C. Nalaring Pikir
Parikan menika minangka salah satunggal
materi
ingkang wigatos dipunsinaoni dening para kadang mudha sakmenika, mliginipun kangge siswa
SMP kelas VII amargi parikan menika minangka wujud saking budaya Jawi ingkang prelu dipunlestantunaken. Parikan saged nggladhen tiyang bilih menawi
badhe ngendika kedah dipunpenggalih rumiyin wos saking ukara ingkang dipunandharaken. Parikan nedahaken kaprigelanipun tiyang anggenipun ngolah
tembung. Parikan kedah dipunwucalaken kanthi sae supados para siswa saged
gampil anggenipun nampi
materi
parikan. Ananging anggenipun ngandharaken
materi
parikan guru migunakaken
variasi metode
ingkang boten migunakaken
media
. Babagan menika njalari siswa boten ngraosaken remen anggenipun sinau
materi
parikan. Adhedhasar perkawis menika panaliten menika badhe mujudaken
media
pasinaon telu dadi parikan kanthi
program macromedia flash professional 8
kangge siswa SMP kelas VII.
Media
pasinaon menika dipundamel kanthi njumbuhaken
kompetensi inti
saha
kompetensi dasar
ipun
.
Kajawi saking menika ugi dipuntindakaken
uji validasi media
pasinaon dening
dosen ahli media, dosen ahli materi,
guru basa Jawi saha panyaruwe saking siswa kelas SMP VII.
Media
pasinaon menika dipunkajengaken saged nggangsaraken wonten ing pasinaon
materi
parikan saha ndamel pasinaon
materi
parikan langkung ngremenaken satemah saged njalari kasil saking pasinaon saged sae jumbuh kaliyan
standar
penilaian.
31
BAB III CARA PANALITEN
A. Jinising Panaliten
Metode
panaliten wonten ing panaliten menika migunakaken
metode penelitian dan pengembangan
utawi
research and development,
ingkang dipunsebat ugi
metode RD.
Miturut Sugiyono 2013:297
research and development metode
panaliten ingkang dipunginakaken kangge ngasilaken satunggaling
produk
tartamtu, kaliyan nguji
keefektifan
saking
produk
kasebat. Lajeng miturut Borg Gall 1983:772
metode research and development
inggih menika
salah satunggaling
proses
ingkang dipunginakaken
kangge ngrembakakaken saha ngesahaken
produk
wonten ing
bidang
pendhidhikan. Ingkang cak-cakanipun inggih menika, ningali asil-asil panaliten saderengipun
ingkang jumbuh kaliyan
validitas komponen-komponen
wonten ing
produk
ingkang badhe dipundamel
,
mujududaken dados satunggaling
produk,
dipun
uji coba,
saha ngoreksi
produk
kasebat adhedhasar asil
uji coba.
Panaliten menika migunakaken
model prosedural,
inggih menika migunakaken cara ingkang urut saha kedah dipunlampahi dening panaliti kangge
ngasilaken satunggaling
produk.
Panaliten dipunlampahi kanthi 1 Tataran
analisis,
2 tataran
desain media,
3 tataran damel
media,
4 tataran
validasi
saha
uji coba,
saha 5 tataran
revisi
saha damel
produk
ingkang pungkasan.