P: Pernah gak, karena sebuah obrolan terus seseorang koyo dibunuh
karakternya. Pembunuhan karakter. Pernah nggak? Karena obrolan bar kuwi ada seseorang terbunuh karakternya.
N: dari ngobrol terus diece terus terusan. Terus kegowo. Akeh sih. Berawal saka
salah nyeplos, njuk diece terus terusan sampe dadi paraban, yo sering.
P: contohe sing nganu, contohe sing karna gosip atau isu karna dari obrolan
dari mulut ke mulut itu terus jadi sesuatu yang besar itu apa? Ning
angkatanmu, selama ning seminari.
N: jeneng paraban cah cah. Pertama sing nggawe sak uwong. Sing ngerti sak bawil,
njuk dadi sak jekas ngerti. Terus sak medan ngerti, trus sak komunitas ngerti. Sampe wong tuwone ngerti, sampe wong tuwane ngganti jeneng anakke,
ngundang anake wis bedho meneh.
P: Contohe sopo?
N: Pepi, nama asline Iyan. Dadi Pepi.
P: Kenopo diundang Pepi?
N: mbiyen tau konangan nyepep, terus saiki dadi diundang Pepi. Saiki ibuke nek
nggoleki ning seminari, ngundange ora iyan, tapi Pepi.
P: Ibune ngerti ra tapi?
N: Ora ngerti aku.
P: Pas kapan kuwi? Angkatan?
N: Kuwi pas aku MT. hooh, pas MT.
P: kasus liyane opo? Mungkin ana sing tau dituduh ngono?
N: Delta. Delta ki udangane clemer. Clemer, mergo mbiyen ki dikon njumuk potus
tapi konangan kanca-kanca liya, dikira maling, diundange clemer. Terus- terusan, sak kelas, sak medan, akhire sak komunitas.
P: sak komunitas? Sak komunitas ngerti?
N: hooh.
Interupsi dari Frater Heri yang lewat P:
nek misale ada informasi, Kowe lebih percaya mana, omongan orang, televisi, temen deketmu, atau sumber lain?
N: yo, percoyo sing..nek wong ngomong sing ngomong kuwi wis akeh, yo
percoyo. Nek wong wis wani nyebarke ning, opo kuwi. Nyebarke informasi ning TV, apa meneh sing berita-berita kae, berarti wis, opo yo, berita berarti wis
iso dipercoyo. Nek karo TV yo percoyo-percoyo wae. Nek karo kanca, yo paling nek sesuatu sing biasa gampang nek percaya. Tapi nek mergo kanca-
kancaku kaya ngene ki dadi ra percaya.
P: kaya ngene ki piye?
N: yo kerep ndobosi, kerep ngapusi, dadi mikir ngono. Yo bukane ra percoyo, tapi
yo gur mergo wes kebiasan gojeg koyo ngono yo kegawa. Ana sing senengane ngakali, dadi kudu ati-ati.
P: tergantung orangnya berarti?
N: hooh.
P: nek misale kancamu ana sing nawari sesuatu, atau merekomendasikan
sesuatu. Kowe luwih percaya kancamu kuwi opo kowe kudu ndelok internet, memastikan dulu, opo percaya kancamu kuwi?
N: yo biasane nek masalah hal remeh temeh ngono, yo aku dewe. Saka kanca yo
iso.
P: misale sabun? Misale sabunmu nganggo iki wae, luwih apik nggo kulit.