Ayumu Jebul Ora Tulus

Ayumu Jebul Ora Tulus
Posted on December 26, 2009 by niniklenyem

Jaman saiki, wong lelungan yen ora nduwe kendharaan dhewe jan rekasa. Yen mung jarak
dhekat, ing jam-jam budhale bocah-bocah sekolah utawa pegawe mesthi kebak mencep. Malah akeh
wae sing mung trima nggandhul neng lawang sing sejatine banget mbebayani. Ning ya piye, mbok
menawa timbang tekan nggaweyan utawa sekolahan keri/telat. Mula direwangi nggandhul ya dha
dilakoni. Kaya dene bis kota sing tak tumpangi wektu kuwi, lakune nggremet merga kakehan
penumpang. Ewadene ing sadalan-dalan kenek isih bengak-bengok tawa, mangka njeron bis wis jejel
riyel.
Bis sing wis nggereng-nggereng kabotan penumpang mau, sedhela-sedhela mandheg, saperlu
ngunggahake utawa ngudhunake penumpang. Wis jan ora ana nikmate babar pisan kanggone
penumpang, sing lungguhe tansah terus ditetel kuwi. Sopir lan kenek sing dipikir rak mung daya-daya
entuka dhuwit akeh, ra tekan nggon mikirake kenyamanane penumpang. Ya begjaku, dene wiwit
munggah mau, aku entuk jejeran bocah ayu. Senajan lungguhku jejer, ora bisa nyawang mat-matan,
ning yen mripatku nglirik jam ? aku kudu kepingin weruh terus bagiyan-bagiyan awake. Wiwit saka
sikil sing kuning mulus, kanthi kuku dikitek abang getih, njur tangane, sing drijine mucuk-mucuk ri
uga diabang kukune. Eman, aku mau munggah kok ora gage kenalan. Awit bocah mau lagi katrem
maca koran, sing sajak asyik banget. Mung rambute sing ketel njanges ireng kuwi, angger-angger
nampegi raiku kena isise angin jroning bis mau, nambahi nikmatku.,Aku bisa ngrasakake segere ganda
parfum sing dienggo bocah kuwi, cetha dudu parfum murahan sing bisa marahi neng sirah

mumet. Saking notole olehku kepingin kenal, tak bukani pitakonan sing dheweke bisa ngalihake olehe
maca.Wonten kabar ingkang hangat, mbak?, ngono pitakonku timbang anem mundhak diarani lara
gomen. Kabar pembunuhan semakin menjadi, mas?, ngono wangsulane cekak. Bar kuwi bali maca
maneh. Wih, angkuhe bocah iki, dupeh ayu, njurjual mahal. Pancingan pitakonan gagal, wong nyatane
ora ana tanggapan lan kawigaten. Ning dudu aku Suwarto sing kondhang gawe lakon, yen nganti ora
kasil nelukake cah ayu sing mung siji iki. Aku bali muter utek, nganggo cara piye, supaya bocah iki
gelem nggatekke aku. Bareng wis entuk bahan gage ndak uncalake pitakonan maneh neng dheweke.
Mbak, prastawa Rano Karno kenging musibah punika sampun mlebet koran dereng?,
pitakonku serius. Kontan dheweke leren olehe maca njur nyawang aku kanthi nanjakke karo takon.
Rano Karno bintang film kondhang punika, ta mas ? Kandha ngono mau karo ngulungake koran sing
diwaca marang aku, karo mangsuli, Kok dereng, mas, wonten mriku dereng dipun muat, kandhane.
Lajeng kenging musibah punapa, mas, Rano Karno ? cah ayu mau ndhedhes kepingin ngerti. Dhawah
saking bis mbak? Wangsulanku ngglayem. Mangsoa dimot, sebab pawarta mau ora bakal ana, awit
kabeh mau mung pangreka dayaku murih bisa kenal becik karo dheweke. Rano Karno dhawah saking
bis kota wonten pundi, mas?, bocah mau isih ngoyak terus. Wonten Jakarta, mbak, ning kula kinten
mboten badhe kababar ing koran, amargi kedadosan punika pancen kajarag. Lho kok aneh, mas,

kajarag kados pundi ? pancinganku kena, jebul bocah iki akeh guneme, kemrecek kaya grontol wutah
ora kena diselani. Tiwas mau tak sengguh angkuh. Gage aku mangsuli karo ngguyu. Inggih mbak,
amargi menika rak namung nuruti skenario sinetron. Si Dul Anak Sekolahan ingkang kaping kalih.

