Jinising Panaliten Data saha Sumber Data Caranipun Ngempalaken Data

28 Tabel 3. Format Tabel Analisis Tembung Kahanan Andhahan Ing Cariyos Rakyat Alaskato Lan Jalukura. No. Data Wuwuhan Tipe Makna Pangrimbagipun 1 2 3 4 5 N- mi- kuma- -um- ka- -an ke- -en N--i Sanesipun Wj Uk Wr Rs Mt 1. Sultan Muslihudin banget karenan ing penggalih. √ √ Kalebet tembung kahanan andhahan ingkang pikantuk konfiks {ka--an} + lingga. karenanTKA ‘raosipun bingah’ renaTK {ka--an} ’bingah’ Katrangan : TKA = Tembung Kahanan Andhahan N--i = Wuwuhan sesarengankonfiks {N--i} TK = Tembung Kahanan Sanesipun = Wuwuhan sanesipun ingkang dipunpanggihaken N- = Ater-ater anuswara {m-, n-, ng-, ny-} Wj = Wujud mi- = Ater-aterprefiks {mi-} Uk = Ukuran kuma- = Ater-aterprefiks {kuma-} Wr = Werni -um- = Seselaninfiks {-um} Rs = Raos ka--an = Wuwuhan sesarengankonfiks {ka--an} Mt = Mental ke--en = Wuwuhan sesarengankonfiks {ke--en} 29

F. Validitas Saha Reliabilitas

Panaliten menika caranipun ngesahaken data ngginakaken uji validitas saha uji reliabilitas. Uji validitas data dipuntindakaken kanthi proses triangulasi teori . Triangulasi menika ngginakaken triangulasi teori morfologi saha triangulasi semantik. Triangulasi teori morfologi menika kangge nemtokaken keabsahanipun data ingkang gegayutan kaliyan wuwuhan saha pangrimbaging tembung kahanan andhahan. Wondene triangulasi kanthi teori semantik menika kangge nemtokaken keabsahanipun data ingkang gegayutan kaliyan tipe makna tembung kahanan andhahan. Ngesahaken data ugi kanthi cara rimbag pangrimbag inggih menika pangrimbagipun tembung kawangsulaken ing tembung lingganipun kanthi nyukani wuwuhan. Lajeng maknanipun tembung adhedhasar tipe makna tembung kahanan andhahan menika. Tuladhanipun data tembung kahanan andhahan ing cariyos rakyat Alaskato Lan Jalukura ingkang dipuntemtokaken keabsahanipun kados ing ngandhap menika. “Kruget-kruget kangelan arep tangi.” Tembung kahanan andhahan kangelan menika dipuntemtokaken keabsahanipun bab wuwuhan saha pangrimbagipun kanthi ningali teori morfologi. Miturut Wedhawati dkk 2006:186 tembung kahanan andhahan kangelan menawi dipunrimbag inggih menika saking tembung lingga angel ingkang pikantuk wuwuhan konfiks {ka--an}. Dados wuwuhan ingkang kadhapuk tembung kahanan andhahan menika awujud konfiks ka--an. Salajengipun tembung kahanan andhahan kangelan menika dipuntemtokaken keabsahan tipe