lan petenge.
Allah iku adil : uga ora gorohan. Temenan.
ΘΞΘ
Perangan 10
ALUS KASARING RASA PANGRASANE MANUNGSA
BEDA-bedaning manungsa, katarik alus kasaring rasa pangrasane, ana kang
banget aluse, ana kang banget kasare. Kaupamakna pucuking driji karo
dlamakan. Pucuking driji bisa mbedakake gegrayangane : sutra, bludru,
lenga, glepung, kapas kasa, kikir, rempelas. Nanging dlamakan ora bisa.
Pucuking driji gampang krasane, dene dlamakan angel krasane.
Manungsa kang kena kaupamakake pucuking driji, enggal krasa lan ngraitane
yen ngrungu pitutur, sarta enggal bisa mbedak-mbedakake kang perlu lan
kang ora, nimbang kang alus lan kang kasar, ngregem kenceng marang nalar
kang wigati, nggandhuli kukuh marang kang katon. Tansah gagap-gagap
utawa ngintip-intip nalar kang bener lan becik.
Nanging kang kena kaupamakake dlamakan : tanpa gawe, panggugah,
penget, pitutur, kojah, carita, tepa tiladha, pasemon sapanunggalane. Marga
kabeh ora ana kang krasa ing rasane, marga rasane kaling-kalingan ing rasa
kasar (hawa napsu) kang kandel kaya kapale dlamakan. Sumitra kang wus
kadhasaran rasa alus sawatara, iba kencenge anggone ngregem surasa kang
muni ing dhuwur. Muga pinaringana rahayu.
PRAYITNA, WEWEKA, WIRANGNYA
Prakara kang perlu katindakake luwih dhisik tumrap wong ngudi kawruh
kasampurnan, yaiku : nglelantih mbedakake thuthukulan kang ala karo kang
becik; niteni kang bener lan kang luput, ing sajroning batine dhewe. Tekade :
MENENG (sing sapa arep weruh obah-obahan, kudu meneng).
Yen wis bisa mbedakake rasa rupa-rupa, jalaran saka sregep ngrasakake
karo niteni, iku diarani : PRAYITNA.
Sawise bisa mangkono, banjur kang ala lan kang becik mau dipisah-pisah,
kang ala ora ka-anggo, ka-angkah aja thukul maneh, sarana kalalek-lalekake,
dene kang becik (kang bener) dianggo, diurip-urip. Yen wis bisa memisah
mangkono iku, arane : WEKEKA.
Sawise kapisah-pisah, kang becik lan kang bener mau diejumi, ditata utawa
dienam, diempakake dayane, dipigunakake manut dayane. Yen wis bisa
www.alangalangkumitir.wordpress.com
Oleh : Mas Kumitir

www.alangalangkumitir.wordpress.com
Oleh : Mas Kumitir

18

ngupakara utawa nggarap, kang becik lan kang bener manut mesthine, karan
: WIRAGNYA.
Manungsa kang sinebut wiragnya, wis mungkur saka pagawean mbedakmbedakake ala lan becik, apa dene misah-misah ala karo becik, kang
dumunung ing batine. Garapane mung kang sarwa becik, wis ora gepok
senggol karo kang ala. Yaiku drajading para Nabi lan para Sukci ing ALAM
GAIB.
ΘΞΘ
Perangan 11
MRATELAKAKE BAB THUKULING BUDI
lire :
oleh piwulang kang metu saka atine dhewe,
yaiku piwulang kang agawe marem lan panarima ing ati.
1
CARITANE WONG KANG DHEMEN WURU DAWA
Sawijining wong karem wuru dawa lan sesongaran ana ing pakumpulan,
pangrasane : wong liya padha dhemen, marga gagah/bergas, ora weruh yen
d-ewani lan di-esemi ing wong. Yen dielikake, ora dadi ing panarimane, malh
kleru tampa. Ing sawijining dina wong mau main ana ing pakumpulan, banjur
weruh wong waru dawa sarta sesongaran, apa-apane jibles kaya dheweke,
ing kono thukul ewa lan gethinge marang kang wuru dawa mau, ciptane : E,
e, dadi kalingane wong wuru dawa lan sesongaran iku ala banget, mangka
aku biyen iya ala banget kaya kae.
Kancaku main iki pasemon lan lelejeme padha nyampahi, nyampleng kaya
nalika aku wuru biyen kae. Yen ngono aku biyen ya di-esemi kaya mangkene,
adhuh, lali lali den elingna : Aku ora arep wuru dawa maneh-maneh.
Liding kandha : Pitutur saka buku, guru, Nabi, Wali, lan liya-liyane kang
dununge ana ing lair : tanpa gawe yen ora kapethuk karo rasane kang
dipituturi. Marga kang kuwasa nuruti iku sajatine tuwuh ing batine wong
dhewe-dhewe.
Mula sarehne kapethuk lan panarimaning ati iku asale saka ngrasakake karo
niteni, mula wong urip kang teberi ngrasakake lan niten, akeh bathine, marga
rina wengi tansah oleh pitutur saka atine dhewe.
2
DONGENG MANUK CILIK LAN KUCING
Sawijining kucing gumun banget weruh manuk cilik, saben-saben miyik,
tansah dicolong ing kewan liya. Osike : Ah, mbesuk, yen aku manak, anakku
www.alangalangkumitir.wordpress.com
Oleh : Mas Kumitir