Krungu angsulanku mau, cah ayu mau kontan njaguri pupuku, ndadekake bungahku. Wusana dheweke
takon, Mas ini kayaknya wartawan ya ? ngono kandhane nganggo basa cakecandhake. Bukan,
kandhaku gedheg. Kalau bukan wartawan, pengarang ya ? Aku gedheg maneh, ndadekke cah ayu kuwi
ngguyu karo kandha Apa malah perayu, mas ? Aku nyawang dheweke tajem. Uh jebul ayune ulengulengan bocah iku. Yen ngguyu dhekik pipine, untune rintik-rintik rapi rinengga janggut nyanthik, lan
lambene. Ah, aku dadi nglameti lambeku dhewe. Ngerti olehku nyawang nanjakke, cah ayu mau
kecipuhan anggone ngendhani panyawangku, saya nambahi gregetku. Dheweke njur kumlawe
nganggo epek-epeke nutupi raiku karo kandha, Uwis mas, lehe mirsani, ndhak sesuk njur jeleh,
kandhane. Epek-epek tangane tak cekel banjur tak remet-remet, cah ayu mau meneng wae mung
pitakone ndedhes terus. Mas, mbok ngaku, penjenengan kuwi ngastane neng ngendi ? jawabku,
Penganggur, mbak, sekaligus pelamun. Cah ayu mau gage nyaut, Ta rak tenan, penjenengan mesthi,
nek dudu wartawan ya pengarang, loro-lorone Kuwi ora bisa dipisahake, mas, mbok ngaku ta !. Sidane
aku ngaku, wong nyatane wis kepojok ora bisa menggok lan nutup-nutupi maneh, Iya mbak, aku
pancen nduwe andhil minangka skenario ing sinetron Si Dul Anak Sekolahan. aku ngaku jujur. Mula,
mas, ra mungkin wong lagi kenal kok wis ndang nakokke kahanane bintang film sing wis kondhang
yen ora ngerti seluk beluke. Kandhane cah ayu rumangsa menang. Oh iya mbak, awake dhewe rak
durung kenalan ta? Jenengku Warto. Kandhaku karo ngathungake tangan. Cah ayu mau nampani
tanganku digegem kenceng karo nyebut jenenge Ningtyas. Sawise padha meneng-menengan sedhela
aku takon. Daleme ngendi mbak ? Aku Semarang mas, kuliahku mbiyen neng Yogya, ning saiki wis
rampung, saiki aku reka-reka nerusake pakulinane ibu, dagang bathik adol lan kulakan sing kerja sama
karo bulikku sing neng Yogya. Nek penjenengan, mas ? Ningtyas genti takon. Asalku mono Sala mbak,

ah kok mbak, nek aku ngaturi Jeng ngono piye, kersa ta?, wong nyatane tuwa aku.Wis kono sak
kersamu, mas, wong diundang Ning ngono wae, aku ya gelem kok.? Kandhane polos. Asalku Sala jeng
Ning, ning rampung sekolah aku njur ngumbara neng Jakarta, katut omku sing ngasta neng penerbitan
surat kabar sing wis bonafide, wiwit tahun sewu sangangatus sangang puluh wolu. Omku wiwit enome
pancen seneng neng jurusan jurnalistik, sing njur kersa nuntun aku neng bidhange. Njur njenengan
neng Yogya iki arep tindak ngendi mas ?, Ningtyas takon. Mung arep neng nggone kanca lawas Jeng,
Yogya akeh pakar-pakar sastra sing pinter gawe crita, jeneng-jeneng lan novele aku nganti
apal.? Wangsulanku blaka. Jeng Ningtyas sajak isih arep kepingin crita akeh, ning embuh sidane kok
kandheg sajak mangu-mangu, wusana aku sing malah takon Jeng, kapan awake dhewe bisa ketemu
mirunggan? Senajan lagi wae kenal rasane kok kaya wis kekancan lawas. Sliramu baud crita lan aku
rumangsa seneng kekancan karo sliramu. Kandhaku tulus. Ningtyas ngawaske aku karo mesem,njur
takon, Sing marahi seneng nggon ngendi, mas? Aku dadi salah tingkah lan klicutan entuk pitakon kaya

