Pirantining panaliten CARA PANALITEN

29

F. Validitas Saha Reliabilitas

Panaliten menika caranipun ngesahaken data ngginakaken uji validitas saha uji reliabilitas. Uji validitas data dipuntindakaken kanthi proses triangulasi teori . Triangulasi menika ngginakaken triangulasi teori morfologi saha triangulasi semantik. Triangulasi teori morfologi menika kangge nemtokaken keabsahanipun data ingkang gegayutan kaliyan wuwuhan saha pangrimbaging tembung kahanan andhahan. Wondene triangulasi kanthi teori semantik menika kangge nemtokaken keabsahanipun data ingkang gegayutan kaliyan tipe makna tembung kahanan andhahan. Ngesahaken data ugi kanthi cara rimbag pangrimbag inggih menika pangrimbagipun tembung kawangsulaken ing tembung lingganipun kanthi nyukani wuwuhan. Lajeng maknanipun tembung adhedhasar tipe makna tembung kahanan andhahan menika. Tuladhanipun data tembung kahanan andhahan ing cariyos rakyat Alaskato Lan Jalukura ingkang dipuntemtokaken keabsahanipun kados ing ngandhap menika. “Kruget-kruget kangelan arep tangi.” Tembung kahanan andhahan kangelan menika dipuntemtokaken keabsahanipun bab wuwuhan saha pangrimbagipun kanthi ningali teori morfologi. Miturut Wedhawati dkk 2006:186 tembung kahanan andhahan kangelan menawi dipunrimbag inggih menika saking tembung lingga angel ingkang pikantuk wuwuhan konfiks {ka--an}. Dados wuwuhan ingkang kadhapuk tembung kahanan andhahan menika awujud konfiks ka--an. Salajengipun tembung kahanan andhahan kangelan menika dipuntemtokaken keabsahan tipe 30 maknanipun kanthi ningali teori semantik. Miturut Wedhawati dkk 2006:205 saha Arifin dkk 1990:93 tipe makna tembung kahanan andhahan adhedhasar tembung lingganipun angel kalebet kategori tipe makna ingkang gayut kaliyan raos. Adhedhasar tuladha ing nginggil saged dipuntingali menawi tembung kahanan andhahan kangelan menika dipunanggep valid, amargi sampun trep kaliyan teorinipun Wedhawati dkk 2006 saha Arifin dkk 1990. Panaliten menika ngginakaken reliabilitas stabilitas. Reliabilitas stabilitas inggih menika asiling panaliten ingkang boten ewah sinaosa dipuntindakaken wonten ing wekdal ingkang beda. Panaliti anggenipun ngamati data menika dipunwangsuli kanthi ngginakaken instrumen ingkang sami ananging asiling panaliten sami.