Wosing Prekawis Paedahing Panaliten

12 kadhang kala minangka gegayutan awujud sebab-akibat kronologis , satunggal bab minangka sambunganipun saking bab sanesipun. Minangka satunggaling karya fiksi , novel nyuguhaken satunggaling donya minangka model pagesangan ingkang dipundamel ideal , donya imajinatif , ingkang dipunbangun mawi unsur-unsur intrinsikipun, kadosta plot , penokohan , latar , sudut pandang , ingkang sedayanipun asipat imajinatif . Sinaosa asipat noneksistensial , awit dipunkreasekaken kanthi sengaja dening panganggit, dipundamel persis, dipunimitasekaken dipunanalogekaken kaliyan donya nyata kanthi sedaya prastawa saha latar aktualipun, satemah katingal nyata saha kadadosan, ananing sedaya menika lumampah kanthi sistem koherensinipun Nurgiyantoro, 2000:4. Sugihastuti saha Sugiharto 2005: 43 ngandharaken bilih novel minangka struktur ingkang gadhah makna . Novel boten namung rerakitaning seratan ingkang nuwuhaken gairah rikala dipunwaos, ananging minangka struktur pemikiran ingkang kasusun dening unsur-unsur ingkang padu. Kanthi makaten, kangge mangertosi makna utawi pikiran kasebat, karya sastra kedah dipuntliti. Sapamanggih kaliyan Sugihastuti saha Sugiharto, Nurgiyantoro 2000: 22 ngandharaken bilih satunggaling novel dipunkreasekaken dening panganggit minangka totalitas tumrap pamaos, inggih menika samubarang ingkang sipatipun artistik . Minangka karya sastra, novel kabangun saking cacahing unsur - unsur , saben unsur magayutan kanthi erat saha nemtokaken, sedaya menika badhe ndadosaken novel minangka satunggaling karya sastra ingkang gadhah makna saha gesang. Ing sanes pihak, saben unsur pembangun menika badhe gadhah 13 makna menawi sampun magayutan kaliyan sedayanipun. Kawontenan ingkang terisolasi, kapisahaken saking totalitasipun, unsur-unsur menika boten wonten tegesipun, ateges boten gadhah fungsi Nurgiyantoro, 2000: 30-31. Saking pamanggih para ahli ing nginggil saged dipunpendhet dudutan bilih novel inggih menika karya prosa fiksi ingkang nyariosaken pagesanganipun tiyang, ingkang dipunkreasekaken dening panganggit saha kabangun saking unsur - unsur , sae intrinsik saha ekstrinsik satemah dados satunggaling karya sastra ingkang gadhah makna.

2. Citra Wanodya Ing Karya Sastra

Alwi 2001: 289 paring teges bilih citra minangka kesan mental utawi bayangan visual ingkang dipuntuwuhaken dening satunggaling tembung utawi ukara, saha minangka unsur dhasar ingkang kha s wonten ing karya prosa saha fiksi . Sapamanggih kaliyan Alwi, Sugihastuti 2000: 45 negesi citra minangka rupi, gambaran utawi saged awujud gambaran ingkang dipungadhahi dening tiyang kathah babagan pribadi, utawi kesan mental bayangan visual ingkang dipuntedahaken dening satunggaling tembung, frasa , utawi ukara, saha minangka unsur dhasar wonten ing karya prosa saha geguritan. Pradopo 2005: 80 ngandharaken bilih citra minangka gambaran- gambaran ing salebetipun pikiran saha basa ingkang nggambaraken. Gambar pikiran wonten ing citra minangka efek salebetipun pikiran ingkang persis kaliyan gambaran ingkang dipuntedahaken dening penangkapan kita dhateng objek ingkang saged dipuntingali netra, suwanten, saha perangan utek ingkang magayutan. 14 Citra minangka gambaran imajinasi ingkang tuwuh saking proses maos sabibaripun proses maos. Wellek saha Warren 1986: 238 ngandharaken bilih pencitraan menika asipat visual , minangka proses pengindraan utawi persepsi, ananging ugi minangka sesulih mengacu dhateng menapa ingkang boten katingal, menapa ingkang wonten ing salebetipun. Saking pangertosan ing nginggil, citra saged dipunwastani minangka persepsi ingkang mengarah dhateng penafsiran sae visual utawi gambaran ingkang kawujudaken mawi pengindraan, pikira n, saha emosi. Ing ngriki, citra saged asipat visual, mengacu dhateng pengindraan utawi asipat psikologis Wellek saha Warren, 1986: 348. Salajengipun Wellek saha Warren negasaken bilih pencitraan menika minangka topik ingkang kalebet bidang psikologi. Ing ngelmu psikologi, tembung citra gadhah teges reproduksi mental, salebetipun proses ingatan, bayangan, pandangan, utawi gambaran tumrap menapa ingkang dipunmirengaken, dipunwaos, saha dipuntingali. Pangertosan menika ngewrat maksud bilih sedaya ingkang mengarah dhateng bayangan utawi kesan mental imaji, tuwuh awit unsur-unsur ingkang dados titikan saking citra menika piyambak. Satemah maknanipun citra kawujudaken saking unsur - unsur penanda, kados ingkang saged katingal saking sipat saha tumindakipun tiyang. Saking pangertosan ing nginggil, saged dipunpendhet dudutan bilih citra ingih menika kesan mental bayangan ingkang tuwuh awit unsur-unsur linguistik saha titikan ingkang maringi pitedah tumrap menapa ingkang dipuntingali, menapa ingkang dipunwaos, dipunraosaken, ingkang kawujudaken mawi pikiran imaji utawi persepsi saking saben individu. Boten namung menika, citra inggih