ngono kuwi. Mula wangsulanku sak kecekele, Sing marahi seneng ya kabeh, luwih-luwih sliramu sing
sulistya kuwi. Wiwit aku weruh sliramu munggah bis mau, atiku kok njur tansah pingin nyawang
sliramu terus. Denea sliramu pinaringan rupa ayu sing sampurna. Iba begjane mbesuk sing kagungan
ya, Jeng. Kandhaku tulus, merga atiku pancen kandha ngono. Ningtyas ngawaske aku mesem njur
kandha, Aku dhewe ya gumun je, mas, bareng aku wis ngobrol karo penjenengan, atiku kok ya njur
ketuwuhan rasa seneng. Ning penjenengan rak ora ngagem guna-guna aji pengasihan, apa jaran
goyang ta, mas ?, pitakone karo nyekikik, sing njalari atiku saya gregeten kepingin nyiwel pipine

sing dhekik nggemesake kuwi. Ning bareng aku eling neng njeron bis kabeh ndak ampah, kanthi ora
diweruhi penumpang liyane, Ningtyas ndak jiwit cilik iringan pupune. Dheweke njingkat ning ketok
yen seneng. Gandheng wis mlebu Yogya, aku sing rumangsa durung marem ngobrol karo dheweke,
aku mancing takon, Nek sing sliramu jujug daleme bulik, njur ngendi kampunge, sapa ngerti aku bisa
nggoleki sliramu mrana Jeng ?. Daleme bulikku Tamansari, mas, ning penjenengan ora sah rawuh
rana, bulikku kuwi watake seneng praduga, mengko dikira aku cah sing seneng kangsen-kangsenan
karo priya. Kandhane Ningtyas elik-elik kekarepanku, kepingin nemoni dheweke. Ning sidane,
dheweke njur kandha maneh, Ngene wae pa mas, yen penjenengan kepingin nemoni aku ? Ningtyas
meneng mikir. Gandheng atiku selak notol, gage aku ngoyak takon. Iya wis Jeng, aku manut ketemu
neng ngendi aku ndherek, angger diparingi ancer-ancer utawa alamat sing gumathok, mengko mesthi
ndak goleki. Iya, mas, nek ora kleru baliku suk emben dina Kemis, dadi aku rong ndina ana Yogya,
gandheng aku dititipi ibu nebus resep, entenana wae neng apotik Sumber Waras kira-kira jam loro
awan neng Jl. Wonosari, awake dhewe ketemu ana kana. Piye ? Ningtyas aweh keterangan. Ngono ya
becik, pokoke sapa sing teka dhisik, ngenteni. Bubar kandha ngono, njur gage aba sopir, Pak sopir kiri,
pak !. Bis minggir njur mandheg, Ningtyas nyangklong tase ngadeg njur siap arep mudhun ndak tutke
kanthi mripatku sing kamitenggengen. Mudhune wong ayu Ningtyas, gawe growahing atiku. Atiku
sing mau kebak kembang-kembang endah, saiki dadi angluh lan pepes. Upama bocah cilik mono,
pindhane direbut dulanane, sing lagi nedheng-nedhenge disenengi. Mesthi wae beka lan nangis.
Gandheng aku jaka sing wis diwasa, growahing atiku ndak samudana. Isih ana saplethik pengareparep, yen rong ndina maneh aku bakal bisa ketemu karo dheweke. Grayah-grayah, aku reka-reka bukak
Koran sing mau diulungake Ningtyas marang aku. Ning ya kuwi mung ndak enggo wangun-wangun.

