1 Gampil anggenipun migunakaken
2 Kangge hiburan ananging tetep wonten
materi
ingkang dipunsinaoni 3
Saged dipunginakaken wonten griya dening siswa kanthi mandiri 4
Saged nuwuhaken raos
kompetitif
amargi dolanan menika kangge lare kalih 5
Kangge nguri-uri dolanan tradhisional masarakat Jawi
Salajengipun kakirangan saking
media
dolanan menika,
game
utawi dolanan ing salebeting
media
menika winates kangge kalih siswa kemawon.
B. Panaliten ingkang Jumbuh
Panaliten ingkang jumbuh kaliyan panaliten menika inggih menika panaliten saking Tri Ari Hardiyanti mahasiswa jurusan pendidikan basa daerah
kanthi nomor induk mahasiswa 09205241067. Kanthi iran- irahan “Pengembangan
Media Interaktif kanthi
Aplikasi Adobe Flash CS5
wonten ing Piwulangan Lagu Dolanan tumrap Siswa Kelas VII”
.
Panaliten menika nggadhahi ancas kangge ngrantam, ndamel, nguji
media
saha ngandharaken panyaruwe siswa saking
media
pasinaon ingkang dipundamel
.
Panaliten Tri saged dados dhasaring panaliten menika amargi panaliten menika sami-sami migunakaken metode
Reseach Development
ingkang saged dipunginakaken minangka saran anggenipun damel
media
. Bedanipun wonten ing panaliten Tri ngginakaken
program Adobe Flash CS5
menawi wonten ing panaliten menika ngginakaken
program macromedia flash professional 8.
Beda sanesipun inggih menika babagan
materi
nipun. Salajengipun panaliten ingkang jumbuh inggih menika saking Laeli
Maftukhah mahasiswa jurusan pendidikan basa daerah kanthi nomor induk
mahasiswa 08205244010. Kanthi iran-irahan “Pengembangan Macromedia Flash
Professional 8 sebagai Media Pembelajaran Wangsalan untuk Siswa SMP kelas VIII”
.
Panaliten menika nggadhahi ancas kangge ngrantam, ndamel, nguji
media,
saha ngandharaken panyaruwe siswa saking
media
pasinaon ingkang dipundamel. Panaliten Laeli saged dados dhasaring panaliten menika amargi panaliten
menika sami-sami migunakaken metode
Reseach Development
saha
aplikasi macromedia flash professional 8
ingkang saged dipunginakaken minangka saran anggenipun damel
media
. Bedanipun wonten ing panaliten Laeli ngandharaken
materi
wangsalan, lajeng wonten panaliten menika ngandharaken parikan. Ingkang pungkasan, panaliten ingkang jumbuh inggih menika panaliten
saking Exwan Andriyan Verrysaputro mahasiswa jurusan pendidikan basa daerah kanthi nomor induk mahasiswa 10205244071. Kanthi iran-
irahan “Media Pasinaon Nyemak Cariyos Wayang kanthi Program
Macromedia Flash Professional 8
kangge Siswa SMP Kelas VIII”
.
Panaliten menika nggadhahi ancas kangge ngrantam, ndamel, nguji
media
ingkang dipundamel mawi
program macromedia flash professional 8,
saha ngandharaken panyaruwe siswa saking
media
pasinaon ingkang dipundamel. Panaliten Exwan saged dados dhasaring panaliten menika amargi panaliten
menika sami-sami migunakaken metode
Reseach Development
saha
aplikasi macromedia flash professional 8
ingkang saged dipunginakaken minangka saran anggenipun damel
media
. Bedanipun wonten ing
materi
ingkang dipunginakaken.
Objek
saking panaliten Exwan
inggih menika siswa SMP kelas VIII, wonten ing panaliten menika ingkang dados
objek
inggih menika siswa SMP kelas VII.
C. Nalaring Pikir