Struktur Teks Pidato Panyapa sapaan Purwaka Wusana penutup Unsur kebahasaan teks pidato Basa sing digunakake ing pidhato resmi yaiku basa baku dene ing pidhato ora resmi basa ora baku. Kaidah menulis teks pidato
Kadang kula kelas VII lan VIII ingkang kula tresnani
Saha para lenggah ingkang satuhu bagya mulya.
Minangka purwakaning atur sumangga kita sesarengan ngaturaken puja lan puji syukur ing ngarsanipun Gusti ingkang Maha Agung ingkang sampun paring kanugrahan,
rahmat, sarta hidayahipun dhumateng panjenengan sedaya dalasan kula, satemah ing kalenggahan punika kula lan panjenengan sedaya saged kempal kanthi pinayungan
karaharjan lan kabagaswarasan.
Bapak Ibu Guru satuhu kinurmatan. Kula saha rencang-rencang kelas IX, ingkang sekedhap malih badhe nilaraken bangkuning pawiyatan SMP . . . punika, saestunipun
awrat, badhe nilaraken pawyatan menika, nanging kados pundi malih, bilih wonten pepanggihan tamtu badhe wonten pepisahan. Jer kula panjenengan sami namung
manungsa limrah boten kuwawi nyelaki pepesthening Gusti ingkang Maha Agung.
Bapak Ibu Guru ingkang satuhu kinurmatan, kula minangka sesulih saking kelas IX ngaturaken agunging panuwun dene para Bapak Ibu Guru sampun ikhlas paring
pitedah saha panggulawentah ingkang ageng paedahipun. Kula dalah rencang-rencang kelas IX ugi ngaturaken samodra pangaksama ingkang tanpa upami menawi
sadangunipun ngangsu kawruh wonten tindak-tanduk ingkang kirang trapsila saengga andadosaken kuciwa ing manahipun Bapak Ibu Guru. Kula boten saged atur lelintu
punapa-punapa, kejawi namung atur puja-pudyastuti wonten ngarsaning pangeran mugi sadaya amal kasaenan panjenengan pikantuk lelintu ingkang murwat saking Gusti
ingkang Maha Agung. Mboten kesupen dhumateng adhik-adhik kelas VII lan VIII ingkang kula tresnani, kula dalah rencang kelas IX ugi nyuwun pangaksama menawi ing
pasrawungan wonten tindak-tanduk ingkang kirang trapsila. Kula ugi namung saged memuji, mugya adhik-adhik kelas VII saha VIII ugi saget kasil anggenipun ngangsu
kawruh wonten pawyatan menika ing tembe mburi.
Para lenggah ingkang kinurmatan, cekap samanten atur pepisahan punika, menawi wonten kiranging atur kaladuking wicanten, kula tansah nyuwun agunging
samodra pangaksami. Wassalamu’alaikum Wr. Wb.