SERAT NITI PRAJA serat niti praja

(1)

SERAT NITIPRAJA

Program digital ini dikembangkan untuk melestarikan dalam mendukung proses pelestarian sastra daerah di Indonesia. Hasil dari program digital ini berupa karya sastra Jawa yang disalin dalam bentuk teks digital format pdf. Semoga tujuan blog www.alangalangkumitir.wordpress.com adalah menjadi salah satu sumber digital karya-karya sastra Jawa dapat dibaca, ditelusuri atau diunduh oleh para sutrisna budaya ataupun masyarakat secara bebas.

Salam asah asih asuh. Nuwun.

@@@

WAWASAN KENEGARAAN

Karya Sultan Agung Hanyakrakusuma

A. KEWAJIBAN APARAT NEGARA

Dandanggula 1.

Kandya ing sagaraagni rasaning driya ika sangkala duk linakwan panyarike Nitipraja ingapu

punang minda prasida ngawi amiyateng sarira

anglengkara punggung kuwawi peksa utama

kyehning jana prawita tan wigati kedah ingalem bisa.

2.

Arti artati palupa lupi

jurang sengkan daratan linakyan ewuh kang munggeng sanane mangkana ing tumuwuh dipun emut kramaning dadi satataning wong praja

(2)

den kapti kawengku reh nin amawi sujana

silakrama rembugen dipun nastiti dadi saekapraya.

3.

Sampun gingsir silakrama yekti ilang kelangan dadya kapapan puwara nista regane

dumadak api tan wruh lamun sira wruh ing paranti raganira lir retna

ing sela dinulu dadaren sadina-dina

sampun tungkul ing silakrama prayogi yadyan delinging raga.

4.

Yensira tiningkah ing bupati rinaket ing nata raganira den kadi surya padange gumantya dipun anut manahira dipun aening myang kadi ta samudra pamotireng uruh

rehira menawi santana

kawruhana lwir arsaning taru malih mangsaning labuh kapat.

5.

Mendung gledek tibaning riris kang den pinta dening bala kuswa

den tahenaken awake kajawahan angrembuyung enggar inggar gambira amrih

kula busana boga wanita denyungyun iku den sabda ing bala

dinadara ing danakramaning dasih supaya janma sunya.

6.

Pangging panggihaning jalma singgih yen sinewaka ing panangkilan

pepak satanda mantrine sampun age amuwus

(3)

lamun sira tan pesthi linggih dalanipun tan kontap

dening bala sewu rakiten dukaning tingal

den agalak amanis liyeping aksi sawungen ing jro nala.

7.

Adeping tyas ing bala den kaksi saderenge matur den kadriyan wit tan tekeng wekasane den pasti sira lungguh

lamun angling sita den angayuh amakanka ing ati pamunahing wardaya.

8.

Antinen aturing tanda mantri lamun tan kari anuhun nabda wongen saatur sembahe mangkana reh ing prabu anemahi lara tan angling reh ing agnyana moda solahe den wengku among winong sanaliko tinalika panalika den prayogi sampun lali pinangka.

9.

Geleng-gelenging nala kalingking sakyehing pancadriyan ing jagad iku minangka mungsuhe

muwah kyehning pakewuh lamun ana putusan prapti layang diksura basa tanukseng pupucuk coba-cobaning widagda

saandika upayane wong tan yukti wruh saingering jagad.

10.

Lamun sira tinitah nrepati wonten ta kecaping nitipraja nista madya utamane nista reke jentan wruh

(4)

katungkul ing pamgulah den reksa ing ayun

ajrih kang wong kalungsura jenegipun gara-gara babo wani asanggup ing ayunan.

11.

Punika reke nistaning patih api tan wruh yen dadi ngayunan tur tan kena ing atine

sanggupipun maledug

abang lambe waduk maleting waduk sadaya-daya

kanggep aturipun

tan etang rusaking praja pikiripun rusaking kawula alit agnyananebrahala.

12.

Ambek katah atur angenteni amrih keringan rewang sapangan kumingsung peksa angene lali ulahing mungsuh

tan samnya kalawan mantri

kadi ulung muluk ing tawang tumiling anambar ing mangsanya.

13.

Gelehing jaba ing jronya mesi nagasesa upacara dunya patining wong kang den-ame dunyane kang den itung lir adagang pangidepneki pangalape parentah pawitane sanggup

panganyanging pangayunan atur setya lenggananipun tan sipi wetek denya mikena.

