Penilaian Ketrampilan Langkah-langkah Pembelajaran

Nalika ngayahi kuwajiban ana ing sawijining acara, pranata cara kudu nggatekkake baba-bab kaya ngisor iki: 1. Sesambungan karo panitia utawa seksi acara 2. Paraga liyane kang bakal ngisi acara paring pangandikan 3. Waktune acara katindake 4. Para paraga kang rawuh utawa diundang 5. Bagian alat umpamane sound system, lampu . Tuladha wicara pranatacara ing acara perpisahan sekolah. Assalumu’alaikum wr. wb. Panjenenganipun Ibubapak Kepala Sekolah ingkang tuhu dahat kinurmatan Panjenenganipun Bapak ketua komite sekolah ing tuhu minulya ing budi Bapak ibu wali muri kelas 9 ingkang tuhu kula hurmati Bapak ibu guru lan karyawan ingkang tansah bagya mulya Alasan para kanca kelas 7,8,9 ingkang kula tressnani. Langkung rumiyin sumangga panjenengan sedaya kula dherekaken ngunjukaken puji syukur wonten ngarsanipun Allah SWT ingkang sampun paring kanugrahan dhumateng panjenengan lan kula katitik wonten ing wekal menika panjenengan alasan kula pinarengaken kempal manunggal wonten ing papan menika kanthi wilujeng boten wonten alangan setunggal menapa. Para bapak para ibu sagung para rawuh ingkang kula hurmati Nyuwun pangapunten kula kumawani munggel pangandikan sawetawis nun inggih awit wonten ing wekdal menika kula ingkang kadhawuhan ndherekaken lampahing acara Perpisan lan Tutup tahun SMP N 2 Pakem. Para rauh ingkang tuhu kinurmatan Saderengipun acaara kawiwitan kepareng kula aturaken menggah urut- urutaning acara wonten ing wekdal menika. Ingkang sepisan pambuka Acara kaping kalih nun inggih pangandikan saking Pangarsa panitya perpisahan Acara ingkang kaping tiga pangandikan saking kepala sekolah. Acara kaping sekawan pangandikan saking komite sekolah Acara ingkang kaping gangsal pentas seni Acara ingkang kaping enem panutup Bapk ibu sagung para rawuh ingkang tuhu kinurmatan. Makaten menggah urut reroncenaning acara wonten ing wekdal menika. Kepareng hangancik acara ing sepisan nun inggih pambuka awit saking menika mangga kangge murwakani acara menika panjenengan kula dherekan ndedonga. Ndedonga kawiwitan…………….cekap matur nuwun. Acara salajengipun inggih menika pangandikan saking ketua panitia. Dhumateng panjenenganipun bapakIbu………………..wekdal saha papan kula aturaken. Makaten wau panganikan saking ketua panitia dhumateng panjenenganipun bapakibu………………kula aturaken agunging panuwun. Bapak ibu sagung para rawuh ingkang kula hurmati Acara salajengipun inggih menika pangandikan saking bapakibu kepala sekolah. Wekdal saha papan kula aturaken mangga.. Makaten wau pangandikan saking bapakibu kepala skolah. Acara salajengipun inggih menika pangandikan saking ketua komite sekolah. Humateng panjenenganipun bapakibu……………..wekdal saha papan kula aturaken. Makaten wau pangandikan saking panjenenganipun bapakibu ketua komite sekolah Bapak ibu sagung para rawuuh ingkang tuhu kinutmatan Saha para kanca ingkang kula tresnani Hangancik acaraa salajengipun inggih menika pentas seni. Awit ssaking menika dhumateng para kanca ingkang badhe caos panglipur dhateng sagung para rawuh wekdal saha papan kula aturaken. acara pentas seni Bapak ibu sagung para rawwuh ingkang bagya mulya saha para kanca ingkang kula tresnani makaten wau pasegahan panglipur saking apara kanca kelas 7,8,9 Bapak ibu para rawuh ingkang btuhu kinurmatan saha para kanca ingkang kula tresnani Makaten lampahaing acara perpisahan saha tutup tahun wonten ing wekddal menika Dumugining titi wanci acara panutup sumangga acara menika kita tutup sesarengan kanthi dedonga muji syukur wonten ngarsanipun Allah SWT Dedonga kawiwitan. Matur nuwun makaten acara ing siang menika purwa madya dumugi wasana sampun kaleksanan boten wonten alangan setunggal meenapa. Kula ingkang kadhawuhan ndherekaken lampahing acara ing siang menika kathah pinanggih kalepatan ing basa dalasan suba sita kula nyuwun agunging pangaksama. Jenang sela wader kali sesondheran Apuranta yen wonten lepat kawula Matur nuwun Wassalamu’alaikum wr. wb. Mangkono mau tuladha wicarane pranatacara ing acar perpisahan sekolah Gatekna tembung-tembung kang gegayutan karo pranatacara. Basa rinengga Tegese