3. TATASING KRAYUNAN
Hong pukulun sira kang kasedhahan krayunan, kaki penggawan penyarikan, nini penggawan penyarikan, kaki penggawan citra gotra, nini
penggawan citra gotra, kaki penggawan juru tulis, nini penggawan juru tulis sami sira amari imutna yen ingsun nebus ana atma saking krayunan, aja sira beda
nyengkala, aja sira ngadhang nyamentara, pan ingsun nebus satadhah sajimara punik a pukulun, bjra dhupa dandha mungsala naga pasa angkus lan cakra padma
titi candra ning pengaran, puncak manik maligi manik agok kapurancak sedana segara mendhung paes padmasari candran tumpeng wernan, mutiya sarine banten
saluputing puja banten jumenenga sari suka pawitra punika pukulun.
4. PUJA LIMBANG
Hong pukulun pangruwatan dewi surem ananing sanghyang gana sun papag sun arik-arik sun embaning sabuk putih, linggih ing parwa andeleng telaga
jeg teka ing kinama Hyang ning lawangan gapura, cinawi ing selaka undhak- undhak selaka, tinalangan wuluh gadhing tinandhuran tunjung putih cicibuke
siwur selaka, tan ana mina kubang kubaka ulun nata dewata tunggal, ngadega ngeka padha kardi kakana dosa murud muruda, busana busananing lusir putih , ing
kana pudusaning ulun limbang-limbangan salira, lulur-lulura asta, keti-ketika kunaka kirap-kirapa angaruna ngemu waja, ngawuk terta peksaning raup, punapa
karyaning pangruwatan ngaruwata lara raga lara geng lara wigena tuju teluh taraknyana, ngaruwata sakehe mala mastaka huniweh dhesti lan pengerkot sucur
lan supata, luputa supatane wong tuwo, supatane mara tuwa, supatane dulurtuwa, supatane sanak tuwa, supatane Hyang, supatane dewata, supatane guru, supatane
awak dewe karuwata dening ulun, asas-esus katuta ring barat lesus ala ili katuta ring banyu mili keliya marang segara den teka sabrang, lumayu ing kana
kahananira ing cempa, Jambudwipa, salot selandhong, Bugis Makasar yen sira arep Ngajawa balik salina rupa salina warna dadiya dadar sri sedana mas mirah
kumala inten jumanten ratna widuri, mekasa tirta lan pandhita wuwusing ulun, binaseka dinadotan binebetan ilanga kang rupa juti kariya kang warna jati, ing
kana nitiha ing padmasari, binaseka dinadotan binebetan, sinabukan kinerisan kinapihan apepek mesagi, anting-anting kelat bahu gelang gayur bagus cahyaning
ulun, widodara widodari anerun den sinungaken maring ulun saduweku sarwa putih, beja sampun samadi rineksa widodara dinulu ing widodari kawula nedha
kanugrahan widenilaning widening sakti sri yantru yamu nama siwaya pukulun. Hong pukulun pangruwatan dewi surem ananing sanghyang gana sun
papag sun arik-arik sun embaning sabuk abang , linggih ing daksina andeleng telaga jeg teka ing kinama Hyang ning lawangan gapura, cinawi ing tembaga
undhak-undhak tembaga , tinalanga n wuluh gadhing tinandhuran tunjung abang cicibuke siwur tembaga, tan ana mina kubang kubaka ulun nata dewata tunggal,
ngadega ngeka padha kardi kakana dosa murud muruda, busana busananing lusir abang, ing kana pudusaning ulun limbang-limbangan salira, lulur-lulura asta, keti-
ketika kunaka kirap-kirapa angaruna ngemu waja, ngawuk terta peksaning raup, punapa karyaning pangruwatan ngaruwata lara raga lara geng lara wigena tuju
teluh taraknyana, ngaruwata sakehe mala mastaka huniweh dhesti lan pengerkot sucur lan supata, luputa supatane wong tuwo, supatane mara tuwa, supatane
dulurtuwa, supatane sanak tuwa, supatane Hyang, supatane dewata, supatane guru, supatane awak dewe karuwata dening ulun, asas-esus katuta ring barat lesus
ala ili katuta ring banyu mili keliya marang segara den teka sabrang, lumayu ing kana kahananira ing cempa, Jambudwipa, salot selandhong, Bugis Makasar yen
sira arep Ngajawa balik salina rupa salina warna dadiya dadar sri sedana mas mirah kumala inten jumanten ratna widuri, mekasa tirta lan pandhita wuwusing
ulun, binaseka dinadotan binebetan ilanga kang rupa juti kariya kang warna jati, ing kana nitiha ing padmasari, binaseka dinadotan binebetan, sinabukan kinerisan
kinapihan apepek mesagi, anting-anting kelat bahu gelang gayur bagus cahyaning ulun, widodara widodari anerun den sinungaken maring ulun saduweku sarwa
abang, beja sampun samadi rineksa widodara dinulu ing widodari kawula nedha kanugrahan widenilaning widening sakti sri yantru yamu nama siwaya pukulun.