14.

Patih madya den tuhu nastiti anglampahi saandikanira rumeksa ing bala kabeh tan mengeng ring sakayun giwang-giwang nala tan wingwrin

(5)

anulad trepning praja amrih beneripun

tan aderbe manab purba nora alpa tan amisesa ing alit trus arjaning jagad.

15.

Patih utama yen animbangi tampa tumampa sahinggekira wruh kramaning rat semune solah sengel ing tuwuh wus gumanti ana ing patih rehning anata praja

prayane pakewuh iku utameng utama

yeku reke patih kang amengku bumi amrih arjaning jagad

B. HUBUNGAN RAKYAT DENGAN NEGARA

16.

Tan asimpen ing arta sademi ratna salaka busaneng mulya lumrah ing nata prabune tuhu setya mring ratu tyasnya pejabaperang sabil tan adarbe wong sanak tan anacad satru

sami tan amilih papan

yen ginunggung tan giwang cinacad sami dening suka pracaya.

17.

Tata tate pingging

bobot repoting suka kaliwat wani lagaweng patine ambek susila ayu

karaketaning wong kaswasih wateknya dana dina

donyane tan ketung

dening wong ingkang pradana

tuwin bala santana myang tonda mantri sinaosan karsanya.

(6)

18.

Sakatahing tonda mantri asih Rukun-rukun lir saudaranya Rempu rineping ratune Mamulenira tulus

Datan wonten kang manah jail Sakyehning bala kuswa

Padha jrih alulut Pangengeting nitipraja

Sampung tungkul ing patih ambek sudarmi Keneng sandi upaya.

19.

Wonten ta papatih rajeng Mesir umung kaloka tinpenepa

koja jajahan wastane saha bala kawengku saparentahira ngecani para ratu kabala samya jrih alulut

sakatahing para nata yen sewaka sinamudaneng anulya sinambrama.

20.

Sinugatan kyehing tonda mantri para ratu ayun aseba

tiniwukan sakarsane busana wastra duwung sabuk gonda sekar sumaji tekeng jawi kawratan baksana lumintu

samampune andrawina

samya medal asewaka sri bupati koja limayeng wuntat.

21.

Titiga panakawanireki

kang ambekta cis upacaranya kaskul lawan lulungguhe akampuh wastra lusuh akulambi tambal respati sabukipun kalekah sampetipun wulung

akris landeyan bengukan denya patih katungkul susilanya di patine keneng cidra.

(7)

22.

Sayogyane ing rekyana patih

sampung katungkul ing manab tunggal rasanane ing karone

jroning tyas den rahayu wajangena isineng bumi myang sakotanging singa prayatneng pakewuh

away gampangaken mongsa yen andhikep gajah banteng lawan kancil

den sami prayitnanta. 23.

Lamun sira ingandel ing gusti kinarya jaksa dening sang nata den traju lumehe

den-tajem timbangipun papakemesampun gumingsir aja melik ing dunya

yen tan beneripun

away kengser ing sarana

yen gingsira dadya sureming nagari sampun simpen welasan.

24.

Wruha sira ing arta sademi gora sabda wisa madukara estri ayu cendalane

jaksa lir geni murub paliwara lir wreksa aking jajeneng kadi tumang wangwanepamuwus kukusipun lamat-lamat

kang apadu lir mina aneng jro warih kalebu ing babara.

25.

Linudang mentas keneng piranti pinecatan ginirah ing toya den-berasih kukumbahe ratengana lan tutur ragenana kalawan said panggangen lan pariksa

(8)

godog geni murub urube nirna nirmala

ing ajeksa jajeneng paliwareki tan dora setyeng nata.

26.

Jeksa jajeneng paliwareki rumangsaa yen sinilah sabda eningi ratu adile

jaksa angganing ratu amariksa sing sanagari srem sureming praja yen tan beneripun kang kocap ing nitipraja

nista madya utama yen jeksa ening tan ayun ing ruruba.

27.

Madyaning jeksa lamun lumiring atari-atari atatarenan

amrih bener ing wong akeh

sakyehning jaksa pungkur angriringa denya met asil kadya merang ingobar sinebar ing ranu

lir pagul denya met mongsa jroning toya jembare den dalajahi tan liyan saking toya.

28.

Nistanya lamun jeksa miranti arakit basa kramaning cidra anunuwe tan aserah

alingan ing gumunggung apa sira ta kaya mami denya amet pasilan sajroning alungguh buktine daun salembar

iya dening taneman kang den-ulahi angulap bawaning lyan.

