Tindak tutur Ekspresif Andharan Teori

Rukmi. Ukara menika kalebet tindak tutur ekspresif katitik saking tembung ‘nuwun’ kangge ngandharaken pangraos panuwun. b. Tindak tutur ekspresif kanthi titikan frasa Prenjak :“Kurang ajar Dadi pokalmu apik yo? Durung ngerti menawa aku kuwi ana sesambungan karo Pak Carik ?” CL114ACM Ukara “Kurang ajar Dadi pokalmu apik ya? Durung ngerti menawa aku kuwi ana sesambungan karo Pak Carik ?” menika kalebet tindak tutur ekspresif amargi ngandharaken tumindhak duka saking Prenjak dhumateng Darmi. Ukara menika dipunandharaken dening Prenjak kangge ngandharaken pangraos duka saking Prenjak jalaran miturut pamanggihipun Prenjak Darmi sampun ngrebut Pak Carik saking Prenjak. Ukara menika kalebet tindak tutur ekspresif katitik saking frasa ‘kurang ajar’ Kangge ngandharaken pangraos duka. Wujud titikan tuturan ekspresif wonten tuturan ing nginggil awujud frasa amargi kaperang saking kalih tembung ingkang ngemu teges saha boten ngemot wasesa. c. Tindak tutur ekspresif kanthi titikan klausa Ratih : “Ehmmm yoh mas, aku mikir bab iki yo wis sakuntara, nanging aku wedi anggonku arep matur sampeyan mas. ” CM11ACM. Ukara “Ehmmm yoh mas, aku mikir bab iki ya wis sakuntara, nanging aku wedi anggonku arep matur sampeyan mas ” menika kalebet tindak tutur ekspresif amargi ngandharaken tumindhak ajrih saking Ratih nalika badhe ngandharaken perkawis ingkang badhe dipunandharaken dhumateng Joko. Tuturan tindak tutur ekspresif menika katitik saking klausa “nanging aku wedi anggonku arep matur sampeyan mas”. Wujud titikan tuturan ekspresif wonten tuturan ing nginggil awujud klausa amargi kaperang saking kalih tembung utawi langkung ingkang ngemot wasesa saha katitik saking tembung ‘nanging’ minangka tembung panggandeng wonten ing ukara menika. d. Tindak tutur ekspresif titikan ukara Trisni : “Sampun matur nuwun Pak, mangke rak nggih sehat malih.” CAK147ACM Ukara “Sampun matur nuwun Pak, mangke rak nggih sehat malih.” menika kalebet tindak tutur ekspresif amargi ngandharaken tumindhak nolak kanthi cara alus saking Trisni dhumeteng Pak Lurah. Ukara menika dipunandharaken dening Trisni kangge ngandharaken pangraos nolak dhumateng Pak Lurah jalaran Trisni boten kersa dipunderekaken wonten ing dokteran dening Pak Lurah. Ukara menika kalebet tindak tutur ekspresif amargi katitik saking ukara ‘Sampun matur nuwun pak, mangke rak nggih sehat malih.’ Wujud titikan tuturan ekpresif wonten tuturan ing nginggil awujud ukara amargi kaperang saking kalih klausa saha dipunwiwiti kanthi huruf kapital saha dipunpungkasi kanthi tandha titik.

6. Fungsi Tindak tutur Ekspresif

Miturut Austin wonten ing bukunipun “How to do Things with Word” fungsi tindak tutur ekspresif utawi Behabitif dados pitu inggih menika nyuwun pangapunten, matur nuwun, simpati, ngandharaken tumindhak, salam,