www.alangalangkumitir.wordpress.com
Oleh : Mas Kumitir

19

bakal dak elah-elih panggonane, supaya kewan kang nedya ganggu gawe
anakku, aja nganti bisa niteni panggonane anakku.
Prayitnane lan wewekane kucing saka anggone niteni, kang njalari slameting
anak-anake.
Ing sawiji dina manuk cilik kapethuk kucing, sambate :
Dhuh kucing, aku tuturana, kepriye bisane anakku slamet kaya anakmu.
Kucing mratelakake yen anakke kerep dielah-elih panggonane, murih kewan
liyane ora neteni panggonane.
Manuk takon maneh : Kepriye asale kowe duwe akal kang mangkono?
Wangsulane kucing : Ya marga kerep weruh anakmu dicolongi gagak, jalaran
ora kok elih panggonane.
Liding dongeng : Kahanan lan lelakon kang gumelar kabeh iki dadi guru
ingatase kang ahli ngrasakake lan niteni. Terkadhang lelakoning wong sok
dianggo pangilon dening kang niteni, nanging kang dienggo ngilo ora weruh,
marga ora niteni.
3
KATRANGAN : APA-APA YEN ORA KALING-KALINGAN
BANJUR KATARA
Bisane oleh rasa lan pangraita, saka ngrasakake lan niteni mau marga ora
kalimputan ing obah-obahan, kayata : olehe pitutur saka atine, enggone wuru
(mabuk) iku nyata ala, iku sababe : thukul pangraitane katarik saka
menengge ing sawatara.
Marga dhek samana atine aso dening ngrasakake kerti.
Iku minangka tuladha, yen thukuling pangraita utawa tumandanging rasa iku,
jalaran saka menenge adon-adon kasar.
Mula, wong urip kang kepingin akeh bathine, kudu akeh enggone ngleremake
pancadriyane. Saya akeh lereme saya akeh bathine.
Saka banget lereme, saya pramana marang rasa kaalusan.
Wong ora susah duwe niyat : aku tak ngrasakake utawa aku tak sregep niteni.
Cukup mung : TAK MENENG.
Mengko rasa panggraita thukul sajroning meneng, ora nganggo : tak.
4
WONG WANGKOT LUMUH NGRASAKAKE LAN NITENI
APA-APA, IKU THUKULING RASA LAN PANGRAITANE
www.alangalangkumitir.wordpress.com
Oleh : Mas Kumitir