29.

Akeh bawane wong amet kasil panyarikan alingan karopak

(9)

pucuking pangot pamete sarati lingan angkus pande emas alingan agni sungging alingan warna lwiring tuwaburu

malah mung anilih wana, upamane angidang wruh anjaringi

amasang kalitida. 30.

Agung alit myang titindih wukir maya-maya denya ngungsi guna waneh alingan tapane

tunggal kang dipuntenung kadi peksi krenda tumiling denya amet kasab

lir mina gegenjonglemesing raga lit anungkelang tajinya.

C. DESENTRALISASI KEWENANGAN

31.

Enget-engeten kramane dadi atwa tungkul ing suka kawiryan den wruh pranataning raje tata titining ratu

ingkang lumrah ing sanagari saringen jroning nala

lumrah tekeng dusun subakramaninging sarira

away sanak lan durjana away kongsi kidang kari alasnya.

32.

Aparek kalawan wong sinelir kang kaparek denira nata bebetnya kullabangsane palane yen amuwus yen kawetu dipunlinggihi kadi kengser ing singa sang nata anut

kengsering singa agalak

kang den mongsa yekti naga boganeki wija-wija putranya.

(10)

33.

Pratamaning janma kang sinelir angawula ing prabu satmata sampun langganeng karsane kinena sira mengkul

ing gulune singa den aglis rangkulen aja kemba yen kinen angambung pipining naga angelak

nulyambungen aywa gumingsir ing ati antuk jenenging praja.

34.

Wija tuwuh patra tiksna lungid aglar ing sira kinen narajang trajangen aja suwe

tan ana bayinipun

nadyan sira tumekeng pati amanggih karaharjan ing delahan besok

angrasaa pakoning hyang nata prabu kinarya jalaning sih darma mona kewala.

35.

Eling pakeling away ta lali ing duduga kalawan prayoga pinet saking panengare myang cipta nateng semu lamun wonten ujungan ing ling gutuk lor kena wetan

kulon kena kidul

enggok wangsul amikena

kedap-kedap kocaking netra lan alis wus karsa wisakrama.

36.

Tatraping tyas wruh kang pinilih ing sujana wigneng parahita lumaya minuladi lide

sandining krada nempuh saha ganda prananing aksi amunah-munah krama saekaning guyu

(11)

pracara oneng sadina

nirantara soba sobanira amrih byak krasa wisakrama.

37.

Darma darma ing asaba puri Lamun ingandela saba pura Den kadi wana sonyane Anglila-ngila mangu Sirnakena rasaning ati Jumen paninggalira Celekeneng ratu

Sakatahe kang kawuryan

Tunggalena lan warnaning sri bupati Yeku wignyaning nata.

38.

Sampun araket dening pawestri jroning pura yeku madu wisa estr pura sakarsane

estri salokanipun tirta suda sagara agni bahni wresa angarang puspa wiguneku antya wilewi lwirwira

tirta banyu sagara wus angarani tan wareg deneng toya.

39.

Bahni tan wareg ing kayu aking wus pandita guna kagunanya antya wilewih karsane

myang wiku pandita gung nora nana wareg ing ngelmi mangkana ing wanita

tan amilih kakung

kakung tan anampik ing dyah wisanipun kakung araket pawestri yen tan tajem ing praja.

40.

Kadi sela panggarisan rukimi teguh tuhu sungana dana ingriku reke pawore sarasane katemu

(12)

gatra-gatra susah kang ati anyipta nora natya

tuwin yen amungsuh dening wani tantya mukya kang tinohan

tinuku kalawan jurit

tan etang patyan pinatyan. 41.

Lamun sira rineka pawestri

kinaryan gedong dening sang nata samunira den alumeh

den lila ing sakayun

myang salokanira kapanggih dadi garwa pawitan

netyanireng kakung angrasaa yen amungsuh dening wani tantya mukya kang tinohan

tinuku kalawan jurit tan etang patyan pintyan. 42.

Ajwa ngangge wastra ingkang adi anganggeya langsaran sadina sampun awiraga mangke lawan sampun akusut

den prasetya ing manah anglih asaji-saji karsa

nira sang aulun nilik tiliken jro pura

den kareksa ulah kawanen jro puri samaptanen ing karsa.

43.

