LAGU DAERAH JAWA TIMUR doc

LAGU DAERAH JAWA TIMUR
1. Cublak-Cublak Suweng
Cublak cublak suweng
Suwenge ting gelèntèr
Mambu ketundhung gudèl
Pak empong lera-léré
Sapa ngguyu ndelikkaké
Sir sir pong dhelé kopong
Sir sir pong dhelé kopong
2. Rek Ayo Rek
Rek ayo rek mlaku mlaku nang Tunjungan
Rek ayo rek rame rame bebarengan
Cak ayo cak sopo gelem melu aku
Cak ayo cak dolek kenalan cah ayu
reff
Ngalor ngidul liwat toko ngumbah moto
Masio mung senggal senggol ati lego
Sopo ngerti nasib Awak lagi mujur
Kenal anake sing dodol rujak cingur
Jok dipikir Angger podho gelem mlaku
Jok dipikir angger podho gak duwe sangu

Mangan tahu jok dicampur nganggo timun
Malam minggu jok podho digawe nglamun
3. Umbul-Umbul Belambangan
Bul-umbul Belambangan 3x
Umbul-umbul Belambangan eman…
He umbul-umbul he Belambangan 2x
Belambangan, Belambangan
Tanah Jawa pucuk wetan
Sing arep bosen sing arep bosen
Isun nyebut-nyebut aran ira
Belambangan, Belambangan
Membat mayun Paman
Suwarane gendhing Belambangan

Nyerambahi nusantara
Banyuwangi… kulon gunung wetan segara
Lor lan kidul alas angker
keliwat-liwat
Belambangan.. Belambangan
Aja takon seneng susah kang disangga

Tanah endah… gemelar ring taman sari nusantara
He.. Belambangan… He Belambangan
Gemelar ring taman sari nusantara
Belambangan he seneng susahe wistah aja takon
Wis pirang-pirang jaman turun temurun yong wis kelakon
Akeh prahara taping langitira magih biru yara
Magih gedhe magih lampeg umbak umbul segaranira
Belambangan he.. gunung-gunungira magih perkasa
Sawah lan kebonanira wera magih subur nguripi
Aja kengelan banyu mili magih gedhe seumberira
Rakyate magih guyub ngukir lan mbangun sing mari-mari
He Belambangan lir asata banyu segara
Sing bisa asat asih setya baktinisun
Hang sapa-sapa baen arep nyacak ngerusak
Sun belani sun dhepani sun labuhi
Ganda arume getih Sritanjung yong magih semebrung
Amuke satria Menakjingga magih murub ring dhadha
Magih kandel kesaktenane Tawang Alun lan Agung Wilis
Magih murub tekade Sayuwiwit
Lan pahlawan petang puluh lima

Ngadega jejeg … ngadega jejeg
Umbul-umbul Belambangan
Ngadega jejeg adil lan makmur
Nusantara…………
4. Genjer-Genjer
Genjer-genjer nong kedokan pating keleler
Genjer-genjer nong kedokan pating keleler
Emak'e thole teko-teko mbubuti genjer
Emak'e thole teko-teko mbubuti genjer
Ulih sak tenong mungkur sedhot sing tolah-toleh
Genjer-genjer saiki wis digowo mulih
Genjer-genjer esuk-esuk didol ning pasar
Genjer-genjer esuk-esuk didol ning pasar

Dijejer-jejer diuntingi podho didhasar
Dijejer-jejer diuntingi podho didhasar
Emak'e jebeng podho tuku nggowo welasah
Genjer-genjer saiki wis arep diolah
Genjer-genjer mlebu kendhil wedang gemulak
Genjer-genjer mlebu kendhil wedang gemulak

Setengah mateng dientas yo dienggo iwak
Setengah mateng dientas yo dienggo iwak
Sego sak piring sambel jeruk ring pelonco
Genjer-genjer dipangan musuhe sego
5. Ulan-Ulan Andung-Andung
Uuuulan…andhung andhung
Yoro metuo saben ulan saben taun
Sinare condro dewi ala emak
Kepilu padang mendem gadung bakalan wurung
Ulan andhung andhung
Ono padhyang ono mendhung ala emak…
Tangise wong lanang
Kang keduhung
Yong yong kelopo, doyong yong
Awak kulo keroyong royong
Yong yong kelopo, doyong yong
Awak kulo keroyong royong
reff :
kembali ke atas..ulan andhung andhung…
6. Gerajagan Banyuwangi

Gerajagan banyuwangi,
raino wengi sing tau sepi
lanang wadon kang nekani,
ngilangaken susahe ati
Lungguh ring pasir-pasiran,
sembur-semburan, garedowan
ambi mangan selodoran,
lanang wadon uber-uberan
Reff :
gandeng tangan ring pinggiran,
pinggir pesisir gerajagan
bisik-bisik semayanan,
matri janji urip bareng

sir-siran ambi gandangan,
gending asli, banyuwangian
Gerajagan banyuwangi,
raino wengi sing tau sepi
lanang wadon kang nekani,
ngilangaken susahe ati

Reff :
gandeng tangan ring pinggiran,
pinggir pesisir gerajagan
bisik-bisik semayanan,
matri janji urip bareng
sir-siran ambi gandangan,
gending asli, banyuwangian
Gerajagan banyuwangi,
raino wengi sing tau sepi
lanang wadon kang nekani,
ngilangaken susahe ati
7. Glepung Sawi
Arang-arang, kemarang wadahe kembang
Kembang gedang, rerenggane omprok seblang
Kakang-kakang, sun adang riko sun adang
Melek katon turuo sing biso ilang
Iring-iring sun iring wong lencir kuning
Kembang gelung gelung riko arum semreweng
Iling-iling welas isun keliwat sangking
Welas katon liyan riko sing ono maning

8. Cengkir Gading
Tayongan lembeyan, kegal-kegol nong kadoan
Kelopone podho kereng, direnggo janur kuning
Membat manyun nong nduwuran, awe-awe koyo perawan
Penekono unduwono, sun upai cengkir gading
Tayongan lembeyan, kegal-kegol nong kadoan
Kelopone podho kereng, direnggo janur kuning
Membat manyun nong nduwuran, awe-awe koyo perawan
Penekono unduwono, sun upai cengkir gading
reff :
Duet :
Sekar-sekar gending, cengkir gading
Gendinge wong menek ngundhuh kelopo
Nyung layung temiyung,

Kiring sak mancung ‘
Gage sendalono ciciro tumiblak
Alak emas nong galengan sutro
Puputono, tembangono
Kelopo badhene lengo

Sekar-sekar gending, cengkir gading
Gendinge wong menek ngundhuh kelopo
Nyung layung temiyung,
Kiring sak mancung ‘
Gage sendalono ciciro tumiblak
Alak emas nong galengan sutro
Puputono, tembangono
Kelopo badhene lengo
kembali ke bait-2…tayongan lembeyan,…