38
c. Interpretasi Data
Data ingkang sampun dipunperang jumbuh kaliyan kriteria salajengipun dipuntindakaken penafsiran data adhedhasar kawruh kebahasaan saha
kecermatan anggenipun nindakaken panaliten. Data dipunkaji adhedhasar
jinising undha-usuk basa Jawi saha samukawis ingkang ndayani panganggenipun undha-usuk basa Jawi abdi dalem kraton Ngayogyakarta
Hadiningrat.
d. Penyajian Data
Penyajian data wonten ing panaliten menika awujud uraian deskriptif saha
awujud tabel saking kertu Data. Uraian deskriftif menika ngandharaken jinising undha-usuk basa Jawi saha samukawis ingkang ndayani
panganggenipun undha-usuk basa Jawi abdi dalem kraton Ngayogyakarta Hadiningrat.
Tabel 3. Analisis Panganggenipun Undha-usuk Basa Jawi.
N o
Konteks Data
Undha-usuk Perkawis ingkang
ndayani panganggenipun
basa Ket.
N. Md.
Kr. Ba S P E A K I N G
L u
g u
an d
h ap
M .
N g
M .
K r
M d
y ta
ra M
d .
K r
K r.
ta ra
K r.
I n
g
1 Abdi dalem
O2 mangsul
i pitakena
n O1 bab
caos. O2:
“Engge h
menira badhe
caos.” √
√ √ √ O2 anggenipun
mangsuli ngginakaken
basa bagongan rumaketing
pasaderekan.
39
F. Validitas saha Reliabititas Data
Cara ingkang dipuntindakaken supados saged pikantuk kevalidan saking asiling panaliten inggih menika kanthi cara ngamati saha analisis kanthi cermat
sarta miturut teori ingkang sampun wonten. Kanthi cara validitas menika data ingkang dipunpikantuk ngginakaken
validitas triangulasi teori saha tetimbangan ahli. Validitas triangulasi teori
dipuntindakaken kanthi cara njumbuhaken data kalihan teori ingkang dipunginakaken
minangka dhasar.
Validitas tetimbangan
ahli saged
dipuntindakaken kanthi konsultasi data asiling panaliten dhumateng dosen pembimbing, Prof. Dr. Endang Nurhayati, M. Hum saha Dra. Siti Mulyani, M.
Hum. Wonten ing ngandhap menika tuladha jinising undha-usuk basa Jawi saha
perkawis ingkang mangaribawani panganggenipun undha-usuk basa Jawi. “enggeh, menira badhe caos”
“inggih, kula badhe caos” Jinising undha-usuk basa Jawi ingkang dipunginakaken wonten ukara ing nginggil
inggih menika basa bagongan. Titikanipun wonten ing panganggenipun tembung “enggeh” menika kalebet tembung basa bagongan ingkang tegesipun “inggih”.
Tembung “menira” menika kalebet tembung basa bagongan ingkang tegesipun “kula”. Tembung “badhe” saha “caos” menika tembung krama.
Reliabilitas intra rater wonten ing panaliten menika kanthi nindakaken
pamaosan saha ngrembag data makaping-kaping, saengga dipunpikantuk data ingkang stabil saha dipuntindakaken dening panaliti kanthi mandhiri. Data