Wong mocoa ya ora ana sing nyanthel neng utek utawa pikiran. Sing ana mung wewayangane wong
ayu Ningtyas, sing tansah gumawang neng pardo ning netra. Nganti bis mandheg neng Terminal
Umbulharjo, aku lagi sadhar yen wis entek rutene. Aku melu-melu penumpang liyane klunuh-klunuh
mudhun kanthi tanpa tujuan. Acaraku sakawit, sing arep nekani omahe kanca-kanca pengarang dadi
ambyar, merga tekane widadari sing ora kenyana-nyana kuwi. Ah, pancen kok, urip mono aneh. Mula
saiki aku ora nggumun, yen ana wong sing uripe wis diprogram, dirancang tharik-tharik, ning gagal.
Iki wae aku saka ngomah mung ngrancang tilik-tilik kancaku lawas saka sanggar kayata,
Ay.Suharyono, Krisna Miharja, Ardini Pangastuti, Rita Nuryanti, Widi Pratiwi, Indria Siwi, sing

tulisane wis sasat angger irung ngerti lan padha disenengi. Klitih-klitih metu saka terminal bis, aku wis
ditawani taksi, becak, sing pating craek, ning ora tak gape. Aku ngunyluk mlaku sing tanpa tujuan,
embuh mengko tekan ngendi, aku dhewe ora ngerti. Aku pancen wis diwasa, wong umurku wis
ngancik wolu likur taun, ning aku durung tau ketaman rasa sing kaya ngene iki. Mangka sasat saben
ndina, aku srawung wong-wong ayu (para seleberitis), sing padha ngayahi main ing sinetron sing aku
melu nangani. Apa ya ngene iki ta, sing diarani gandrung karo prawan utawa jatuh cinta ngana kae.
Ah, ya embuh. Sing cetha, kabeh kekarepan sing tak gantha-gantha saka ngomah pingin kangenkangenan karo kanca lawas dadi ambyar.
Ganti gawang-gawang lelawane sang ayu anyar katon, sing kumantil neng telenging pikir,
sing angel ndak kipatake. Sidane aku njur neng Suryabrantan njujuk neng daleme budheku nak sanake
ibuku. Neng kana ana mas Wawan, putrane sing isih anaS.M.A. bocahe pinter nggitar lan nyanyi, wis
pokoke serba bisa. Nyanyi apa wae bisa. Apa maneh yen gitare disetel banjaran, njur lagune lagu-lagu

langgam utawa kroncong, jan, neng ati bisa nganyut-anyut, rumesep neng sanubari. Ya iki sing bisa
njur malah nggugah atiku aku daya-daya inggal cepet kepingin ketemuNingtyas.
Dina sepisanan aku neng nggone budheku, dikancani Wawan, aku bisa neng Nitiprayan
nggone mbak Widi Pratiwi, njur neng Pirak nggone Mas Krisna, lan dina sing kaping pindhone, aku
neng Kotagedhe nemoni mbak Ardini sing putrane pancet lagi siji wae kuwi, durung tambah.
Gandheng wis kangsen karo Ningtyas, mula nemoni kanca-kanca liyane ndak batalake dhisik, merga
atiku selak kemrungsung. Saka nggone mbak Ardini jam rolas, mula aku pamit budhe lan Wawan yen
arep bali mulih menyang Sala. Aku emoh diterke tekan terminal, alasanku arep mbecak wae, ngiras
nglaras wis suwe ora numpak becak. Tekan ndalan gedhe aku ngawe taksi. Pamitku karo budhe pancen
mulih, ning sopir taksi tak duduhi alamat Apotik Sumber Waras ing Jl. Wonosari kok njur manthuk
ngerti, mula aku gage munggah, taksi nggeblas tumuju alamat sing tak tuduhke. Ora suwe taksi
mandheg presis neng ngarep apotik, aku banjur mudhun. Saka kadohan ndak sawang, apotik kuwi
pancen gedhe. Barang cetha kaya pitudhuhe Ningtyas, aku banjur nyedhak, ngawaske wong-wong sing
padha ana ing kono siji-siji tak jingglengi, ning aku ora nemokke dheweke. Bareng aku ndeleng jam
tanganku pranyata lagi jam siji seprapat, mangka kangsene rak jam loro, ateges aku sing teka luwih
gasik. Aku banjur lungguh kursi sedhiyane wong-wong sing padha antri nebus obat. Mripatku tansah
ngawasake dalan gedhe. Ora suwe ana taksi mandheg lan ngudhunake penumpang, oh kuwi Ningtyas
sing tak tunggu-tunggu. Aku menyat saka lungguhku terus methukke dheweke. Bareng weruh aku,
wong ayu kuwi malah mandheg lakune, nyelehake tas gawane, aku diawe supaya nyedhak. Ya ampun
gawane jeng Ningtyas gedhe tur katon yen abot. Kandhane bareng cedhak. Rewangi yuk, mas, iki

