Penilaian Sikap Sosial Penilaian Sikap Saat diskusi

bahasa yang sederhana dengan bahasa yang santun.

C. Materi Pembelajaran

Pranatacara yaiku salah sijining paraga sing nduweni jejibahan nglantarake lumakune sawijing acara kayata: manten, kesripahan, acara resmi formal, pengajian, rapat,lsp. Pranatacara uga asring kasebut Master of Ceremony MC, pambiwara, pranata adicara, pranata titilaksana, utawi pranata laksitaning adicara. Supaya dadi pranatacara kang becik kudu gelem nyinau utawa nglakoni : 1. Olah swara 2. Olah raga 3. Olah busana 4. Olah basa 5. Olah sastra 1. Olah swara yaiku gladhen kedaling lesan pelafalan sarana ngeja abjad, tuladhanipun ka, kha, da, dha, ta, tha, lsp. Gladhen wicara kanthi pocapan sing bener. Gladhen lagu utawa wirama, gegayuta bab ssero lirih, cendhek dhuwur, sarta dawa cendhaking swara. 2. Olah raga yaiku nindakake olah raga supaya badan tansah sehat. Badan utawa jasmani kang sehat iku wigati banget tumrape pranatacara. Tuladhane olah raga kang bisa ditindake antarane; senam, mlayu-mlayu, lan olah raga liyane sing sakirane bisa marake badan sangsaya sehat. 3. Olah busana yaiku Pranatacara kudu bisa manganggo sandhangan kang trep karo kahanan nalika dadi pranatacara. Umpamane sandhangan resik, warna utawa rupa iya kudu pas karo kahanan. Yen ana ing layatan ya ora nganggo kang sarwa mompyor lan sapiturute. 4. Olah basa yaiku nggladhi lan nyinau migunakake basa kang bener mungguhing paramasatra lan trep marang kahanan. Tegese endi basa kanggo acara resmi, basa kanggo acara mirunggan, pranatacara kudu bisa nglarasake basa kang digunakake karo kahanan lan para rawuh kang diahepi. 5. Olah sastra yaiku nyinau babagan kasusastran kang bisa danggo nalika ngayahi jejibahan dadi pranatacara supaya luwih endah lan narik kawigaten. Tuladhane migunake tembang, parikan, wangsalan, lsp. Nalika ngayahi kuwajiban ana ing sawijining acara, pranata cara kudu nggatekkake baba-bab kaya ngisor iki: 1. Sesambungan karo panitia utawa seksi acara 2. Paraga liyane kang bakal ngisi acara paring pangandikan 3. Waktune acara katindake 4. Para paraga kang rawuh utawa diundang 5. Bagian alat umpamane sound system, lampu . Tuladha wicara pranatacara ing acara perpisahan sekolah. Assalumu’alaikum wr. wb. Panjenenganipun Ibubapak Kepala Sekolah ingkang tuhu dahat kinurmatan Panjenenganipun Bapak ketua komite sekolah ing tuhu minulya ing budi Bapak ibu wali muri kelas 9 ingkang tuhu kula hurmati Bapak ibu guru lan karyawan ingkang tansah bagya mulya Alasan para kanca kelas 7,8,9 ingkang kula tressnani. Langkung rumiyin sumangga panjenengan sedaya kula dherekaken ngunjukaken puji syukur wonten ngarsanipun Allah SWT ingkang sampun paring kanugrahan dhumateng panjenengan lan kula katitik wonten ing wekal menika panjenengan alasan kula pinarengaken kempal manunggal wonten ing papan menika kanthi wilujeng boten wonten alangan setunggal menapa. Para bapak para ibu sagung para rawuh ingkang kula hurmati Nyuwun pangapunten kula kumawani munggel pangandikan sawetawis nun inggih awit wonten ing wekdal menika kula ingkang kadhawuhan ndherekaken lampahing acara Perpisan lan Tutup tahun SMP N 2 Pakem. Para rauh ingkang tuhu kinurmatan Saderengipun acaara kawiwitan kepareng kula aturaken menggah urut- urutaning acara wonten ing wekdal menika. Ingkang sepisan pambuka Acara kaping kalih nun inggih pangandikan saking Pangarsa panitya perpisahan Acara ingkang kaping tiga pangandikan saking kepala sekolah. Acara kaping sekawan pangandikan saking komite sekolah Acara ingkang kaping gangsal pentas seni Acara ingkang kaping enem panutup Bapk ibu sagung para rawuh ingkang tuhu kinurmatan. Makaten menggah urut reroncenaning acara wonten ing wekdal menika. Kepareng hangancik acara ing sepisan nun inggih pambuka awit saking menika mangga kangge murwakani acara menika panjenengan kula dherekan ndedonga. Ndedonga kawiwitan…………….cekap matur nuwun.