Contoh Teks Pidato Materi Pembelajaran

Pertemuan II 1. Setelah diberi materi tentang teks pidato, secara mandiri peserta didik dapat menjelaskan kaidah penulisan teks pidato secara lisan dan tulis. 2. Setelah diberi materi tentang teks pewara, secara mandiri peserta didik dapat menjelaskan kaidah penulisan teks pidato secara lisan dan tulis 3. Setelah diberi materi tentang teks pidato, secara mandiri peserta didik dapat menulis kerangka pidato. Pertemuan III 1. Setelah diberi materi tentang teks pidato , secara mandiri peserta didik dapat mengembangkan kerangka pidato menjadi naskah pidato lengkap sesuai konteks. 2. Setelah diberi materi tentang teks pidato , secara mandiri peserta didik berpidato tentang kegiatan.

D. Materi Pembelajaran

Materi Pokok  Teks pidato  Struktur teks pidato  Unsur kebahasaan dalam teks pidato: - Pidato resmi - Pidato tak resmi  Kaidah menulis teks pidato  Kaidah menulis teks pewara.  Kerangka pidato  Teknik mengembangkan kerangka pidato menjadi naskah pidato secara utuh  Teknik berpidato

1. Contoh Teks Pidato

Materi Pembelajaran Buku “Lantip Basa Jawa Kelas IX SMP, Wulangan 3 Tanggap Wacana Pidhato Pepisahan Sesulih Siswa Kelas IX Assalamu’alaikum Wr. Wb. Kangem para rawuh ingkang agami sanes, kula aturaken salam mugi raharja Kawilujengan saha kabagaswarasan mugya tansah kajiwa kasarira dhumateng panjenengan sedaya dalasan kula.  BapakIbu Kepala Sekolah ingkang satuhu kula bekteni  BapakIbu guru ingkang satuhu kinurmatan  Kadang kula kelas IX ingkang kula tresnani  Kadang kula kelas VII lan VIII ingkang kula tresnani  Saha para lenggah ingkang satuhu bagya mulya. Minangka purwakaning atur sumangga kita sesarengan ngaturaken puja lan puji syukur ing ngarsanipun Gusti ingkang Maha Agung ingkang sampun paring kanugrahan, rahmat, sarta hidayahipun dhumateng panjenengan sedaya dalasan kula, satemah ing kalenggahan punika kula lan panjenengan sedaya saged kempal kanthi pinayungan karaharjan lan kabagaswarasan. Bapak Ibu Guru satuhu kinurmatan. Kula saha rencang-rencang kelas IX, ingkang sekedhap malih badhe nilaraken bangkuning pawiyatan SMP . . . punika, saestunipun awrat, badhe nilaraken pawyatan menika, nanging kados pundi malih, bilih wonten pepanggihan tamtu badhe wonten pepisahan. Jer kula panjenengan sami namung manungsa limrah boten kuwawi nyelaki pepesthening Gusti ingkang Maha Agung. Bapak Ibu Guru ingkang satuhu kinurmatan, kula minangka sesulih saking kelas IX ngaturaken agunging panuwun dene para Bapak Ibu Guru sampun ikhlas paring pitedah saha panggulawentah ingkang ageng paedahipun. Kula dalah rencang-rencang kelas IX ugi ngaturaken samodra pangaksama ingkang tanpa upami menawi sadangunipun ngangsu kawruh wonten tindak-tanduk ingkang kirang trapsila saengga andadosaken kuciwa ing manahipun Bapak Ibu Guru. Kula boten saged atur lelintu punapa-punapa, kejawi namung atur puja-pudyastuti wonten ngarsaning pangeran mugi sadaya amal kasaenan panjenengan pikantuk lelintu ingkang murwat saking Gusti ingkang Maha Agung. Mboten kesupen dhumateng adhik-adhik kelas VII lan VIII ingkang kula tresnani, kula dalah rencang kelas IX ugi nyuwun pangaksama menawi ing pasrawungan wonten tindak-tanduk ingkang kirang trapsila. Kula ugi namung saged memuji, mugya adhik-adhik kelas VII saha VIII ugi saget kasil anggenipun ngangsu kawruh wonten pawyatan menika ing tembe mburi. Para lenggah ingkang kinurmatan, cekap samanten atur pepisahan punika, menawi wonten kiranging atur kaladuking wicanten, kula tansah nyuwun agunging samodra pangaksami. Wassalamu’alaikum Wr. Wb.

2. Struktur Teks Pidato