Panaliten ingkang Jumbuh GEGARAN TEORI

Caranipun ngempalaken data salebeting cerbung Janggrung inggih kados makaten. 1. Maos cerbung Janggrung anggitanipun Sri Sugiyantokanthi premati saha dipunambali makaping-kaping; 2. Nyathet perangan-perangan ingkang ngewrat indikator babagan latar sosial budaya wonten cerbung Janggrung; 3. Asil saking nyathet perangan-perangan kalawau, lajeng dipunserat wonten kartu data; 4. Sasampunipun nyathet perangan ingkang gayut kaliyan latar sosial budaya, data dipunpantha miturut perangan latar sosial budaya ingkang kaandhut wonten saben data; 5. Salajengipun dipuntindakaken pengkodean data. Data-data kasebut dipunsukani kode mawi aksara saha angka jumbuh kaliyan urutanipun. Ingkang dipundadosaken data inggih menika ukara wonten cerbung Janggrung. Wondene data ingkang boten gayut kaliyan panaliten menika, boten dipunginakaken. Data ingkang sampun dipunkempalaken lajeng dipundadosaken sumber informasi wonten panaliten menika, ingkang samangke badhe dipunanalisis.

E. Pirantining Panaliten

Panaliten menika ngginakaken cerbung utawi crita sambung kanthi irah-irahan Janggrung anggitanipun Sri Sugiyanto. Wonten mriki panaliti minangka perencana, ingkang ngempalaken data, penafsir data, ingkang nganalisis data, saha ingkang ngandharaken asiling panaliten. Semi 1993: 24 ngandharaken bilih wonten panaliten kualitatif, panaliti menika minangka pirantining panaliten ingkang gadhah kemampuan intelektual, kawruh, katrampilan anggenipun ngempalaken data, saha nyerat sedaya kadadosan ingkang dipunteliti. Asil anggenipun ngempalaken data lajeng dipunserat wonten srana panaliten awujud tabel, minangka asil anggenipun nyerat data sasampunipun maos cerbung Janggrung. Tabel menika ginanipun kangge damel data ingkang sistematis saha gampil anggenipun nindakaken klasifikasi data. Wondene format tabel penyajian asiling panaliten saged dipungambaraken kados makaten:

a. Latar Sosial Budaya

Tabel 1. Perangan Religiusitas ingkang inggil wonten Cerbung Janggrung No Perangan Indikator No. Data 1 Mitos ingkang taksih dipunpitados dening masyarakat 2 Ritual ingkang taksih dipuntindakaken dening masyarakat Tabel 2. Perangan Organisasi Sosial wonten Cerbung Janggrung No Perangan Indikator No. Data 1 Paguyuban utawi grup karawitan ingkang ngrembaka kanthi sae 2 Sanggar beksan ingkang ngrembaka kanthi sae 3 Kepengurusan salebeting organisasi 4 Anggota salebeting organisasi ingkang maneka warni Tabel 3. Perangan Kawruh saha Kaprigelan anggenipun nganalisa Prekawis wonten Cerbung Janggrung No Perangan Indikator No. Data 1 Kawruh ngengingi kawontenan ingkang mirunggan 2 Nganalisa satunggaling prekawis 3 Kawruh ngengingi kesenian beksan Janggrung ingkang mumpuni Tabel 4. Perangan Wujud Basa wonten Cerbung Janggrung No Perangan Indikator No. Data 1 Paribasan 2 Bebasan 3 Tetembungan salebeting kesenian Janggrung 4 Basa Jawi krama inggil 5 Basa Jawi krama madya 6 Basa Jawi ngoko 7 Basa Jawi krama dhusun 8 Basa Padesan 9 Pepindhan 10 Kerata basa 11 Panyandra 12 Macapat 13 Sesanti 14 Parikan 15 Wangsalan Tabel 5. Perangan Kesenian ingkang Adiluhung wonten Cerbung Janggrung No Perangan Indikator No. Data 1 Paraga salebeting kesenian Janggrung ingkang mumpuni 2 Kaprigelan seni ingkang mumpuni 3 Gladhen beksan saha karawitan ingkang ngremenaken salebeting Janggrung 4 Sinten kemawon ingkang ningali pentas Janggrung 5 Janggrung sarana pertunjukan ing acara tartamtu 6 Acara salebeting pementasan ingkang ngremenaken Tabel 6. Perangan Pakaryan wonten Cerbung Janggrung No Perangan Indikator No. Data 1 Jinising pakaryan ingkang prasaja salebeting masyarakat wonten cerbung Janggrung 2 Asil anggenipun makarya 3 Upaya pados pakaryan ingkang sampun awrat ing jaman