Penilaian Pengetahuan Langkah-langkah Pembelajaran
Acara salajengipun inggih menika pangandikan saking ketua panitia.
Dhumateng panjenenganipun bapakIbu………………..wekdal saha papan
kula aturaken. Makaten wau panganikan saking ketua panitia dhumateng panjenenganipun
bapakibu………………kula aturaken agunging panuwun.
Bapak ibu sagung para rawuh ingkang kula hurmati Acara salajengipun inggih menika pangandikan saking bapakibu kepala
sekolah. Wekdal saha papan kula aturaken mangga.. Makaten wau pangandikan saking bapakibu kepala skolah.
Acara salajengipun inggih menika pangandikan saking ketua komite sekolah.
Humateng panjenenganipun bapakibu……………..wekdal saha papan kula
aturaken. Makaten wau pangandikan saking panjenenganipun bapakibu ketua komite
sekolah Bapak ibu sagung para rawuuh ingkang tuhu kinutmatan
Saha para kanca ingkang kula tresnani Hangancik acaraa salajengipun inggih menika pentas seni. Awit ssaking
menika dhumateng para kanca ingkang badhe caos panglipur dhateng sagung para rawuh wekdal saha papan kula aturaken.
acara pentas seni Bapak ibu sagung para rawwuh ingkang bagya mulya saha para kanca
ingkang kula tresnani makaten wau pasegahan panglipur saking apara kanca kelas 7,8,9
Bapak ibu para rawuh ingkang btuhu kinurmatan saha para kanca ingkang kula tresnani
Makaten lampahaing acara perpisahan saha tutup tahun wonten ing wekddal menika
Dumugining titi wanci acara panutup sumangga acara menika kita tutup sesarengan kanthi dedonga muji syukur wonten ngarsanipun Allah SWT
Dedonga kawiwitan. Matur nuwun makaten acara ing siang menika purwa madya dumugi wasana
sampun kaleksanan boten wonten alangan setunggal meenapa. Kula ingkang kadhawuhan ndherekaken lampahing acara ing siang menika
kathah pinanggih kalepatan ing basa dalasan suba sita kula nyuwun agunging pangaksama.
Jenang sela wader kali sesondheran Apuranta yen wonten lepat kawula
Matur nuwun
Wassalamu’alaikum wr. wb. Mangkono mau tuladha wicarane pranatacara ing acar perpisahan sekolah
Gatekna tembung-tembung kang gegayutan karo pranatacara. Basa rinengga
Tegese
dahat kinurmatan Dihurmati banget
minulya ing budi Budine muliya
tansah bagya mulya Tansah antuk kaabagyan lan kamulyan
kempal manunggal Kumpul dadi siji
munggel pangandikan sawetawis Medhot omongan sawetara ndherekaken lampahing acara
Dadi pranatcara Pangarsa panitya
Ketua panitia Hangancik acara
Mlebu ing acara urut reroncenaning acara
Urut-urutane acar kang wis disusun
Saka tuladha ing ndhuwur banjur kena diperang mangkene: 1.
Salam pambuka : ngucapkake salam kanggo miwiti micara Tuladha
-
Assalumu’alaikum wr. wb
-Mugi kasugengan tansah rumentah dhumateng panjenengan sedaya
2. Ukara pakurmatan: Nyebutake kang rawuh lan aweh pakurmatan.
Tuladha
-Panjenenganipun Ibubapak Kepala Sekolah ingkang tuhu dahat kinurmatan
-Panjenenganipun Bapak ketua komite sekolah ing tuhu minulya ing budi -Bapak ibu wali muri kelas 9 ingkang tuhu kula hurmati
-Bapak ibu guru lan karyawan ingkang tansah bagya mulya -Dalasan para kanca kelas 7,8,9 ingkang kula tressnani
3. Muji syukur: ngajak kang rawuh ngucapke puji syukur
Tuladha
Langkung rumiyin sumangga panjenengan sedaya kula dherekaken ngunjukaken puji syukur wonten ngarsanipun Allah SWT ingkang sampun
paring kanugrahan dhumateng panjenengan lan kula katitik wonten ing wekal menika panjenengan alasan kula pinarengaken kempal manunggal
wonten ing papan menika kanthi wilujeng boten wonten alangan setunggal menapa.
4. Isi : ngaturake apa kang dadi ancas tujuane ngadeg ana ngarep.
Tuladha
Nyuwun pangapunten kula kumawani munggel pangandikan sawetawis nun inggih awit wonten ing wekdal menika kula ingkang kadhawuhan ndherekaken
lampahing acara Perpisan lan Tutup tahun SMP N 2 Pakem. Para rauh ingkang tuhu kinurmatan
Saderengipun acaara kawiwitan kepareng kula aturaken menggah urut- urutaning acara wonten ing wekdal menika.
Ingkang sepisan pambuka Acara kaping kalih nun inggih pangandikan saking Pangarsa panitya
perpisahan Acara ingkang kaping tiga pangandikan saking kepala sekolah.
Acara kaping sekawan pangandikan saking komite sekolah Acara ingkang kaping gangsal pentas seni
Acara ingkang kaping enem panutup Bapk ibu sagung para rawuh ingkang tuhu kinurmatan. Makaten menggah urut
reroncenaning acara wonten ing wekdal menika
. 5.
Masrahake papan lan wektu: Ngaturake papan lan wektu marang para paraga kang bakal paring pangandikan utawa ngisi acara
Tuladha
Acara salajengipun inggih menika pangandikan saking ketua komite sekolah.
Humateng panjenenganipun bapakibu……………..wekdal saha papan kula
aturaken.
6. Pungkasane atur: Ngaturake yen anggone dadi pranatacara wis ditindake lan
nyuwun pangapura yen ana luput utawa kekurangan Tuladha
Matur nuwun makaten acara ing siang menika purwa madya dumugi wasana sampun kaleksanan boten wonten alangan setunggal meenapa.
Kula ingkang kadhawuhan ndherekaken lampahing acara ing siang menika kathah pinanggih kalepatan ing basa dalasan suba sita kula nyuwun agunging
pangaksama. Jenang sela wader kali sesondheran
Apuranta yen wonten lepat kawula
7. Salam panutup.: Ngucapake salam panutup
Tuladha
-
Wassalamu’alaikum wr. wb.
-Makaten atur kula, nuwun.
Mangkono mau tuladha wicarane pranatacara. Sing kudu dieling kabeh ora kena kaku nanging kudu luwes kabeh dijumbuhake marang kahanan lan sapa wae kang rawuh.