Caranipun Nganalisis Data CARA PANALITEN

57 ingkang gadhah sesrawungan sae kaliyan kulawarganipun Supriyanto. Tilarsih dados putra jadah, minangka korban saking tumindakipun Wondo dhateng Sembol. Wondo inggih menika putra majikanipun Sembol rikala nyambut damel dados abdi ing Jakarta. Wondo boten tanggel jawab tumrap menapa ingkang sampun dipuntindakaken, ngantos Tilarsih diwasa janjinipun Wondo badhe manggihi boten nate dipuntindakaken. Sesambetan tresna antawisipun Tilarsih kaliyan Supriyanto kawiwitan saderengipun Supriyanto kesah dhateng Semarang. Mangertos Supriyanto gadhah sesambungan tresna kaliyan Ningsih, Tilarsih lajeng nekad purun dipunrabi dening Tugiman sinaosa akhiripun boten rukun satemah pegatan. Rumaos getun awit sampun nglelara Tilarsih, Supriyanto lajeng gadhah niyat badhe manggihi Tilarsih kangge nyuwun pangapunten. Wiwitanipun tanggepanipun Tilarsih katingal anyep, awit Tilarsih nginten rawuhipun Supriyanto paring ulem saha pamit badhe krama kaliyan Ningsih. Nanging sasampunipun mangertos kasunyatanipun, manahipun Tilarsih lega. Tilarsih ugi tansah ngugemi janjinipun bilih boten badhe ngladosi priya sanes kajawi Supriyanto, sinaosa Tilarsih nate krama kaliyan Tugiman. Raos tresna Tilarsih dhateng Supriyanto pranyata ageng sanget. Rikala tindak jagong dhateng kanca bakul, Tilarsih rawuh kaliyan Supriyanto. Kekalihipun ugi sanjan dhateng Baturraden. Wonten Baturraden kanthi pasrah bongkokan Tilarsih misungsungaken kasucenipun dhateng Supriyanto. Sabibaripun menika Tilarsih boten nate manggihi Supriyanto, awit Tilarsih sampun lila bilih piyambakipun boten saged gesang sesarengan kaliyan priya 58 ingkang dipuntresnani menika. Tilarsih kesah tanpa pamit, satemah andadosaken Sarpan, Mbok Sembol, saha Supriyanto tansah bingung anggenipun madosi. Sampun pinten-pinten wulan boten kepanggih, kamangka Tilarsih pranyata ngandhut wijinipun Supriyanto. Panglamaripun Darno akhiripun kedah dipunkonduraken dening Sarpan, kamangka wekdal ijab sampun dipuntemtoakaken. Supriyanto tansah bingung, menapa malih menggalihaken pepeling saha pamrayoginipun Jahro ngengingi Tilarsih ingkang drajatipun boten imbang kaliyan piyambakipun. Kawuwuhan malih badhe kados pundi anggenipun nanggapi Marsinah andadosaken Supriyanto langkung bingung. Supriyanto mupus pangajeng-ajeng gesang, raganipun boten kiyat nampi kasunyatan. Rikala Supriyanto sakit Tilarsih ugi rawuh kanthi mbekta putra ingkang umuripun sampun satunggal tahun. Pungkasanipun Supriyanto boten pikantuk sinten-sinten, boten kaliyan Ningsih, boten kaliayan Tilarsih, ugi boten kaliyan Marsinah. Supriyanto sakit parah ngantos boten makarya. Supriyanto tansah boten kiyat nangung resiko , piyambakipun kalah ulet kaliyan Tilarsih ingkang tansah tabah anggenipun nglampahi paitipun gesang. 2. Identifikasi Peran, Citra, saha Ketidakadilan Gender Tumrap Wanodya ing Novel Pisungsung Kang Wingit . Panaliten menika ancasipun badhe ngandharaken peran paragatamaa saha wanodya wonten ing pagesangan , citra wanodya, saha manifestasi ketidakadilan gender tumrap wanodya wonten ing novel kanthi irah-irahan Pisungsung Kang Wingit anggitanipun Atas S. Danusubroto.