Penandha Tindak tutur Ekspresif

ekspresif menika katitik saking klausa “nanging aku wedi anggonku arep matur sampeyan mas”. Wujud titikan tuturan ekspresif wonten tuturan ing nginggil awujud klausa amargi kaperang saking kalih tembung utawi langkung ingkang ngemot wasesa saha katitik saking tembung ‘nanging’ minangka tembung panggandeng wonten ing ukara menika. d. Tindak tutur ekspresif titikan ukara Trisni : “Sampun matur nuwun Pak, mangke rak nggih sehat malih.” CAK147ACM Ukara “Sampun matur nuwun Pak, mangke rak nggih sehat malih.” menika kalebet tindak tutur ekspresif amargi ngandharaken tumindhak nolak kanthi cara alus saking Trisni dhumeteng Pak Lurah. Ukara menika dipunandharaken dening Trisni kangge ngandharaken pangraos nolak dhumateng Pak Lurah jalaran Trisni boten kersa dipunderekaken wonten ing dokteran dening Pak Lurah. Ukara menika kalebet tindak tutur ekspresif amargi katitik saking ukara ‘Sampun matur nuwun pak, mangke rak nggih sehat malih.’ Wujud titikan tuturan ekpresif wonten tuturan ing nginggil awujud ukara amargi kaperang saking kalih klausa saha dipunwiwiti kanthi huruf kapital saha dipunpungkasi kanthi tandha titik.

6. Fungsi Tindak tutur Ekspresif

Miturut Austin wonten ing bukunipun “How to do Things with Word” fungsi tindak tutur ekspresif utawi Behabitif dados pitu inggih menika nyuwun pangapunten, matur nuwun, simpati, ngandharaken tumindhak, salam, pangajeng-ajeng, nentang. Fungsi tuturan ekspresif menika badhe dipunandharaken kanthi langkung cetha wonten ing ngandhap menika. a. Fungsi tuturan nyuwun pangapunten Fungsi tuturan nyuwun pangapunten inggih menika ngandharaken pangraos keduwung utawi rumaos klentu babagan tumindhak ingkang dipuntindakaken saking penutur dhumateng mitra tutur. Tuturan nyuwun pangapunten ugi dipunginakaken minangka simbol sopan santun nalika nindakaken tumindhak ingkang kirang trep kaliyan pangraosipun penutur. Tuladhanipun fungsinipun tuturan nyuwun pangapunten inggih menika. Arum : “ Bu, aku njaluk ngapura Bu, aku wis ngrekasake ibu. Aku njaluk ngapura bu..”. CM54AMC Ukara menika kalebet fungsi tuturan nyuwun pangapunten amargi ngemot titikan frasa ‘njaluk ngapura’ minangka frasa ingkang ngandharaken tindakan nyuwun pangapunten. Ancasipun tuturan menika supados ibunipun Arum paring pangapunten dhumateng Arum. Arum nyuwun pangapunten dhumateng ibunipun amargi sampun kesah kaliyan garwanipun boten kanthi pangestu saking ibunipun Arum. b. Fungsi tuturan panuwun Fungsi tuturan panuwun menika tuturan piwales saking penutur dhumateng mitra tutur ingkang sampun paring kebecikan dhumateng penutur. Tuturan panuwun ugi dipunginakaken minangka wujud sopan santun nalika ngendikan ngengingi nolak salah satunggaling bab. Tuladhanipun fungsinipun tuturan panuwun inggih menika. Arum : “Mas, ayo ndang siram banyune wis tak cepake mundhak selak adhem. ” Joko : “ Nuwun yo Rum.” CM292 ACM Ukara “ Nuwun ya Rum” menika kalebet fungsi tuturan panuwun amargi ngemot titikan tembung ‘nuwun’ minangka tembung ingkang ngandharaken tindakan panuwun. Ancasipun ukara menika ngandharaken panuwunipun Joko dhumateng Arum ingkang sampun nyepakaken toya anget kangge Joko. c. Fungsi tuturan simpati Fungsi tuturan simpati menika ngandharaken tuturan tumut ngraosaken raos pangraos ingkang dipunraosaken dening mitra tutur. Tuturan simpati menika kaperang dados kalih inggih menika bela sungkawa saha paring mangayubagya. Tuturan simpati bela sungkawa menika tuturan ingkang ancasipun ngandharaken pangraos sedhih babagan kahanan ingkang kirang ngremenaken ingkang dipunraosaken dening mitra tutur. Tuturan simpati paring mangayubagya menika tuturan ingkang ancasipun ngandharaken pangraos bingah babagan kahanan ingkang ngremenaken, kadosta paring mangayubagya babagan kelulusan saha paring sugeng ambal warsa. Tuladhanipun fungsi tuturan simpati inggih menika. Arum : NANGIS Mas.. aku ora sido duwe an a Mas… aku.. aku.. Joko : “Wis to Rum, kuwi aja ndadekake atimu sedhih. Isih ana wektu. CM313ACM.