55 Pengesahan data
panaliten kanthi ngginakaken
validitas
saha
reliabilitas data. Validitas
ingkang dipunginakaken ing panaliten menika inggih
validitas semantis,
tegesipun makna simbolik ingkang gayut kaliyan konteksipun dipunukur
tingkat
sensitifipun. Caranipun ngukur
makna simbolik
menika kagayutaken kaliyan
konteks
karya sastra saha
konstruk analisis
Endraswara, 2011: 164.
Reliabilitas
ingkang dipunginakaken ing panaliten menika inggih
reliabilitas interrater. Reliabilitas
katindakaken kanthi cara maos saha mangertosi wosing data panaliten kanthi tliti saha dipunambali ngantos pikantuk data ingkang
ajeg. Asilipun maso lajeng dipunkonsultasekaken dhateng tiyang ingkang dipunanggep mumpuni inggih menika
dosen
pambimbing minangka
expert judgments.
56
BAB IV ASIL PANALITEN SAHA PIREMBAGAN
A. Asil Panaliten
1.
Sinopsis Novel Pisungsung Kang Wingit
Novel
kanthi irah-irahan
Pisungsung Kang Wingit
dipunanggit dening Atas S. Danusubroto.
Novel
menika minangka asil sayembara panyeratan
novel
Jawi tahun 2000 ingkang dipunadani dening Taman Budaya Yogyakarta.
Novel
menika kadadosan saking wolung bab cariyos, kanthi gungung 260 kaca. Novel menika nyariosaken katresnan paragatama Supriyanto minangka
Guru SD wonten ing Purworejo kaliyan paraga wanodya kadosta Tilarsih, Ningsih, saha Marsinah. Pambukanipun
novel
nyariyosaken tumekanipun serat saking Ningsih, pacanganipun tunanganipun Supriyanto saking Semarang. Serat
ingkang sajatosipun dipunajeng-ajeng minangka pangesoking raos tresna saking kekasihipun pranyata malah kosok wangsulipun. Suraosipun serat menika
Ningsih medhot sambetipun kaliyan Supriyanto kanthi alesan boten dipunparengaken dening tiyang sepuhipun. Kejawi menika Ningsih ugi kepencut
kaliyan Agung, tiyang ingkang ngaken insinyur kamangka sajatosipun tukang apus krama. Akhiripun Ningsih dados korbanipun Agung, kamangka
kasucenipun sampun dipunrisak dening Agung. Sasampunipun maos serat, Supriyanto manahipun semplah satemah
wangsul dhateng Cilacap kangge ngleremaken manah. Ing Cilacap Supriyanto kemutan dhateng Tilarsih ingkang nate dados kekasihipun rikala taksih wonten
ing dhusun. Tilarsih inggih menika putranipun Mbok Sembol, randha miskin
57
ingkang gadhah sesrawungan sae kaliyan kulawarganipun Supriyanto. Tilarsih dados putra jadah, minangka korban saking tumindakipun Wondo dhateng
Sembol. Wondo inggih menika putra majikanipun Sembol rikala nyambut damel dados abdi ing Jakarta. Wondo boten tanggel jawab tumrap menapa ingkang
sampun dipuntindakaken, ngantos Tilarsih diwasa janjinipun Wondo badhe manggihi boten nate dipuntindakaken.
Sesambetan tresna antawisipun Tilarsih kaliyan Supriyanto kawiwitan saderengipun Supriyanto kesah dhateng Semarang. Mangertos Supriyanto gadhah
sesambungan tresna kaliyan Ningsih, Tilarsih lajeng nekad purun dipunrabi dening Tugiman sinaosa akhiripun boten rukun satemah pegatan.
Rumaos getun awit sampun nglelara Tilarsih, Supriyanto lajeng gadhah niyat badhe manggihi Tilarsih kangge nyuwun pangapunten. Wiwitanipun
tanggepanipun Tilarsih katingal anyep, awit Tilarsih nginten rawuhipun Supriyanto paring ulem saha pamit badhe krama kaliyan Ningsih. Nanging
sasampunipun mangertos kasunyatanipun, manahipun Tilarsih lega. Tilarsih ugi tansah ngugemi janjinipun bilih boten badhe ngladosi priya sanes kajawi
Supriyanto, sinaosa Tilarsih nate krama kaliyan Tugiman. Raos tresna Tilarsih dhateng Supriyanto pranyata ageng sanget. Rikala
tindak jagong dhateng kanca bakul, Tilarsih rawuh kaliyan Supriyanto. Kekalihipun ugi sanjan dhateng Baturraden. Wonten Baturraden kanthi pasrah
bongkokan Tilarsih
misungsungaken kasucenipun
dhateng Supriyanto.
Sabibaripun menika Tilarsih boten nate manggihi Supriyanto, awit Tilarsih sampun lila bilih piyambakipun boten saged gesang sesarengan kaliyan priya