Wibuhing dunya ambekta lalis kedaping tyas sinukan sarana gumunggung tan wrin mulane lega umpeging kayun

dene dereng manah kang jati anggungaken sasira

mungkureng rahayu gingsiring apawong-sanak

kang kadulu manising retna sakundri gumiwang ing prasetya.

(13)

44.

Sudra-sudraning kang cidra singgih papa ing papa pinapa ing rat

lir dangdang amongsa wangke munggeng setra anguwuh

mencok ing pang ragas tur aking tur sarya anggaruda

wankenya den-gilut tumiling sarya anglayang

lincak-lincak den antun panganereki medun anucuk singgat.

45.

Kawruhana ing dunya puniki ingkang dadi wigenaning raga yen luputa prakarane

lir kembang palwe ranu dadya labuhpalwanya miring gonjing katempuh ngalang ombak aggung nempuh prayogane darbe arta

priyen dadi layar kamidining amrih prapta ingkang senedya.

D. KETANGGUHAN BIROKRASI

46.

Ewuh ing dunya yen tan kalingling kaba-kaba ingaksi kawuryan dereng wruh yateng sangkane brahala munggeng tuwuh lilinyokan denira angling gumunggung sapa sira tan kaya kadingsun

kebek matingting mutingkrak lamugawa amrih kalokeng sabumi artane dadi pikat

47.

Datan mangkana kang sampun singgih tan kumedap tinggale ing dunya

sugih datanpa duduwe tuhu arjeng tuwuh

(14)

ing praja kasusilanya

asiluman ing boga wastra pawestri paesaning narendra.

48.

Gati-gati pranata atiti

lamun sira kinarya kongkonan iku apringga tindake

imba caraning ratu

anambada karsanya mesi rakiten semunira

angrasaa sri bupati salirning prakaranya. 49.

Lamun sira angutus amawi layang pupucuking dura praja den kawengku pilepase tindake den kadulu

away sira ngumbar praniti ing watara duduga

prajaga den-ketung iku traping nitipraja

yen ingutus angambah liyanagari nagara lyan sasmita.

50.

Andhingineno loka den titi amengkuwa saking awakira prapta mring prajane dewek lamun sira wis rawuh

ing jajahan myang tepis iring angrungukena warta

den ragi asamun

ing semu dipun asamar

away metu ing tutuk denira amrih taping tindak lir angsa.

51.

Sampun adres anggupita angling asring gumuyu ilang titinya

sigung kasigug temahe mangkana yen wus rawuh ing nagara dipun respati tan pen tindak lakunya

(15)

away nolih pangkur

sampun amicareng marga

layangira embanen kalawan samir taping tindak lir angsa.

52.

Ulatira den darpa amanis pangucapira den tibeng madya den atambuh aywa gupe ing semu den aruhur

yen tinampan layangereki deng angriringen nala ya iku pakewuh

upamane lir antiga

ingapit ing sela sumaya arti jabang mangilo jurang 53.

Turukena layangireki

den kadi paksi teka ing tawang anglayang mencok aleren ing tahen sekaripun tunjung-tunjung telaga sari ibek madune kentar

kabyaktan tumiyung tumampa ing wilapanya

kang pinaran prihen sukanira wrinwrin duga-duga wilasa.

54.

Parekena lan dohena ing sih, kareketana saking kadowan sira tanpa ling-aling away kabenten gelar

ginutuk lor kidul

mangulon den-prih kang wetan

kang wetan yen mangalor kang kidul dipun kaaksi den anyraka.

55.

Yen sira lungguh dipun nastiti kula dyatmika susila krama ikuduta kang angene imba caraning ratu

yen atanggap wawales gipih tumulya pinamitan

(16)

rahinten dalu lumampah

tanpa yun asalah kapti sireng margi datan mampir ing wisma.

56.

Lamun prapta ngayunaning gusti dipun samepa ing tinggal tunggal matura ing tingalane

sarta pupuk semu

mamandapanira den aglis dipun ririh ingarsa

nira sang aulun

atur serat wawalesnya

layangira iriden pucuk ing wuri yen kagyana turena.

57.

Muwah kawula amonca bumi tan beda mangkana lekasira ewuh yen lan sasamine kang samya bupatya gung

asisyan asilih ukih akintun-kinintunan myang ujungan semu

tan wonten kang kasorana

madyantara iku layange yen prapti katoreng narendranya.

58.

