tutur menika wonten tiga wujudipun inggih menika lokusi, ilokusi sah perlokusi. Tindak lokusi inggih menika tindak tutur ingkang ngandharaken teges ingkang
sami kaliyan tuturan ingkang dipuntuturaken. Tindak ilokusi inggih menika tindak tutur ingkang ngemot teges saha fungsinipun minangka daya ujar.
Fungsinipun tindak ilokusi inggih menika asertif, direktif, komisif, ekspresif, deklaratif. Lajeng tindak tutur perlokusi inggih menika efek saking tuturan
ingkang dipuntuturaken dening penutur. Perkawis ingkang dipunteliti wonten ing panaliten menika babagan tindak
tutur ekpresif. Tindak tutur ekpresif inggih menika tindak tutur ingkang ngandharaken satunggaling kahanan ingkang dipunraosaken dening penutur.
Tindak tutur ekpresif menika gadhah fungsi ingkang maneka warni. Fungsi saking tindak tutur ekpresif inggih menika nyuwun pangapunten, matur nuwun,
paring simpati, ngandharaken mangayubagya, ngandharaken pangajeng-ajeng saha panantang.
Fungsi-fungsi ingkang wonten ing tindak tutur ekspresif menika dipungayutaken kaliyan konteks. Kanthi konteks tegesing tuturan saged
dipunmangertos. Konteks wonten ing panaliten menika dipunandharaken dening Dell Hymes inggih menika : setting and scene; participants; ends; act
sequences; key; instrumentalities; norm; genre ingkang dipunrantam dados akronim SPEAKING.
Wujud tindak
tutur ekspresif wonten ing
panaliten menika
dipungayutaken kaliyan kahanan ujar gadhah tiga jinis ukara. Jinis ukara ingkang dipunrembag wonten ing panaliten menika inggih menika ukara carita,
ukara pakon, saha ukara pitakon.
33
BAB III CARA PANALITEN
A. Jinising Panaliten
Panaliten kanthi irah- irahan “Tindak tutur ekspresif wonten ing
Antologi cerkak Maruku anggitanipun Titik Renggani” menika ngginakaken
metode deskriptif. Metode deskriptif inggih menika metode ingkang dipuntindhakaken adhedhasar kasunyatan utawi fenomena empiris saengga
data ingkang dipunasilaken utawi dipunserat awujud basa kanthi andharan sawontenipun Sudaryanto, 1988:62. Jinis metode deskriptif wonten ing
panaliten menika ngasilaken data awujud data ingkang nyata ingkang dipunserat kanthi ngandharaken tuturan-tuturan saking paraga wonten ing
Antologi cerkak Maruku anggitanipun Titik Renggani. Metode deskriptif wonten ing panaliten menika dipunginakaken kangge ngandharaken jinising
tindak tutur ekpresif, titikanipun tindak tutur ekspresif saha fungsinipun tindak tutur ekspresif wonten ing Antologi cerkak Maruku anggitanipun Titik
Renggani.
B. Data saha Sumbering Data
Data ingkang dipunanalisis wonten ing panaliten menika awujud tuturan tindak tutur ekspresif gayut kaliyan babagan jinis tindak tutur
ekspresif, titikanipun tindak tutur ekpresif saha fungsinipun tindak tutur ekspresif. Sumbering data wonten ing panaliten menika Antologi Cerkak
Maruku anggitanipun Titik Renggani. Antologi cerkak menika kandelipun 284 kaca ingkang kadadosan saking 7 irah-irahan. Antologi Cerkak Maruku
anggitanipun Titik Renggani menika dipunterbitaken dening Absolute 2011 minangka cetakan pertama. Tata panyeratan wonten ing Antologi Cerkak
Maruku anggitanipun Titik Renggani boten jumbuh kaliyan paugeran tata panyeratan ingkang leres. Ukara-ukara ingkang sinerat wonten ing Antologi
Cerkak Maruku anggitanipun Titik Renggani menika dipunserat miturut ukara nalika dipunlisanaken kadosta
‘padha‟ dados ‘podho‟, ‘ana‟ dados ‘ono‟, saha ‘aja‟ dados ‘ojo‟. Wonten ing panaliten menika boten ngewahi
ukara-ukara ingkang boten leres kaliyan paugeran tata panyeratan. Panaliten menika jumbuh kaliyan menapa wontenipun ukara ingkang sinerat wonten
ing Antologi Cerkak Maruku anggitanipun Titik Renggani. Wonten ing panaliten menika ukara ingkang minangka data dipunserat ngginakaken garis
bawah supados saged bedakaken antawisipun data kaliyan ukara minangka andharanipun panaliti. Antologi Cerkak Maruku anggitanipun Titik Renggani
dipundadosaken sasaraning panaliten amargi ngemot tuturan-tuturan tindak tutur ekpresif
C.
Caranipun Ngempalaken Data
Caranipun ngempalaken data wonten ing panaliten menika kanthi migunakaken teknik maos-nyerat. Panaliti maos Antologi Cerkak Maruku
anggitanipun Titik Renggani kanthi premati supados saged manggihaken tuturan ingkang gayut kaliyan tindak tutur ekspresif. Cara anggenipun
netepaken tuturan tindak tutur ekspresif inggih menika dipunjumbuhaken kaliyan gegaraning teori wonten ing panaliten menika. Lajeng tuturan tindak
tutur ekspresif ingkang sampun dipuntetepaken, dipunpantha-pantha miturut
jinis, titikan saha fungsinipun. Cara anggenipun netepaken jinis, titikan saha fungsinipun tindak tutur ekspresif inggih menika dipunjumbuhaken kaliyan
gegaraning teori ing panaliten menika. Sasampunipun teknik maos, dipunlajengaken teknik nyerat. Teknik nyerat katindhakaken kanthi cara
nyerat sedaya tuturan ingkang sampun dipunanalisis saha dipuntandhani wonten ing kartu data.
D . Pirantining Panaliten
Pirantining panaliten inggih menika piranti ingkang dipunginakaken kangge mbiyantu panaliti nalika nindhakaken panaliten. Pirantining panaliten
ingkang dipunginakaken wonten ing panaliten menika inggih menika kartu data saha tabel analisis. Kartu data ing panaliten menika dipunginakaken
kangge nyerat data ingkang sampun dipunpanggihaken. Dene tabel analisis dipunginakaken kangge nglebetaken data ingkang sampun dipunkempalaken
wonten ing kartu data. Analisis data wonten ing panaliten menika kedah jumbuh kaliyan teori ingkang sampun kaandharaken. Wujud tabel kartu data
kados wonten ing ngandhap menika.
Tabel 1. Kartu Data Panaliten.
No. 1 Konteks
:Joko saha
Arum pacelathon
babagan sesambunganipun.Lajeng Arum sanjang bilih tiyang
sepuhipun nyuwun menawi sesambunganipun saged dipunresmikaken.
Tuturan :
“Njaluke ngono yo ora popo.” Sumber
: CM18ACM
Analisis :
a. Jinising ukara TTE : Ukara carita. b. Titikanipun TTE : Awujud ukara
“Njaluke ngono yo ora popo.”
c. Fungsi TTE : Ngandharaken tumindhak pasarujukan.