Kritik teks, Suntingan Teks dan Aparat Kritik

2. Kritik teks, Suntingan Teks dan Aparat Kritik

a. Kritik Teks

Kritik teks menurut Paul Mass dalam Darusuprapta ( 1984) adalah menempatkan teks pada tempat yang sewajarnya, memberi evaluasi terhadap teks, meneliti atau mengkaji lembaran naskah dan lembaran bacaan yang mengandung kalimat-kalimat atau rangkaian kata-kata tertentu. Tujuannya adalah untuk mendapatkan teks asli atau mendekati aslinya. Seorang filolog sangat jarang mendapatkan naskah dan teks yang asli atau autograf tetapi setidaknya kritik teks ini dapat mencapai ketetapan teks, naskah yang dianggap sedekat mungkin dengan autografnya naskah yang bersih dari penyimpangan-penyimpangan atau kekeliruan yang dapat dipertanggungjawabkan. Kritik teks digunakan peneliti sebagai usaha untuk mengembalikan teks ke dalam sajian bentuk teks yang mendekati aslinya, yang bersih dari kesalahan dengan tidak merubah makna dari isi yang terkandung dalam teks. Berikut edisi teks naskah kawruh landheyan.

Tabel 1. Daftar Lacuna teks Kawruh Landheyan

No. Halaman

Lacuna

Edisi Teks

1 6 Tima

Timaha

1 8 Puni

punika

2 8 saletipun

salebetipun

3 26 wiwitan

Wit-witan

commit to user

Tabel 2. Daftar Adisi teks Kawruh Landheyan

No Halaman

Adisi

Edisi Teks

1 33 dhatêng landheyan ing

ingkang badhe dipun

anjingi

dhatêng landheya ingkang badhe dipun anjingi

2 34 wiwit ing lagri dumugi karah kasami kaliyan tipus

sirahipun piyambak

wiwit ing lagri dumugi karah sami kaliyan tipus sirahipun piyambak

b. Suntingan Teks dan Aparat Kritik

Suntingan teks adalah menyajikan teks dalam bentuk aslinya, yang bersih dari kesalahan berdasarkan bukti-bukti yang terdapat dalam naskah yang dikritisi. Aparat kritik merupakan suatu pertanggung jawaban dalam penelitian naskah yang menyertai suntingan teks dan merupakan kelengkapan kritik teks. Segala kelainan bacaan yang ditampilkan merupakan kata-kata atau bacaan salah yang terdapat dalam naskah tampak dalam aparat kritik.

Pengkajian secara filologis dalam naskah dan teks Kawruh Landheyan ini dilakukan dengan aparat kritik dan suntingan teks dilakukan dengan bersamaan. Kritik teks yang berupa interpretasi peneliti terhadap teks yang dianggap kurang tepat langsung ditulis benar dalam edisi teks, sedangkan kata atau kelompok kata yang dikritisi ditulis di bagian bawah teks (semacam catatan kaki) sebagai bagian dari aparat kritik. Edisi teks yang sudah mendapatkan berbagai pembenaran

commit to user

tesebut yang merupakan suntingan teks dari naskah Kawruh landheyan. Keseluruhan dari suntingan teks dan aparat kritik disajikan dalam sebuah transeliterasi.

Sebagai acuan dalam transeliterasi guna kepentingan edisi teks diperjelas dengan tanda- tanda sebagai berikut:

a. Vokal “e” pepet, fonem yang dipakai memakai tanda diakritik (…ê…) sebagai contoh pada kata têlês „basah‟.

b. Vokal “e” taling tetap ditulis dengan fonem “e”, sebagai contoh, fonem ini digunakan pada kata landheyan.

c. Vokal “e” pada kata akeh ‘banyak‟ fonem yang dipakai memakai tanda diakritik (...è …)sebagai contoh pada Bahasa Indonesia fonem ini dipakai kata „kalẻng‟.

d. Tanda [ 1,2,3,......dst ] yang berada dalam teks adalah nomor kritik teks pada kata yang terdapat kesalahan.

