www.alangalangkumitir.wordpress.com Oleh : Mas Kumitir 1
www.alangalangkumitir.wordpress.com Oleh : Mas Kumitir
SERAT NITIPRAJA
Program digital ini dikembangkan untuk melestarikan dalam mendukung proses pelestarian sastra daerah di Indonesia. Hasil dari program digital ini berupa
karya sastra Jawa yang disalin dalam bentuk teks digital format pdf. Semoga tujuan blog
www.alangalangkumitir.wordpress.com adalah menjadi salah satu
sumber digital karya-karya sastra Jawa dapat dibaca, ditelusuri atau diunduh oleh para sutrisna budaya ataupun masyarakat secara bebas.
Salam asah asih asuh. Nuwun.
WAWASAN KENEGARAAN
Karya Sultan Agung Hanyakrakusuma
A. KEWAJIBAN APARAT NEGARA Dandanggula
1. Kandya ing sagaraagni
rasaning driya ika sangkala duk linakwan panyarike
Nitipraja ingapu punang minda prasida ngawi
amiyateng sarira anglengkara punggung
kuwawi peksa utama kyehning jana prawita tan wigati
kedah ingalem bisa. 2.
Arti artati palupa lupi jurang sengkan daratan linakyan
ewuh kang munggeng sanane mangkana ing tumuwuh
dipun emut kramaning dadi satataning wong praja
www.alangalangkumitir.wordpress.com Oleh : Mas Kumitir 2
www.alangalangkumitir.wordpress.com Oleh : Mas Kumitir
den kapti kawengku reh nin amawi sujana
silakrama rembugen dipun nastiti dadi saekapraya.
3. Sampun gingsir silakrama yekti
ilang kelangan dadya kapapan puwara nista regane
dumadak api tan wruh lamun sira wruh ing paranti
raganira lir retna ing sela dinulu
dadaren sadina-dina sampun tungkul ing silakrama prayogi
yadyan delinging raga. 4.
Yensira tiningkah ing bupati rinaket ing nata raganira
den kadi surya padange gumantya dipun anut
manahira dipun aening myang kadi ta samudra
pamotireng uruh rehira menawi santana
kawruhana lwir arsaning taru malih mangsaning labuh kapat.
5. Mendung gledek tibaning riris
kang den pinta dening bala kuswa den tahenaken awake kajawahan angrembuyung
enggar inggar gambira amrih kula busana boga
wanita denyungyun iku den sabda ing bala
dinadara ing danakramaning dasih supaya janma sunya.
6. Pangging panggihaning jalma singgih
yen sinewaka ing panangkilan pepak satanda mantrine
sampun age amuwus
www.alangalangkumitir.wordpress.com Oleh : Mas Kumitir 3
www.alangalangkumitir.wordpress.com Oleh : Mas Kumitir
lamun sira tan pesthi linggih dalanipun tan kontap
dening bala sewu rakiten dukaning tingal
den agalak amanis liyeping aksi sawungen ing jro nala.
7. Adeping tyas ing bala den kaksi
saderenge matur den kadriyan wit tan tekeng wekasane
den pasti sira lungguh lamun angling sita den angayuh amakanka ing ati
pamunahing wardaya. 8.
Antinen aturing tanda mantri lamun tan kari anuhun nabda
wongen saatur sembahe mangkana reh ing prabu
anemahi lara tan angling reh ing agnyana moda
solahe den wengku among winong sanaliko
tinalika panalika den prayogi sampun lali pinangka.
9. Geleng-gelenging nala kalingking
sakyehing pancadriyan ing jagad iku minangka mungsuhe
muwah kyehning pakewuh lamun ana putusan prapti
layang diksura basa tanukseng pupucuk
coba-cobaning widagda saandika upayane wong tan yukti
wruh saingering jagad. 10.
Lamun sira tinitah nrepati wonten ta kecaping nitipraja
nista madya utamane nista reke jentan wruh
ing durgama mungsuhe prati
www.alangalangkumitir.wordpress.com Oleh : Mas Kumitir 4
www.alangalangkumitir.wordpress.com Oleh : Mas Kumitir
katungkul ing pamgulah den reksa ing ayun
ajrih kang wong kalungsura jenegipun gara-gara babo wani
asanggup ing ayunan. 11.
Punika reke nistaning patih api tan wruh yen dadi ngayunan
tur tan kena ing atine sanggupipun maledug
abang lambe waduk maleting waduk sadaya-daya
kanggep aturipun tan etang rusaking praja
pikiripun rusaking kawula alit agnyananebrahala.
12. Ambek katah atur angenteni
amrih keringan rewang sapangan kumingsung peksa angene
lali ulahing mungsuh tan samnya kalawan mantri
kadi ulung muluk ing tawang tumiling anambar ing mangsanya.
13. Gelehing jaba ing jronya mesi
nagasesa upacara dunya patining wong kang den-ame
dunyane kang den itung lir adagang pangidepneki
pangalape parentah pawitane sanggup
panganyanging pangayunan atur setya lenggananipun tan sipi
wetek denya mikena. 14.
Patih madya den tuhu nastiti anglampahi saandikanira
rumeksa ing bala kabeh tan mengeng ring sakayun
giwang-giwang nala tan wingwrin
www.alangalangkumitir.wordpress.com Oleh : Mas Kumitir 5
www.alangalangkumitir.wordpress.com Oleh : Mas Kumitir
anulad trepning praja amrih beneripun
tan aderbe manab purba nora alpa tan amisesa ing alit
trus arjaning jagad. 15.
Patih utama yen animbangi tampa tumampa sahinggekira
wruh kramaning rat semune solah sengel ing tuwuh
wus gumanti ana ing patih rehning anata praja
prayane pakewuh iku utameng utama
yeku reke patih kang amengku bumi amrih arjaning jagad
B. HUBUNGAN RAKYAT DENGAN NEGARA 16.