www.alangalangkumitir.wordpress.com
Oleh : Mas Kumitir

20

KUDU KEPENTOG ING KASUSAHAN, MURIH KEPEKSA
MENENG ADON-ADONE KANG KASAR.
Conto : Pitik kang lumayu apetrak-petrak, marga buntute katutan blarak
garing muni kresek-kresek, dikira ana kewan liya kang mbledig. Ora ngertia
yen saka panggawene dhewe.
Apa kang sinandhang ing manungsa ya saka polahe dhewe, nanging ora
rumangsa?!
Dituturana nganggo buku, guru, wali lan Nabi, yen durung ngrasakake lan
niteni dhewe, iya ora percaya, tansah mamang, iya apa ora, jalaran durung
ngalami tandha yekti.
Pitik kang petrak-petrak mau lagi yakin ngandele yen wis kepentog, upamane
: kapentog ing grumbul (pager) kang marakake kepeksa meneng, ora bisa
mbanjurake polahe. Ing kono thukul panggraitane lan ngrasakake ing yakine.
Blarak ing buntute banjut dicucuki.
Liding kandha :
Wong kang wangkot iku sok dipentokake dening kang murba masesa murih
kepeksa : meneng, aja bisa mabnjurake polahe.
Wujuding pentogan yaiku : lara, kasusahan utawa kasangsaran.
Awit saka iku wong nemu kasusahan aja ngresula, malah kudu sukur kanthi
prihati, nggoleki lupute, banjur mareni.
Dene yen durung kapentog, diprayitna nggolek dalane panggraita sarta
thukuling rasa lan budi, sabisa-bisa aja kongsi dipentogake, bebasan : Aja
pupur sawise benjut.@@k.
5
KANG KENA DIENGGO GANDHULAN KUKUH IKU :
OLEH-OLEHANE DEWE
SAWENEH wong bungah lan marem, sabab oleh ngelmu kang peng-pengan
saka guru linuwih. Ana saweneh bungah lan marem saba jajah sesurupane,
saka layang warna-warna anggitane pujangga linueih, utawa saka kitab
warna-warna anggitane para Auliya kang luhur martabate.
Mungguh sayektine kang patut digawe gocekan (ora mlesed) iku mung pitutur
kang tinemu ing batine dhewe.
Pitutur saka njaba (lair) mung dadi srana thok-thok, lire : dadi lantaran bisane
niteni karo ngrasakake, sarana taberi ngleremake pancadriya.

www.alangalangkumitir.wordpress.com
Oleh : Mas Kumitir

www.alangalangkumitir.wordpress.com
Oleh : Mas Kumitir

21

Dadi yen ora taberi nyuda tumangkaring hawa lan ngrasakake nganti weruh
marang rasane, kaya wong ngrasakake asining uyah, iku ngelmu lan
sesurupane, kang akeh-akeh tanpa gawe ; sabab mung dumunung ing
angen-angen, tegese : mung lagi bisa ngarani bener lan becik, dhemen sarta
ngalem, utawa lagi ngerti marang surasaning tembung.
Aja gumampang ngaku weruh marang RASANING tembung, yen ora sregep
ngenengake rasa kasar.
Ringkese :
Bola-bali kang mupangati iku mung OLEH-OLEHANE DHEWE.
Rejeki kang olehe saka nyambutgawe krekelan, kang krasa nikmat lan
mupangati marang awak sarta mberkati iku mung saka kringete dhewe.
Saweneh wong kang ngudi kawruh mung arep njupuk wose bae, ora dhemen
marang buku kang mung isi pitutur, kang disenengi buku kang isine dhuwurdhuwur lan gedhe-gedhe.
Ana saweneh : dupeh wis sugih ngelmu, rumangsa wis mumpuni, nampik
marang layang pitutur, kayata : Layang Wulang Reh, Wedhatama, dilepeh
pituture, ciptane : Ah, iku rak kanggo kang isih ca-ra-kan, aku rak wis dhuwur.
Wong kang mangkono iku sejatine wis kesasar adoh, sabab kadhasaran ing
riya’ (angkuh, sombong).
KATRANGAN
Kang kacetha ing angka, 1, 2, 3, 4, 5, kasebut ing dhuwur mau kabeh, mung
aweh pituduh, yen manungsa bisa thukul budine (oleh piwulang kang yakin,
kang metu saka batine dhewe, kang agawe kemaremane ati kang temenan)
sarana MENENG adon-adone kang kasar. Dene dalaning meneng : ana kang
sabab diniyati, ana kang sabab kapeksa, ana kang jalaran saka kapinujon.
Bablase kanalaran iki, nyumanggakake.@@k.
Bener luput ala becik lawan begja,
cilaka mapan saking,
ing badan priyangga,
dudu saking wong liya,
pramila den ngati-ati,
sakeh durgama singgahan den eling.
ΘΞΘ
Perangan 12
MRATELAKAKE BAB EMPAN LAN URUBING DAYA
A
Apa tegese : empan? Apa tegese : urub?
www.alangalangkumitir.wordpress.com
Oleh : Mas Kumitir