e. Tanda [1,2,3,...dst] adalah untuk menunjukkan pergantian lembar halaman teks.

commit to user

[hal. 1]

Kawruh Landheyan

Pandangon saking Mas Ngabehi Karya Buntara, Abdi Dalêm Mantri Tukang Landheyan, ingkang kapratelakakên,

1. Namaning kajêng ingkang kenging kangge landheyan.

2. Beba- bedaning namanipun landheyan sarta ukuranipun.

3. Wanguning landheyan.

4. Namaning pirantosipun anggarap landheyan.

5. Uruting panggarap. [hal.2]

6. Namanipun praboting landheyan.

7. Patrapipun pamêndhêting kajêng saking wana.

8. Pangulahing kajêng.

9. Petang ukuraning landheyan dhawahipun ingkang awon, miwah ingkang sae,wijangipun kados ing ngandhap punika.

I Namaning Kajêng 1.Waru, wujudipun pêthak sulak jêne[hal.3] bobotipun ènthèng, sêratipun agal, pilihanipun ingkang sêratipun madhêt sarta bobotipun radi awrat, waru punika prayogi piyambak dipunangge landheyan panjang, amargi saking ènthèng saha ulêt. 2.Timaha, wujudipun pêthak, mawi pèlèt cêmêng, corakipun warni-warni, kadosta: sêmbur, tutul, daler,encok sêkar utawi têmbêlang-têmbêlang sasaminipun, pilihanipun ingkang dhasaripun sumringah pèlètipun kathah[hal.4].

commit to user

Timaha punika prayoginipun kaangge landheyan cêlak, panjang- panjangipun kalih dhêpa, amargi kirang wulêt.

3. kajêng Garu, wujudipun wungu lorèk- lorèk cêmêng, sêratipun wontên ingkang alus, wontên ingkang kasar, bobotipun awrat, amargi nglisah.

4. Walik êlar,wujudipun jêne lirik- lirik, sêratipun andalir urang, bobotipun sêdhêng, golongan gêtas.

5. Janglot, wujudipun pêthak, sê -[hal.5] ratipun alus, bobotipun awrat, wulêt.

6. Walikukun, wujudipun abrit sawêrni kajêng sawo, sêratipun alus, bobotipun awrat, kiyat.

7. Therok , wujudipun abrit sarta wungu lorèk kados kajêng garu, bobotipun awrat, sêratipun alus, kiyat.

8. Arêng- arêng, wujudipun cêmêng mêlês, sêratipun alus, bobotipun awrat, kiyat.[hal.6]

9. Aruman, sawêrni [ tima] 1 , dhêdhasaripun sulak jêne, pèlètipun cêmêng.

10.Kalak kambing, ugi kados tima, dhasaripun jêne, bobotipun awrat, atos, nanging pèlètipun rêmbêt- rêmbêt sarta êmpuk.

11. Kalak basu, wujudipun cêmêng kados tima, bosokan, sêratipun kasar.

12. Gêdhondhong, wujudipun pêthak, sêratipun kasar, bobotipun sêdhêng.

Amangsuli kajêng waru, ingkang sahe wêda -[hal.7] lan saking tanah kilèn, pintên banggi angsal wêdalan ing Rêdi Wangi, sêratipun madhêt, kiyat wulêt, titikanipun mawi dipun pêthèl gadhah gilap sawatawis.

1 timaha

commit to user

Dene kajêng garu, therok, arêng- arêng punika sami kajêng saking tanah sabrang nanging botên sagêd anêrangakên asalipun, sarta kajêng garu punika warni kalih: 1. Garu ramês, punika gandanipun arum. 2. Garu baya, gandanipun

amung sawatawis, sanèsipun kajêng ti -[hal.8] ga [puni] 2 sadaya sami wêdalan

[salêttipun] 3 pulo Jawi.

