Nalaring pikir GEGARAN TEORI

25 dipunpanggihaken ing cariyos rakyat Alaskato Lan Jalukura menika kala wau dipunudhar kadospundi wuwuhan, pangrimbagipun, saha tipe maknanipun. Panaliti ngginakaken teknik nyerat inggih menika panaliti nyerat ukara ingkang kalebet tembung kahanan andhahan ing kertu data ingkang dipunkategorikaken adhedhasar wuwuhan, pangrimbagipun, saha tipe maknanipun. Tabel 2. Format Kartu Data Tembung Kahanan Andhahan ing Cariyos rakyat Alaskato Lan Jalukura Anggitanipun Al Aris Purnomo. Katrangan : TKA = Tembung Kahanan Andhahan TK = Tembung Kahanan

D. Pirantining panaliten

Pirantining panaliten ingkang utami inggih menika panaliti piyambak human instrumen. Miturut pamanggihipun Moleong 2007:168, human instrumen dipunginakaken amargi panaliti minangka piranti kangge nindakaken Sumber : No.1 paragraf 16 Data : ” Panyawange wis peteng, sirahe mbliyeng .” Wuwuhan : ater-ater hanuswara {m-} Pangrimbaging tembung : mbliyengTKA,‘raosipun mumet’ {N-m-}prefik bliyengTK’mumet’ Tipe Makna : raos. 26 sedaya proses panaliten. Panaliti maos cariyos rakyat kanthi tliti saha dipunambali supados akurat satemah manggihaken tembung kahanan andhahan. Netepaken tembung kahanan andhahan menika kanthi ningali wuwuhan ingkang kadhapuk tembung kahanan andhahan. Wuwuhan ingkang ndhapuk tembung kahanan andhahan menika kados ta {N-}, {mi-}, {kuma-} {-um-}, {-an}, {N--i}, {ka--an}, saha {ke-en}. Salajengipun anggenipun netepaken tembung kahanan andhahan ugi dipuntingali saking makna tembung lingganipun ingkang dipunjumbuhaken kaliyan konteksipun. Lajeng dipunrimbag adhedhasar wuwuhan, pangrimbagipun, saha tipe maknanipun. Tembung kahanan andhahan ingkang dipunpanggihaken ing cariyos rakyat Alaskato Lan Jalukura menika kala wau dipunserat ing kartu data. Asiling panaliten ingkang dipuntindakaken saged dipuntingali ing sub cara ngempalaken data.

E. Caranipun Nganalisis Data

Panaliten menika caranipun nganalisis data kanthi cara rimbag saha cara analisis deskriptif kanthi ngrimbag data. Caranipun nganalisis data menika wonten mapinten-pinten tahap. Tahap menika dipunanalisis gayut kaliyan perkawis ingkang dipuntliti. Analisis ingkang dipunlampahi inggih menika awujud tembung kahanan andhahan wonten ing cariyos rakyat Alaskato Lan Jalukura anggitanipun Al Aris Purnomo. Lampahing analisis data menika kaperang dados kalih inggih menika tahap awal saha tahap lanjutan.