Paedahing Panaliten Pangertosan Tembung

10 dipunmangertosi bilih tembung lingga ingkang kawuwuhan menika ndadosaken tembung saha teges enggal. Jinising wuwuhan wonten 5 warni kados ingkang dipunandharaken dening Mulyana 2011:13 inggih menika 1 ater-ater prefiks; 2 seselan infiks; 3 panambang sufiks; 4 wuwuhan sesarengan konfiks, 5 Afiks gabung . Wuwuhan ingkang dipunpanggihaken ing basa Jawi menika saged dipuntingali ing tabel ngandhap menika. Tabel 1. Wuwuhan Basa Jawi Ater-Ater Prefiks Seselan Sufiks Panambang Infiks Wuwuhan Sesarengan Konfiks m- n- ny- ng- sa- pa- paN- pi- pra- daktak- koktok- di- kadi- ke- a- ma- mer- maN- kuma- kami- kapi- tarter- -er- -el- -um- -in- -e-ne -an -en -i -ake -a -ana -na Ka--an Ke--an Ke--en N--i N--ake N--na paN--an paN--e pa--an pi--an pra--an tak--ane tak--e tak--I tak--na tak--ana tak--a kok--I kok--ake-ke kok--a kok--na kok--ana di--I di--ake kami--en kami--an sa--e -in--an 11 Saking tabel ing inggil menika dipunandharaken jinising wuwuhan ing basa Jawi wonten 4, inggih menika ater-aterprefiks inggih menika wuwuhan ingkang dumunung ing sangajenging tembung lingga. Wujuding prefiks saha tuladhanipun inggih menika mangan {m-} + pangan ‘dhahar’, ateges {a-} + teges ‘gadhah teges’. Seselaninfiks inggih menika wuwuhan ingkang dumunung ing tengahing tembung. Seselan menika cacahipun wonten sekawan. Wujud saha tuladhanipun inggih menika gumagus bagus + {-um-} ‘sipatipun gumagus’, tinuku tuku + {-in-} ‘dipuntumbas’. Panambangsufiks inggih menika wuwuhan ingkang dumunung ing pungkasaning tembung utawi sawingkingipun tembung. Panyeratan panambang kedah sinambung rapet kaliyan tembungipun. Tuladhanipun inggih menika jaritan jarit + {-an} ‘ngangge jarit’, nesunan nesu + {-an} ‘gampil nesu’. Wuwuhan sesarengankonfiksasi inggih menika wuwuhan ingkang awujud ater-aterprefiks saha panambangsufiks ingkang kawuwuhaken ing tembung lingganipun kanthi sesarengan. Salah satunggaling titikaning tembung ingkang ngalami konfiksasi inggih menika menawi salah satunggal wuwuhan ingkang rumaket menika dipunpisahaken struktur saha teges tembung menika risak Mulyana, 2011:22. Konfiks menika saged dipunsebut wuwuhan sesarengan kanthi rumaket. Wujuding konfiks saha tuladhanipun inggih menika keciliken {ke--en} + cilik ‘alit sanget’, kakehan {ka--an} + akeh ‘cacahipun kathah sanget’. Afiks gabung inggih menika proses nggabungaken ater-aterprefiks kaliyan panambangsufiks ing tembung lingganipun. Afiks gabung menika saged dipunsebut wuwuhan sesarengan boten rumaket, amargi wuwuhan ingkang 12 dumunung ing tembung lingga boten kanthi sesarengan, ananging satunggal mbaka satunggal. Kalih afiks menika jinisipun beda, pramila kekalihipun saged dipunpisahaken saking lingganipun tanpa ngrisak strukturipun. Afiks gabung menika beda kaliyan wuwuhan sesarengankonfiksasi. Tuladhanipun mikiran {m-} + pikir + {-an} ‘sipatipun mikiran’. b. Tembung RangkepReduplikasi Tembung rangkep inggih menika tembung dwilingga utawi tembung lingga ingkang dipunrangkep, tuladhanipun : takon-takon, gedhe-gedhe. Mulyana 2011:32-33 ngandharaken bilih jinising tembung rangkep boten namung kanthi ewah-ewahan swanten ananging ugi saged boten kanthi ewah-ewahaning swanten. Dados pamanggih kasebut ngandharaken bilih tembung ingkang dipunrangkep menika saged mawi wutuh saged ugi boten wutuh. Proses reduplikasi wonten ing basa Jawi menika langkung variatif, inggih menika dwilingga, dwilingga salin swara, trilingga, lingga semu, dwipurwa, dwipurwa salin swara, saha dwiwasana. Dwilingga tegesipun tembung rangkep ingkang pandhapukipun kanthi ngrangkep sedaya perangan saking morfem asal, tuladhanipun : sregep-sregep, gedhe-gedhe. Dwilingga salin swara inggih menika tembung rangkep saking morfem asal kanthi ewahing fonem, tuladhanipun : ngela- ngelu, klelar-kleler. Trilingga inggih menika wujud lingga cacahipun tiga utawi ngrangkep morfem asal kaping kalih, tuladhanipun : dag-dig-dug, cas-cis-cus. Lingga semu inggih menika tembung rangkep ingkang minangka wujud basa ingkang nedahaken kados tembung rangkep murni, tuladhanipun : ula-ula, aling- aling. Dwipurwa inggih menika tembung rangkep wonten ing silabe