II Nama Sarta Ukuraning Landheyan

1.Blandaran, panjangipun, 3 utawi 3½ dhêpa. 2.Panurung,

3.Pegon,

4,Tlêpak, 5.Towok,

1½ dhêpa utawi

6. limping, Cêlak- cêlakipun sadhêpa, naming bedanipun makatên: [hal.9] tlêmpak punika prabotipun sami kaliyan waos. towok punika prabotipun mawi gombyok tumrap sangandhaping lagri nama wêgig. limpung punika wujudipun mêthit, rangkanipun gilik turut kaliyan landheyanipun, mandhap- mandhap saya alit ngantos dumugi tunjung.

III Wanguning Landheyan

1. Dipunwastani ngusus, wujudipun wiwit bongkot dumugi pucuk lêmpêng kema -[hal.10] won turut botên mawi agêng têngah tumrapipun kangge wawangunaning landheyan ingkang panjangipun, 2½ dhêpa minggah.

2 punika 3 salebetipun

commit to user

2. Dipunwastani ngadhal mêtêng, wujudipun bongkot pucuk alit, ing têngah agêng tumrapipun kangge wawangunaning landheyan ingkang panjangipun,1½ dhêpa.

Dene waos ingkang landheyan panjangipun, 2 dhêpa, punika sasênêngan, kawangun ngusus kenging, kawangun ngadhal mêtêng ugi kenging nanging ng[hal.11]dhal mêtêngipun radi mlorot.

IV Praboting Landheyan Landheyan punika lantaraning tumbak, minangka garanipun, kanggenipun mawi prabot kados dene gambar ing ngandhap punika:

Gambar angka “1” punika gambar pêthiting landheyan, prabotipun dipun wastani:

1. Karah.[hal.12]

2. Godhi.

3. Lagri. Gambar angka “2” bongkoting landheyan, prabotipun dipun wastani:

4. Sopal.

5. Tunjung. Praboting tlêmpak punika sami kemawon kaliyan praboting waos, manawi praboting wahos wêwah satunggal, dipun wastani wêgig, wujudipun gombyok songa tamparan tumrap sangandaping lagri, kado-[hal.13] s dene gambar ing ngandhap punika:

commit to user

Limping punika kalêbêt panunggilaning wahos utawi tlêmpak, nanging wujud sarta prabotipun sanès wangun, wujudipun kados ing ngandhap punika:

[hal.14]

1. Tutup

2. Karah warongka

3. Karah ing wahos

4. Karah landheyan

5. Sopal

6. Tunjung Mênggah praboting landheyan ingkang nama karah, lagri sopal,

sasaminipun punika ingkang dipundamêl warni- warni kados ta: jêne, salak, suwasa, mamas, kuningan, namung tunjung sanadyan wahos kagungan dalêm punika sami mamas u-[hal.15]tawi tosan.

Saka karah lagri punika wontên ingkang katatah sêsêkaran sapantêsipun, wontên ingkang lugasan.

commit to user

Dene godhi punika ing kinanipun naming tanparaning duk ingkang lêmbat, utawi rambut, agêngipun sasada ingkang alit, cacahipun kalih êlêr, ingkang satunggal tamparanipun ngiwa, satunggal nêngên, lajêng kagodhèkakên sarêng wiwit ing karah dumugi ing lagri, punika wujudipun ka-[hal.16]dos dene klabangan, godhi kalih warni wau awèt wulêt, lami- lami saya katingal alus, sarta cariyosipun para sêpuh punika gadhah daya lêpat ing têguh, dados singa kadhawahan botên wangsul.

Wontên malih godhi kawat salaka dipuntampar lajêng kaêtrap kados dene godhi duk ing nginggil wau. Sulam, punika godhi duk kados ing nginggil wau nanging mawi dipun sulami januran jane, kados anam kepang[hal.17] wujudipun kados ing ngandhap punika:

Blongsong punika lintuning karah lagri godhi, ingkang dipunangge jêne, salak, utawi suwasa wujudipun inggih saistha pasanging karah lagri godhi, gambaripun kados ing ngandhap punika:

Menggah blongsong punika tatahanipun kajawi anam kepang wontên malih limar-[hal.18]an, êndhog mimi.

commit to user

Grêndim, punika karah panjangipun sapanjanging godhen, dados wiwit ing lagri dumugi sapuputing pucuk landheyan, ingkang dipunangge têmbagi, utawi salaka, namung lajêng katumpangan godhi, namung manawi sampun blongsong botên mawi grêndim.

