P: Emang kuwi ra marai mambu?
N: Sing selama iki dialami ora. Ora kerasa mambu. Trus kadang-kadang yo ganti
kok.
P: Kowe biasane opo?
N: Dettol.
P: Dettol? Ngopo kok dettol?
N: Dettol soale ditukokke.
P: Ditukokke karo?
N: Mbokku.
P: oo..lha sebelum di seminari kowe nganggo sabun opo neng omah?
N: Sabunne yo dettol nek ora lifebuoy.
P: Berarti kowe kerep kerepe nganggo sabun kuwi?
N: Hooh
P: Masmu wingi teko pas Hot?
N: Ora ning waisakan.
P: Waisakan?padahal udan
N: Hooh. Udan
P: Berarti selama kecil kowe nganggone Dettol?
N: Lifebuoy. Luwih sering lifebuoy. Tapi gonta ganti sih.
P: Sik yo..terpotong rekamane. Terus bar kui? Diulangi meneh ibumu tukune
opo? N:
Ibukku tukune Dettol. Kadang-kadang lifebuoy kadang-kadang Dettol.
P: Iki bel opo?
N: Bel mlebu.
P: Mlebu opo?
N: Mlebu kelas.
P: oo..sing kelas. Sik iki malah kepotong.
N: Kenapa memilih? Narasumber malah memiliki inisiatif membuat soal
P: oo..kenapa memilih?
N: Soale ana bonusane.
P: Emang bonusane apa?
N: Bonus sabun. Tuku loro entuk telu. Tuku papat entuk lima.
P: oo..entuk tambahan sabun?
N: Hooh
P: Terus bar kui kowe akhirnya membeli biore karna?
N: Pertama karna ben praktis.
P: Praktis piye?
N: Soale biyene ki dettole ki dettol batangan.
P: oo..biasane dettol batangan.
N: Hooh. Terus..ganti sing praktis. Kan luwih cepet nganggo kae. Nek adus. Trus
akhire anggo kuwi terus. Anggo sing cair terus. Terus akhir-akhire, tapi nek kadang-kadang nek ra duwe duit mbalik ning Dettol batangan kuwi.
P: Sing ditukokke kuwi?
N: Hooh. Dadi kuwi nggo serep.
P: Tapi kowe selalu dibawakan Dettol?
N: Ra selalu sih. Persediaan ket suwe. Mbiyene ki awal awal mlebu ki tuku pirang
bungkus, dadi sih akeh. Tekan MU ki pas tinggal siji.
P: Soko MP tekan MU isih ana?
N: Isih..pas gari siji.
P: Oalah..
N: Terakhir.
P: Terus, padahal lifebuoy ki yo ono sing cair. Dettol yo ono sing cair.
N: Dettol larang.
P: Dettol larang?
N: Huum.
P: Tetep milih biore?
N: Huum. Jan’e murahlifebuoy.
P: Kowe tuku ning ndi?
N: Tuku ning alfa.
P: Alfa ngarep kuwi?
N: Sing cedhak.
P: Bukanne kono larang?
N: Ora ngatekke rega.
P: Kowe ra ngatekke rega?
N: Nek mbanding mbandingke ra tau. Biasa nek mbanding mbandingke biasane
lali. Lali karo regane sing nek kono.
P: Kan kowe duwe buku keuangan to?
N: Nyatet. Tapi kesimpen ning kene satu semester.
P: Satu semester?
N: Hooh. Kuwi.
P: Tapi kowe kan duwe catatan pas semester awal
N: Duwe, tapi ning mitra mart.
P: Mitra mart ki neng ndi?
N: Mitra mart ki jejere alfa mart.
P: Neng ndi ne? kok aku ra ngerti. Kuwi yo warung?