www.alangalangkumitir.wordpress.com
Oleh : Mas Kumitir

22

Geni, empane : dithuki kayu garing, ditepasi, urube yaiku undhaking geni
kang katon, kang banjur ngundhakake RASA PANAS. Dayaning tangan,
kepriye empane? Dikulinakake nyenyekel, nyambutgawe, angkat junjung
barang abot lan sapanunggalane.
Endi urube? Yaiku : undhaking kakuwatane, undhaking kaprigelane, lan
banjur ngundhakake rasa kuwat rasa prigel.
Rasa driji, kepriye empane? Dilelantih ngrasakake lan niteni beda-bedaning
grayangane barang warna-warna, kayata : sutra, elar, rempelas, es, wedang,
dom lan liya-liyane.
Endi urube? Iya awase marang beda-bedaning grayanganing barang. (Wong
wuta lumrahe luwih awas panggrayangane katimbang wong kang isih waras),
iku kabeh oleh-olehing ngrasakake karo niteni kanthi kalumpuking kekuwatan
gumeleng nuju marang rasa sawiji.
Liding catur :
Gedhening daya saka urub (urip), urub saka kehing empan (kulina), dene
kulina iku saka sapisan, nuli pindho, ping telu, sapiturute, suwe-suwe
mempan, nganakake urub.
B
MAKSUDE BOCAH DISEKOLAHAKE
Bocah sekolah iku maksude : ngempakake pandulu, pangrungu, pangucap,
pangrayang, pikir lan rasa.
Empaning pandulu : ndedeleng kang titi, nggambar, nitipriksa wanguning
gambar lan tulis, nyawang pranatan kang becik sapanunggalane.
Oleh-olehane : awan pandulune, yaiku urubing pandulu, uga karasa awase
(urub tegese : urip).
Empaning pangrungu : kulina nggatekake dhawuhe guru, clathune kancakancane lan clathune dhewe.
Empaning pangucap : clathu seru, cetha, beda-bedaning wanda, aksara ilat,
gorokan, lambe, mangsuli pitakon, mratelakake sapanunggalane.
Empaning tangan : nggambar, nulis, nyulam, ngukir. Oleh-olehane
kaprigelan.
Empaning pikir yaiku : ngematake tumandanging pandulu, pangrungu,
pangucap, panggrayang sapanunggalane.
Yen ing bab iki nganti kurang wigatine, bisa nuwuhake prakara kang ora
rinasa, kayata :
www.alangalangkumitir.wordpress.com
Oleh : Mas Kumitir

www.alangalangkumitir.wordpress.com
Oleh : Mas Kumitir

23

1. Kerep ngucap manut roh khewanine, katarik pambandhanging nafsu kang
ajak gugup, kesusu, temahan tinggal pikiran.
2. Kerep ora sumurup kliruning caturane dhewe, sebab pangrungu ing
nalikane clathu, ora gathuk karo pikiran, sababe : ana kang saka
pambandhange nafsu, ana kang jalaran angen-angen, kulina tumandang
tanpa sir (panggagas).
3. Akeh bocah lalen lan bingungan, peteng sarta bruwet, iku ora liya sabab
kulina nggagas lakuning pikir tanpa pranatan ora kaya banyu mili, malah
kaya banyu kang diubek-ubek utawa mambeg.
4. Akeh bocah cepak klirune, jalaran saka gugupan, kagetan, uwasan,
sumelangan, tipisan aten, iku sabab kulina ngempakake nafsu kang ajak
gugup, wedi lan sumelang, ora ana kang ngenggokake murih saline kang
diempakake. Manawa nafsu kang ala kakehan empan, gedhening
kekuwatane ngalingi rasaning : sir.
5. Akeh bocah kang solahe rengeh, sugih bendana, kurang pangarah-arah,
kayata nyelehake barang kurang pernah. Doyan edheg, mlaku kerep
kesandhung. Iku sababe kakehan obah roh khewanine, ora ana kang
nyenthoki, kebannjur dadi roh khewani kakehan empan, kagedhen
kekuwatane roh peteng, metengi pikir.
Ing ndhuwur iku empaning pikir kang sapisan (ngematake tumandanging
pangucap, pangrungu, pangambu, panggrayang, pangicip) dene kang
kapindo : dienggo ngeling-eling sarta nganam-anam (golek pikiran), kayata :
nganggit-anggit, etung-etung, ngapalake, mangsuli pitakon, golek reka lan
liya-liyane.
Empaning rasa : mbedakake klakuwan ala lan becik, sarana dongeng,
dituntun welas marang kewan, ngajeni marang wong tuwo, guru lan sapa
kang patut diajeni. Dipurih ngrasakake tindak saru lan pantes, dituntuni weruh
marang unggah-ungguh, tatakrama, duga-duga, prayoga, riringa, weruh ing
panarima lan sapanunggalane.
Yen karingkes, maksude sekolah iku : ngurip-urip rasa kang becik (kang
marang alus lan padhang), memati rasa kang ala (kang marang kasar lan
peteng).
Jiwa kang isih ringkih kaya jiwane bocah, durung duwe kaprayitnan, durung
pati bisa mbedakake ala karo becik, kang dumunung ing garbane, mulane ya
kudu weweka.
GURU kang dumunung sjabaning garbane murid, ka-anggep ana sajroning
garbane murid, lire : kudu ngleboni atining murid, dijaluki tulung dening jiwa
kang ana ing garbane murid, ing prakara prayitna karo weweka, apa dene
panuntuning pikir sarta pratikel empan kang becik, pamenggak kang ala.
Dadi guru iku dhukun kang wajibibe nambani lelaraning jiwa, kudu nitipriksa
apa lelarane, apa tambane, sarta kapriye patrape nambani.