Pirantos Anggarap Landheyan

1. Pêthèl, kangge mêthèl calonan, utawi manawi badhe masang tunjung, wuju[hal.19]dipun kados ing ngandhap punika.

2. Pasah kiping, kangge masah grabahan manawi nyaloni, wujudipun kados ing ngandhap punika.

3. Graji gorok, kangge ngêngêthok, wujudipun kados ing ing ngandhap puni[hal.20]ka.

commit to user

4. Pasah sugu 2 iji, 1 grabahan, panjangipun 1½ kilan, 1 pangalus, panjangipun 2 kilan, pucukipun mawi nyênthang wujudipun kados ngandhap punika.

5. Kikir agêng alit, kangge masang karah lagri sapanunggilipun, sar- [hal.21]ta mêmêtakên bullet, wujudipun kados ing ngandhap punika.

6. Pangot, kangge nêtês ingkang badhe kaanjingan prabot, wujudipun kados ing ngandhap punika:

7. Jara, kangge ambolong ingkang badhe kaanjingan pêsining wahos, wujudipun kados ing nga-[hal.22]ndhap punika:

commit to user

Dhalangan, kajêng balik, iringanipun kakrèwèk sacêkaping landheyan, pirantos kangge ngêluk landheyan, wujudipun kados ing ngandhap punika:[hal.23]

Uruting Panggarap

Calonaning landheyan ingkang sawêk saking wana, punika tamtu taksih agêng, utawi dèrèng turut, punika lajêng dipunpêthèli namung milihi mandhukulipun sagêt.

Dene manawi kajêng taksih gêbingan, punika dipunpêthèli kapêndhêt kakêncênganipun pas gen rumiyi-[hal.24] n, tumuntên dipunpêthèli lingiripun kadamêl gêbingan wolu, manawi sampun turut punika sawêg nama pêthèlan.

Sasampunipun dados pêthèlan, lajêng dipunpasah kiping, kapasah tangan kalih, landheyan wau sumèlèh ing siti sarta dipunidak. Tumuntên dipun grabahi ngangge pasah sugu cêlak, dipunangkah giligipun, sarta dipunangkah turuting dapuripun.

commit to user

Tumuntên dipunpasahi ngangge pasah [hal.25]sugu panjang supados kacêpêng kakêncênganipun sarta giligipun sawatawis, punika sampun nama calonan dados.

Landheyan punika ingkang tamtu mawi bengkong, sagêtipun jêjêg kêdah mawi dipunluk, patrapipun makatên, landheyan ingkang lêrês bengkong wau dipunanthok ing dêbog lajêng dipunsloboki bumbung dêling apus utawi ori ingkang têlês, dêbogipun ing-[hal.26]kang ngantos têtêl, lajêng kabêsmi ing latu arêng. Manawi landheyanipun sampun benter sangêt, tondha toyaning dêbog sampun dados wedang sarta kathah ingkang malêbêt ing landheyan, lajêng dipunêntas anthokipun karucat, dipunluk wontên dhalangan, bengkokipun kajêpitakên kowokaning dhalangan, pucuking landheyan dipunbandhuli

samurwatipun.[ dhalangan wau dipundêgakên angsal [wiwitan] 4 utawi

cagak.][hal.27]. Manawi sampun radi asrêp lajêng kabikak, punika manawi tumrap kajêng waru, tumrapipun kajêng tima walikukun sapanunggalipun, pambikakipun saking dhalangan kêdah radi benter sawatawis. Manawi sampun jêjêg lajêng dipunpasahi malih satêngah dados.

