P: IFO?
N: IFO badminton. Terus..MU ki bidel air minum karo bidel ketua bawil meneh.
OSIS aku bidel bel.
P: Emange kowe iso tangi isuk?
N: Iso. Dasare ra iso tapi mergone kuwi dadi iso.
P: Kuwi paling gara gara kowe kesed.
N: Ora. Kuwi mergo aku dipakake wae.
P: Koyo aku pas MP, mergone aku ra iso tangi dadi dikon dadi bidel bel.
N: Haha. Trus aku dadi bidel podestika.
P: Podestika karo estetika digabung?
N: Saiki dadi siji. Terus wingi terakhir ki Humas. Wis kuwi.
P: Terus..kamu sering berkomunikasi nggak sama temen temenmu?
N: Sering
P: Biasane komunikasine piye?
N: Langsung.
P: Tatap muka?
N: Tatap muka.
P: Kapan?
N: Setiap saat.
P: Ngobrol?
N: Ngobrol.
P: Biasane apa yang kamu omongin?
N: Yang diomongkan..ya semua hal. Nek kepanitiaan yo urusan kepanitiaan. Nek
urusan medan yo urusan medan. Nek pas gojek yo omongane ngalor ngidul ra cetha.
P: Ngomongke romo ngono wes tau?
N: oo..sering.
P: Fratere?
N: Hooh. Wis biasa.
P: Nek ngomongke gadget?
N: Ngomongke gadget paling yo sing karo wong wong tertentu. Sing..
P: Sing dong gadget?
N: Dong.
P: Parfum lah, shampo lah, sabun?
N: Yo ngono kuwi jarang sih. Ngomong ngomongke masalah ngono kuwi.
Tergantung..opo yo..tergantung pas kontekse kuwi. Tapi yo jaranglah nek ngomongke sabun.
P: Kowe kerep adus ra?
N: Kerep. Sregep
P: Padahal seminari adem lho. Aku ki mbiyen males adus.
N: Waa..aku ki sregep
P: Saben dina adus?
N: Saben dina.
P: Ping loro?
N: Yo kadang kadang siji. Nek tangine telat yo siji.
P: Tangi telat kok ra adus ngopo?
N: Yo, ben cepet.
P: Ben cepet misa?Lha kan iso setelah misa?
N: Wes adem. Males e.
P: Berarti males?
N: Wis kadung enak. Wis melek.
P: Lha kowe ngobrol biasane karo sopo? Paling banyak. Temenlah
N: Karo konco konco sak medan. Sak kelas. Sak bawil.
P: Bawil. Satu bawil berapa orang?
N: Satu bawil..wong..tergantung LHBne.
P: Kok tergantung LHB?
N: Saiki dibedake tergantugn LHB
P: Atas dasar?
N: Atas dasar ben semakin memperkuat..opo yo? Mendalami LHB tertentu.
P: Ha nek kowe sebawil berapa orang?
N: Aku sebawil tujuh
P: Tujuh orang? Sering ngobrol karo mereka?
N: Hooh
P: LHB opo?
N: Kuwi projo semarang
P: Projo semarang?
N: Hooh.
P: Berarti dari MU yang masuk Projo Semarang ada 7?
N: Ada 14,
P: o..berarti dibagi 2?
N: Dibagi 2
P: Kabeh mlebu?
N: Siji ora. Trus pindah bandung
P: Ketompo neng Bandung?