Undheraning Perkawis Watesaning Perkawis

8

BAB II GEGARAN TEORI

A. Morfologi

1. Pangertosan Ramlan 2001:21 ngandharaken bilih morfologi inggih menika perangan saking ngelmu basa ingkang ngandharaken utawi nyinau bab tetembungan sarta pangaribawa ewah-ewahing tembung saking golongan saha tegesing tembung, saged ugi morfologi menika perangan saking ngelmu basa ingkang nyinau bab tetembungan sarta ewahipun wujud tembung. Saged dipunmangertosi bilih morfologi menika nyinau menapa fungsinipun ewah-ewahan jalaran proses pandhapuking tembung, inggih menika fungsi gramatik utawi fungsi semantik. Mulyana 2011:1 ngandharaken bilih tembung morfologi menika kadhapuk saking basa Inggris Morphology ingkang tegesipun perangan ngelmu basa ingkang nyinau peranganing tembung kanthi gramatikal. Tembung morfologi kadhapuk saking tembung morphe ‘wujud’ saha logos ‘ilmu’, ingkang tegesipun ngelmu basa ingkang nyinau bab pandhapuking tembung, ewahing tembung, saha ewahing tembung ingkang ndayani ewahing teges saha jinising tembung. Pamanggihipun kalih ahli ing inggil saemper kaliyan pamanggihipun Sasangka 2001:34 bilih morfologi menika kalebet sempalaning paramasastra ingkang ngrembag saha nyinau bab tembung, kadadosaning tembung, saha ewahing sawijining tembung dados tembung sanes amargi kawuwuhan imbuhan. Saking pamanggih pinten-pinten ahli ing inggil saged kadamel dudutan bilih 9 morfologi inggih menika salah satunggaling cabang linguistik ingkang nyinau bab tetembungan inggih menika pandhapuking tembung, jinis, ewahing wujud saha tegesing tembung. 2. Proses Morfologi Proses morfologi inggih menika proses nambahaken wuwuhan ing tembung lingga satemah tembung menika dados tembung andhahan. Sudaryanto 1991:15 proses morfologi inggih menika proses ewahing tembung kados pundi ewahing tembung umumipun kanthi cara ingkang tartamtu utawi cara ewahipun mawi sarana ingkang sami, mujudaken komponen makna enggal ing asiling tembung ewahan. Tembung ingkang ngalami proses morfologi menika ugi saged dipunjalari saking tembung menika dipunrangkep ingkang biasanipun dipunwastani tembung rangkep saha tembung kalih utawi langkung ingkang dipungabung tembung camboran. Miturut pamanggihing Mulyana 2011:13 proses pandhapuking tembung menika kaperang dados tiga warni inggih menika a nambahaken wuwuhan afiksasi; b ngrangkep tembung reduplikasi; saha c nggabungaken kalih tembung utawi langkung pemajemukan. a. Wuwuhan afiksasi Proses wuwuhan menika kaperang dados pinten-pinten jinis gumantung wonten pundi tembung menika kawuwuhan. Pamanggihipun Nurhayati 2001:12 wuwuhan inggih menika proses wuwuhan ing satuan wujud tunggal utawi kompleks kangge mujudaken morfem enggal utawi satuan ingkang langkung wiyar. Satuan wonten ing ngriku inggih menika tembung, dados saged