Tumuntên dipun pasangi prabotipun, kadosta, karah, lagri, sopal, tunjung, manawi mawi grêndim inggih grêndimipun kaanjingakên, manawi[hal.28] sarana anggêthak landheyan supados smag sarta dhamis.

Lajêng kadadosakên wawangunanipun miturut prabotipun, têgêsipun ing pêthit amêndhêt guru agênging sopal, ing pucuk amêndhêt guru agênging lagri, sarana pasah sugu panglus, utawi kikir.

4 Wit- witan

commit to user

Manawi sampun turut sarta mêmêt giligipun, lajêng dipungosok ing wacu calêp [ manawi sapunika prayogi amril] manawi sampun alus sir-[hal.29]na tabêting pasahan sarta kikiran, lajêng dipunampêlas, ingkang ngantos alus, ical tabêting amril, tumuntên kagosok ing kawul pasahan, supados ical balêdugipun, kagêbêg tangan, ingkang ngantos gilap sarta lunyu, nama sampun dados.

Lajêng dipunpacak, macak punika nganjingakên waosipun dhatêng landheyan, sarana kajabung,[hal.30] Lajêng kagodhi, angangge godhi punapa sasênêngipun.

Pamêndhêtipun Kajêng Waru Saking Wana

Kajêng waru gunung punika godhongipun pating jêngkêrut sarta wulunipun panjang, witipun dalêjêr thukuling pangipun inggil. Ingkang sampun kenging kangge landheyan punika apes- apêsipun kenging kaangge sigar 4: pamêndhêtipun kasigar adêgan, patrapipun wit waru ingkang badhe kapêndhêt punika dipunpronggol watês sangandhaping pang ingkang [hal.31] ngandhap piyambak, ing ngandhap katêrês sawatawis, lajêng kasigar saking nginggil sarana dipunpaju saking sakêdhik ngantos dumugi ing ngandhap pisan, mila makatên manawi karêbahakên sumêlangipun asring pêpês.

Manawi sampun dados sigaran lajêng dipun pêthèli kagêbing ingkang turut, sarta dipunpasah kagiligakên sawatawis. Pangrimatipun kêdah kaêdêgakên panggenan eyub sampun ngantos kajawahan sarta kabong-[hal.32]kok amurih botên bengkong.

commit to user

Pangulahing Landheyan

Ing jaman kina landheyan punika manawi sampun dados calonan mawi kaulah, pangulahipun kakêplok sarta kagêdhuk.

1. Kêplok, punika dipun sabêt- sabêtakên ing toya sabên enjing wontêna kaping sadasa sabêtan, laminipun satahun.

2. Gêdhug, punika kagêdhug- gêdhugakên ing siti sakuwawinipun sabê-[hal.33]n enjing, laminipun satahun.

Petanging Landheyan

Waosipun katêpusakên dhatêng landheyan[ ing ] 5 ingkang badhe

dipunanjingi, wiwit pêthiting landheyan kapapak kalihan pêsi, lajêng wolak- walik minggah sakêmputing landheyan, kapanggih pintên têkuk lajêng kapêndhêt sakawan- sakawan tirah pintên, manawi tirah:

1. Dhawah songga, sahe.

2. rungga, awon sangêt. [hal.34]

3. Dhawah sarah, awon

4. watang

Dados manawi damêl landheyan punika sadèrèngipun masang prabot kêdah katêpus rumiyin. Ukuraning godhi wiwit ing lagri dumugi karah [kasami] 6 kalihan têpus

sirahipun piyambak, wiwit suluhan maripat kiwa anggubêt dhatêng wingking dumugi suluhan maripat têngên.

5 Wahosipun katêpusakên dhatêng landheyan ingkang badhe dipun anjingi 6 wiwit ing lagri dumugi karah sami kaliyan têpus sirahipun piyambak

commit to user

Ukuran panjanging sopal sami kalihan satêpusing kagunganipun pi[hal.35]yambak manawi wungu.

commit to user