SETABEN PANGENTASE Pola Komunikasi Masyarakat Tengger dalam Sosialisasi Tradisi Entas-Entas, Praswala Gara, dan Pujan Kapat (Studi Kasus di Desa Ngadisari, Kecamatan Sukapura, Kabupaten Probolinggo).

Lampiran 13. MANTRA PEMBARON MANTRA ENTAS-ENTAS

1. SETABEN

Hong pukulun pasang tabe nama siwaya, jumenenge ring mandya satingale ulun wetan temone ulun tengah aran Hyang Parameswara, lelayu papetra karsane kang durung mentas kang ana ring krayunan, hangubing waduri reges apa -apa dhukut, lamur mota atura neraka ya ta hing entosing ulun, Bapa anu Babu anu mentasa saking kepapan, ning waluya Hyang Pritanjala Amindha Sanghyang Siwah, muliya maring suwarga nika waluyaha, apaningrat Bapa Sanghyang ligane sunga, Ibu Sanghyang lugas jati, sakig terlayaning rat mulya yang awisudhiya waluya rupa sanghyang muwah sira sanghyang atma mentas saking kepapan, ana panebusing ulun caru kang sarwa pawitra, sira kang kasedahan sangana ngayah sira tenggung ring kadewatan, lawan sang hyang samantara, lawan bethara kerayungan, lawan bethara panganan lawan sanghyang gargara kuning, muwah sira yang kebayan lantakang kasedahan muwah sira sanghyang atma mentas saking kepapan, dhatenga kita ring mandya mapaka Hyang Pritanjala pengawale Bethara Siwah, pengawale nawa bayang nglukata nusa malang, wekasira sanghyang wisesa mudhi sanghyang darma muwah sanghyang jagat nata, lawan nawa dewa angkara junem babem, kadi sura nawi sukerta rong hawinena winarpahi nem sarwa wong tuwanira, budi para paramardha dedalan utama maring suwarga, pan sira guruning jagat prabu wening Bethari sorga angkara nama siwaya a-sa-ba-ta nama siwaya punika pukulun, ana kawah rupa tindhas, lebur muksa ilang kang kawah dimedhel dening bapa sanghyang kerti buwana, ana atma kagem Bethara Yamageni lan kawah pasang tabe nama siwaya punika pukulun.

2. PANGENTASE

Hong pukulun ingsun nebus ana atma saking krayunan, punika panebusing ulun tumpeng putih kuning panggang sawung, beras sak kulak, perak sak buwana penganyar-anyaran, sega sak wakul jangan sak kuwali, sajeng sak guci. Jumenenga kaki Bethara Pangawan sang Bethara Muwah kaki samantara, nini paduka Bethari Uma kaki rambutan-rambutan ro nini kasungeyan ibu pertiwi, sa tuwanmu haras satuan babohan, sang buta buti sang kala waringin, sang kulika jati mati, sing lebu jagat wisesa kisati ki ramajaya, ki samantara, ki brajabang sawandu balanira, nini kalisira mejaya kang kasedhahan, kang mungguh ring pamugeran, kang nunggu babutuhan, kang nungguh ring panyarikan, kang nungguh ring pasakalan, kang nungguh ring pamegahan kang kasedhahan pati, kang penggawan kaki pangluwar nini pangluar pangluwarana sing ana ring neraka, wis mangku luar sira kadhendha kapidana ring nguluh duduhan, pan ingsun nebus ana atma neraka, pan ingsun nebus satadhan sajinara punika pukulun. Hong pukulun sang cipta tama dura tama nutarata, sukma tanirata mapan atma amentas kabeh, muwah sira sanghyang catur pramana kita kabeh aja sira katungkul mangu kapirangu ring tegal kumalaka ring alas bana ring kayu ageng dedalan agung pereng agung, aja sira nadhah kabuyutan, aja sira sumurup salah rupa, aja rupa buta dhengen, aja rupa nganyabet nyarik maring anak putu buyute, aja sira aweh lara wigena ring sanak kadang warganira ring anak putu buyut ira, balikan sira muliya maring suwarga kayanganira ing jonggiri salaka meru pucak manik tumang sawelas pageha ring dharma tutur, mawaka kang sanghyang jagat permanawasesa kastranana dene Bremana dene parasih, saiwa sugata jaya jayanening dewata kabeh, karnenanen ing widadara widadari mangkana pangastutining ulun, muwah sira sanghyang panca atma westu, teka ta muliya maring suwarga kayanganira, aja sira tetes ing ngindrawijayanira sun sangoni sira bubur kapirata kelawan jenang bang nguku maligi sangunira maring suwarga kayanganira aja sira tinggal tedha kekucahan, ninggala tedha lan sesebelan tan ana ya lara wigena, tan asung samantara kewuhan balikan sira tinggala tirta lemar angunsuhana bunyu kayuhanan mandelaning sri sedana, tinggala mas mirah kumala inten rawang guwan punika pukulun sira mentas ingsun nglepas, ingsun muleh menyang wesesaha Brahma, kang nglebur dene sanghyang wesesa guru, kang ngaruta ya kang lapasna hamuri yang ngelepas tanana punika pukulun.

3. TATASING KRAYUNAN