Cara Ngempalaken Data Instrumen Panaliten

39

F. Validitas saha Reliabititas Data

Cara ingkang dipuntindakaken supados saged pikantuk kevalidan saking asiling panaliten inggih menika kanthi cara ngamati saha analisis kanthi cermat sarta miturut teori ingkang sampun wonten. Kanthi cara validitas menika data ingkang dipunpikantuk ngginakaken validitas triangulasi teori saha tetimbangan ahli. Validitas triangulasi teori dipuntindakaken kanthi cara njumbuhaken data kalihan teori ingkang dipunginakaken minangka dhasar. Validitas tetimbangan ahli saged dipuntindakaken kanthi konsultasi data asiling panaliten dhumateng dosen pembimbing, Prof. Dr. Endang Nurhayati, M. Hum saha Dra. Siti Mulyani, M. Hum. Wonten ing ngandhap menika tuladha jinising undha-usuk basa Jawi saha perkawis ingkang mangaribawani panganggenipun undha-usuk basa Jawi. “enggeh, menira badhe caos” “inggih, kula badhe caos” Jinising undha-usuk basa Jawi ingkang dipunginakaken wonten ukara ing nginggil inggih menika basa bagongan. Titikanipun wonten ing panganggenipun tembung “enggeh” menika kalebet tembung basa bagongan ingkang tegesipun “inggih”. Tembung “menira” menika kalebet tembung basa bagongan ingkang tegesipun “kula”. Tembung “badhe” saha “caos” menika tembung krama. Reliabilitas intra rater wonten ing panaliten menika kanthi nindakaken pamaosan saha ngrembag data makaping-kaping, saengga dipunpikantuk data ingkang stabil saha dipuntindakaken dening panaliti kanthi mandhiri. Data 40 ingkang sampun dipunpikantuk salajengipun dipunrembag miturut fokus masalah ingkang dipunginakaken wonten ing panaliten. Panaliten menika sampun pungkasan nalika data ingkang dipunpikantuk sampun stabil, saengga layak dipunanalisis wonten ing karya ilmiah. 41

BAB IV ASILING PANALITEN SAHA PIREMBAGANIPUN

A. Asiling Panaliten

Adhedasar data ingkang kapanggihaken dening panaliti, badhe ngandharaken perkawis saha jinising undha-usuk basa Jawi abdi dalem wonten ing Tepas pariwisata kraton Ngayogyakarta Hadiningrat. Langkung cetha malih kaandharaken ing ngandhap menika. Tabel 4. Jinis saha perkawis ingkang ndayani panganggenipun undha-usuk basa Jawi. No. Jinising undha-usuk Perkawis ingkang ndayani panganggenipun undha-usuk SPEAKING Indikator 1 2 3 4 1. Madya Ngoko - Setting and scene - Participant - Ends O1: “Wis sowan Den?” O2: “Nggih nembe mawon Rama.” Titikanipun inggih menika tembung madya kacampur kaliyan ngoko. - Tembung “wis” menika saking tembung wancah “uwis”. - Tembug “sowan” menika tembung krama inggil. - Tembung “Den” menika saking tembung wancah “Raden”. - Setting and scene :kawontenan sante