Titi yen gusti mareng kang alit tewi kawula matur sang nata titi tata sasane

mangkana ing liripun ing amawi layang kikirim mareng sanak wong sanak sampun salah liru

ing guru gusti sasamanya

wong atuwa sinama kramanireki titi lwir ing kramanya.

59.

Pranatane angawula singgih lamun sira ayun asewaka bilasen ragane kabeh ngambila toya wulu

(17)

acalanaa petak asabuka dadu

krisa parung rarancaban asubuka ubed tiga sira kaki lilisaha gagonda.

60.

Lamun prapta pasowan asri apalinginyan rowang sapangan

amiliya satimbange rewangira alungguh kang prasama sama nampani

dadya saeka prana tunggal sabayantu

sampun arebat kawignyan silih ukih akudon arebut kawi pala cacengilan.

E. MEWUJUDKAN NEGARA SEJAHTERA

61.

Jeroning paseban adep ing pati weruhanira gening pasamuan arsaning ratu unguhe

suko duka tinemu ing ayunanira nrepati iya kudu winenang anggunganing tuwuh asung jenenging kawiryan

anurada anrapaken larapati ratu jalaraning jiwang 62.

Away kandag denira aningali trusa rena kebing panarima den kadi ringgit regane duk aneng keliripun

pandan muncar sira tinggali wayang kelir kawangwang gamelane umung

tan pegat denya welasan

kang anonton asmara kandenging kingkin waneh kandeg ing wayang

63.

(18)

kandeg dening swaraning gamelan waneh kandeg ing damare

waneh kayon dinulu

tanpa ngucap anukmeng kelir dalang ing tan kuningan aringgit sawegung rainten dalu awayang

paringgite dalang wignya tanpa tanding cipta wibuh ing praja

64.

Amuroni pawayangereki awalesan ing sapta akasa ing sapta bumi wignyane apadudon dinulu

tan seng tunggal lamun kaaksi tunggalipun tan tunggal

lwir nitir parajeku

kang raga aglar ing bala

kyan rakyana apatih timbalaning sih aparentah ing praja

65.

Tumibeng bala punggawa sami anubon ing timbalnira

apatih sawangkone wong dadosan yan tuhu tinrapaken ing lara pati lamun tuhu ginanjar winehan sakayun kalabe sang niti praja

sing sapa weruh ing raga sasamaneki pakartine raharja.

66.

Kaya ta sira yen amatinggi lumakyeng desa aseba karang den karesa drigamane

galeng wates ing dusun langlangana rabina wengi dursila den kareksa anudaa laku

anggempala sakaraman

kang atunggu rumekseng watesireki lalaren saben dina

(19)

67.

Anjenengana langar den apti arepana karajan ing doya ingkang awening bejine angungkurena gunung

myang pagagan tegal kang asri munggeng ayuning desa

myang walabar agung mungeng tepine kang desa peringena rawa susukuning wukir yeku sira sedya.

68.

Legawaa ing boga myang bukti ing rewangira wong adedesan turutana sakarsane

ing kasenenganipun

karang pecal lebak lan wukir tunggulana kalawan

sela watesipun

myang wana ing parungbutan sampun cidra ing reh denira marinci tambangen lalakonya.

69.

Buktining kaum dipun kapeksi kang rumeksa ing wektu lilima den tulus pakarangane

pencinipun den gemuh lan srahena jakatireki muwah lan pitrahira srahena ing kaum

myang kadi kadi tanem tuwuhnya sedyakena ing ratu myang panditeki den anggunggung wong tapa. 70.

Lan sedyakena ing pikir miskin kawula ina kang kapradana

ing anak yatim prenahe suka wirya ng tuhu yen arekat lan wong kaswasih

teluk ing apadita sumungkem ing ratu parikudu ing tamiyan

(20)

sasamine islam den sugata gati sakrama dipun enggal.

71.

Lan mailih ing wong karama rahi anggung gumunggung buru aleman

angulati satimbange wales winalesing yung urmat ingurmatan sireki

iku wateking setan brahala den-temu adoh ing pekir kasiyan

kasengite andulu wong kawla-asih raket ing wong sudagar

72.

Pemut ing nitipraja den kesti sayogyane ing jalma katilar ing yayah rena regane away sira andunung wong acukit adulit sami akumbah akarakah amutrah angebur anurun tejaning muka

sampun sira kadunung sudagar singgih angayar-ayar dunya.

E. MEWUJUDKAN NEGARA SEJAHTERA 61.