Alokasi Waktu Pendekatanan Metode Pembelajaran i.

No. Soal Kriteria Bobot Nilai I. 1. Kepriya unggah-ungguhe wong micara marang wong liya ? 2. Gawea pacelathon kang ngemu surasa bab tetepungan karo kancamu Ketepatan jawaban 2 2 II. 1. Isinen cecek-cecek ing pacelathon ngisor iki kanthi trep Widada : “Dhik … dhik kae simbah wis ............. a Widati : “Pak, Bu… menika simbah sampun rawuh Kabeh padha metu saka ngomah mapagake simbah kakung putri. Widada miwiti salaman kanthi ngaras astane simbah kakung lan putri di susul adhi-adhine, karo matur “Sugeng rawuh mbah” banjur Widada nggawakake tase simbahe, kanthi rasa .......... b Bapak : .............. c Pak, Bu” Simbah Kakung : “Iya rak ya padha slamet ta? Ibu : Pangestunipun bapak saha ibu, sedaya ginanjar wilujeng” Simbah Putri :”Kae Wid, simbah ............ d manggis kesenenganmu, enggal dhudhahen oleh-olehe Widada : “Wah matur nuwun sanget mbah, dhik oleh- olehe simbah iki gawanen Widaningsih : “Simbah putri , mangke dalu kula nyuwun dipun dongengi malih nggih.” Simbah Putri :”Iya-iya mengko bengi simbah bakal ndongeng kanggo kowe kabeh’ Widati : “Nembang lagu dolanan ugi nggih mbah Simbah Putri : “Iya dongeng lan nembang lagu dolanan .” Ketepatan jawaban dengan wacana yang diberikan 2 2 2 2 2. Kasebutna piwulang luhur ing pacelathon ing dhuwur 2 III. 1. Kepriye anggonmu pamitan marang Bapak lan Ibu nalika arep mangkat sekolah ? 2. Kepriye patrape awak nalika matur ? 3. Kapriye anggonmu matur marang Bapak lan Ibu Guru naliika teka telat arep mlebu kelas ? Ketepatan jawaban dengan wacana yang diberikan 2 2 2 Kunci Jawaban I. 1. Unggah-ungguhe wong micara : a. Migunakake wicara kang becik b. Aja gampang ngetokake tembung-tembung kang kasar c. Guneme sing becik lan saperlune wae. d. Aja nyela gunemane wong liya, entenana nganti ukarane rampung. e. Aja gampang nyacad lan maido marang panemune wong liya, 2. Pacelathon tetepungan Hendarti : “Eh, kowe rak siswa anyar ta. Jenengmu sapa ?” Riyanti : “Aku Riyanti. Kowe sapa lan kelas VII apa ?” Hendarti : “Aku Hendarti, aku ing kelas VII B.” Riyanti : “Lho, padha yen ngono. Kowe saka SD ngendi ?” Hendarti : “Aku saka SD Kanoman. Yen kowe?” Riyanti : “Aku saka MI Keputran.” Hendarti : “MI, apa kuwi MI?” Riyanti : “MI iku Madrasah Ibtida’iyah. Ya padha karo SD lah.” Hendarti : “ E... wis bel, ayo melu Upacara Pambukaan Masa Orientasi Siswa , yuk ” Riyanti : “Ayo II. 1. Rawuh 1, Bungah 2, Sugeng rawuh 3, Ngasta 4 2. Piwulang budi pekerti : 4. Tamu iku kaya dene ratu mula kudu diajenilan dikurmati kanthi becik, ulat grapyak, sumanak apa maneh sanak sedulur lan sesepuh 5. Ngangsua kawruh marang wong tuwa , sebab pituture bisa kanggo tuladha ing tembe mburi kanggo sanguning urip