Hong pukulun pangruwata n dewi surem ananing sanghyang gana sun papag sun arik -arik sun embaning sabuk kuning, linggih ing pracima andeleng
telaga jeg teka ing kinama Hyang ning lawangan gapura, cinawi ing kencana undhak-undhak kencana, tinalangan wuluh gadhing tinandhuran tunjung kuning
cicibuke siwur kencana, tan ana mina kubang kubaka ulun nata dewata tunggal, ngadega ngeka padha kardi kakana dosa murud muruda, busana busananing lusir
kuning, ing kana pudusaning ulun limbang-limbangan salira, lulur-lulura asta, keti-ketika kunaka kirap-kirapa angaruna ngemu waja, ngawuk terta peksaning
raup, punapa karyaning pangruwatan ngaruwata lara raga lara geng lara wigena tuju teluh taraknyana, ngaruwata sakehe mala mastaka huniweh dhesti lan
pengerkot sucur lan supata, luputa supatane wong tuwo, supatane mara tuwa, supatane dulurtuwa, supatane sanak tuwa, supatane Hyang, supatane dewata,
supatane guru, supatane awak dewe karuwata dening ulun, asas -esus katuta ring barat lesus ala ili katuta ring banyu mili keliya marang segara den teka sabrang,
lumayu ing kana kahananira ing cempa, Jambudwipa, salot selandhong, Bugis Makasar yen sira arep Ngajawa balik salina rupa salina warna dadiya dadar sri
sedana mas mirah kumala inten jumanten ratna widuri, mekasa tirta lan pandhita wuwusing ulun, bin aseka dinadotan binebetan ilanga kang rupa juti kariya kang
warna jati, ing kana nitiha ing padmasari, binaseka dinadotan binebetan, sinabukan kinerisan kinapihan apepek mesagi, anting-anting kelat bahu gelang
gayur bagus cahyaning ulun, widodara widodari anerun den sinungaken maring ulun saduweku sarwa kuning, beja sampun samadi rineksa widodara dinulu ing
widodari kawula nedha kanugrahan widenilaning widening sakti sri yantru yamu nama siwaya pukulun.
Hong pukulun pangruwatan dewi surem ananing sanghyang gana sun papag sun arik-arik sun embaning sabuk ireng, linggih ing untara andeleng telaga
jeg teka ing kinama Hyang ning lawangan gapura, cinawi ing wesi undhak- undhak wesi, tinalangan wuluh gadhing tinandhuran tunjung ireng cicibuke siwur
wesi, tan ana mina kubang kubaka ulun nata dewata tunggal, ngadega ngeka padha kardi kakana dosa murud muruda, busana busananing lusir ireng , ing kana
pudusaning ulun limbang-limbangan salira, lulur -lulura asta, keti-ketika kunaka kirap-kirapa angaruna ngemu waja, ngawuk terta peksaning raup, punapa
karyaning pangruwatan ngaruwata lara raga lara geng lara wigena tuju teluh taraknyana, ngaruwata sakehe mala mastaka huniweh dhesti lan pengerkot sucur
lan supata, luputa supatane wong tuwo, supatane mara tuwa, supatane dulurtuwa, supatane sanak tuwa, supatane Hyang, supatane dewata, supatane guru, supatane
awak dewe karuwata dening ulun, asas-esus katuta ring barat lesus ala ili katuta ring banyu mili keliya marang segara den teka sabrang, lumayu ing kana
kahananira ing cempa, Jambudwipa, salot selandhong, Bugis Makasar yen sira arep Ngajawa balik salina rupa salina warna dadiya dadar sri sedana mas mirah
kumala inten jumanten ratna widuri, mekasa tirta lan pandhita wuwusing ulun, binaseka dinadotan binebetan ilanga kang rupa juti kariya kang warna jati, ing
kana nitiha ing padmasari, binaseka dinadotan binebetan, sinabukan kinerisan kinapihan apepek mesagi, anting-anting kelat bahu gelang gayur bagus cahyaning
ulun, widodara widodari anerun den sinungaken maring ulun saduweku sarwa ireng , beja sampun samadi rineksa widodara dinulu ing widodari kawula nedha
kanugrahan widenilaning widening sakti sri yantru yamu nama siwaya pukulun.
5. LUKAT ALIT