www.alangalangkumitir.wordpress.com
Oleh : Mas Kumitir

www.alangalangkumitir.wordpress.com
Oleh : Mas Kumitir

24

Bisane mangkono yen guru prayitna dhewe sarta weweka dhewe, marga bisa
meneng adon-adone kang kasar supaya bisa ngrasakake karo niteni.
Guru sekolah, guru kawruh kasidan, apa dene guru sajati ing alam gaib,
kwajibane ora beda, kabeh-kabeh tetulung ing bab : prayitna lan weweka,
banjur panuntun karo pratikel. Kabeh utusane Allah, dikarsakake mbeciki
sipating Allah, iya sipate pribadi.
ΘΞΘ
C
Perangan 13
SAPA MBUWANG ALA,
NEMU BECIK, SAPA GOLEK BECIK, LUNGA ALANE
Wit-witan kang pange ngisor dirempeli, sing dhuwur dadi lemu. Wit mbako,
teh, kang dicewoki ngisor, kang kari dadi mirasa. Wit kang kuru marga
kemladhean, yen wis dibuwang kemladheane, dadi lemu. Bocah kuru marga
cacingen yen wis disirnakake cacinge, badane dadi seger.
...........kabeh mau sabab dayaning ngaurip kang maune nguripi kang ala,
banjur ngalih nguripi kang becik. Kekuwataning uripe ora kalong, mung
ngalih, gumeleng, nglimpuk marang kang becik, kaya ilining banyu, yen kang
pating sereweh dipepeti, ilene nglupuk gumlogok. Mangkono uga ilining
banyu urip, manawa adon-adon kang kasar (asor) dirempeli adon-adon kang
alus (luhur) dadi mundhak dayane. Kayata : yen nafsu kang ala disudani
empane, nafsu kang becik dadi gedhe dayane. Manawa tansah dibanjurake
wnggone nyudani saka ngisor, sangsaya lawas sipating manungsa sangsaya
alus lan luhure, sangsaya gedhe dayane, nganti tekan rasa mulya, kang aran
rasa Sangkalpa, wekas-wekasane gaib, yaiku : sampurna. Budi lan Rasul
kena ka upamakake wit (tumrap jiwa kang durung kaya jiwane Nabi). Roh
kewani (napsu) ka-anggepa kemladhean pang kang ngisor, utawa cacing
kremi kang dadi lelara.
Ing ndhuwur iku lire, tembung mbuwang ala nemu becik. Dene golek becik
ilang alane, mangkene :
Sing sapa ngekehake empane rasa kang becik, sanajan ora duwe karep
mbuwang alane, nanging kang ala padha lunga karepe dhewe, sabab
selawase kang becik diempakake dayane, dayane urip tansah mili marang
becik kang becik, nguwatake kang becik. Kang ala ora keconggah
ngempakake day