conto daganganku batik, sing sesuk kudu ndak setor menyang Surabaya, penjenengan mau wis suwe
lehe nunggu, mas? Durung kok, jeng, wangsulanku. Apa ngene wae mas, penjenengan nengkene
sedhela, aku tak ngijolke resep, dadi ora perlu ngoyong-oyong tas iki, kandhane jeng Ning. Ngono ya
becik, jeng, wangsulanku. Jeng Ning terus mlebu apotik, saka kadohan ndak sawang omong-omong

sedhela karo pegawene, bariku njur bali marani aku karo kandha. Mas, obat sing dibutuhake ibu entek,
sesuk wae tak golekne neng Surabaya, kandhane santai. Njur iki kersane arep neng ngendi Jeng?, aku
takon, mergane tak sawang jeng Ning kok sajak riwut ora tenang. Wis golek hotel wae, mas, neng kana
bisa ngobrol karo ngaso, merga budhalku rak kudu mengko pesawat terakhir sing jam wolu take off.
Jeneh kok ya mulih pesawat sing budhale wengi ta, Jeng?. Dikensel wae rak bisa lewat tilpun, kanggo
budhal sing sesuk-esuk. Kandhaku aweh pamrayoga. Ora bisa, mas, wong aku wis kebacut janji,
wangsulane serius. Wah urusanmu dagang kok nguras tenaga lan pikiran ta, jeng? Kandhaku. Lha piye,
mas wis kebacut, dhuwit lan dagangan wis ana tangane wong-wong, penjenengan ora seneng, ta mas?
Olehe seneng ya seneng, jeng, ning mesakake slilramu, wangsulanku. Wis ayo, neng hotel ngendi lehe
arep ngaso, aku tak golek taksi, pangajakku mbarengi tekane taksi, jeng Ning ngangkat tas sing gage
tak jaluk. Karo mlebu taksi jeng Ning aba, Pak, teng hotel Gadhing, taksi banjur budhal, aku wong loro
neng njeron taksi mung meneng-menengan. Jeng Ning polatane surem, ora ceria kaya nalika ketemu
aku sepisanan neng ngebis kae.
Tekan hotel njur mlebu kamare dewe-dewe, bengi aku ora bisa-bisa turu, lam-lamen citrane
Ningtyas sing ayu. Ning denea atiku rasane kok melang-melang lan kebak rasa samar. Lagi bareng wis

kliwat tengah wengi aku lali keturon. Tangiku wis awan therong-therong terus adus. Awak rada krasa
seger, njur metu lungguhan ing njaba. Koran anyar sing gumlethak neng meja tak saut tak iling-ilingi.
Kagetku ngluwihi krungu bledheg ing mangsa ketiga, bareng aku weruh fotone jeng Ningtyas ukuran
gedhe kapacak ing surat kabar mau. Karo ndredheg ndak waca tulisan ing ngisore, unine, Telah
tertangkap otak sindikat perdagangan narkoba di bandara kemarin malam, dalam perjalanannya
menuju ke Bali. Di dalam tasnya terdapat heroin setengah kg, surat-surat/KTP palsu dari beberapa kota
dengan sedhabreg nama contoh : Ida Ayu Artini, Neneng Anisah, Rr. Prabaningrum, Ayuningtyas dan
masih banyak lagi. Sejak masuk kota Yogya sudah dikuntit oleh yang berwajib. Diantaranya di Apotik
Sumber Waras, di hotel Gading, dan akhirnya ditangkap di bandara. Sekarang sudah diamankan di
kantor polisi. Dheg ? atine Suwarto njola, dheweke rumangsa ngancani sak awan neng hotel iki, ning
blas ora ngerti. Malah dheweke wis kober kecanthol atine. Warto gage neng kasir mbayar, lan cek out
wektu iku uga. Karo ninggalke hotel grenenge Warto, Oh, Ning kowe kuwi cah ayu, jebul ayumu ora
tulus, ning tega ngrusak generasi bangsa lan penerusmu.
TAMAT