Caranipun Ngesahaken Data CARA PANALITEN

Ingkang dipunpasrahi ngracik beksan Palguna saha Kanthil, wondene ingkang dipunpatah nggarap gendhingipun inggih menika Pak Bambang. Karawitan Sekar Kalongking ingkang dipunpandhegenai dening Bu Wahyuni garwanipun Pak Widura, nyata prigel-prigel saestu, swantenipun gendhing saged dipunraosaken kanthi nyamleng, jumbuh menawi dipungathukaken kaliyan beksan Janggrung ingkang dipungarap alusan. Wekdal kangge beksan Janggrung menika boten dangu, udakawis namung setengah jam, nanging saged damel para tamu kepranan saestu. Paraganipun ingkang ayu-ayu, beksanipun ingkang endah, saha tabuhan gendhing ingkang raosipun rempeg dipunpirengaken. Pak Lebda anggenipun badhe nglestantunaken Janggrung boten namung cekap semanten. Nalika wonten adicara rasulan utawi resik desa, Janggrung alusan wiwit kababar malih. Kanthil saha Welas ingkang kadhapuk dados paraga Janggrung, dipungarap beksan alusan. Nalika wonten tombokan ugi namung tombok alusan, saha winates paraga-paraga ingkang dipunkeparengaken. Saking gethok tular, Janggrungipun Nyi Prenes wiwit pikantuk kawigatosan malih. Jeneng Janggrung wiwit dipuntepungi dening masyarakat silih gumanti. Kathah warga desa Kecik utawi sanesipun ingkang nanggap Janggrungipun Nyi Prenes kangge adicara-adicara tartamtu. Kajawi Pak Widura ingkang sampun kasil ngedegaken sanggar karawitan Sekar Kalongking, Palguna ingkang samenika kuliah wonten jurusan seni ugi gadhah gegayuhan kangge ngedegaken sanggar beksan Janggrung. Nanging dereng dipunwujudaken pepenginanipun Palguna menika, sampun kaathah tiyang ingkang rangu-rangu menapa samangke sanggar beksan Janggrung menika saged lestantun saha maju. Menapa malih Palguna menika samangke dados sarjana seni, menapa cekap gesang ing madyaning padesan namung badhe mecaki jagading Janggrung. Palguna menggalih bilih pamanggihipun tiyang sanes menika wonten leresipun, nanging piyambakipun panggah kukuh badhe ngedegaken sanggar menika, sinaosa kathah pepalangipun. Umpaminipun Pak Padmo ingkang katingal serik dhateng Palguna, amargi piyambakipun nate ngedegaken sanggar beksan nanging wekasanipun namung kantun jeneng. Wekasan Palguna sampun ngedegaken sanggar beksan Janggrung.Ning Manis putranipun Pak Dul Bandhu ingkang wiwit dados anggota. Sansaya dangu anggota sanggaripun Palguna sansaya kathah, wiwit lare alit dumugi lare SMA wonten. Kanthil ugi ndherek mbiyantu Palguna anggenipun nggladhi anggota sanggar menika. Anggenipun gladhen beksan ugi dipunbedakaken dados kalih, lare alit piyambak, ingkang radi ageng piyambak. Sedaya sampun wonten jadwalipun piyambak-piyambak. Sansaya dangu sanggar beksanipun Palguna sansaya ngrembaka. Kepara wiwit dipunpentasaken wonten adicara tartamtu. Wiwit adicara mengeti HUT RI, Palguna kaliyan Kanthil sansaya greget anggenipun nggladhi anggotanipun, makaten ugi ingkang dipungladhi boten kawon semangatipun. Awit asringipun nggladhi sesarengan, sajakipun tuwuh raos tresna antawisipun Palguna kaliyan Kanthil. Nanging saking Palguna menapa dene Kanthil boten kepengin salawase nggladhi sanggar Janggrung menika wonten sesandhunganipun. Adicara mengeti HUT RI saged lumampah kanthi rancag. Pentas Janggrung ingkang dipungarap pasangan sinambi gegeculan saha boten wonten tombokan ugi saged ndamel para tamu kepranan. Sanggar beksanipun Palguna pikantuk pangalembana saking kathah tamu, kalebet Prastiwi, keponakanipun Pak Bambang ingkang nembe wisuda sarjana seni. Piyambakipun ngalembana tumrap gregetipun Palguna ingkang taksih gadhah gegayuhan kangge nglestantunaken seni Janggrung. Dereng telas pangalembana saking masyarakat tumrap sanggar beksanipun Palguna, Pak Kasi Kebudayaan ingkang dipundherekaken dening Pak Bambang saha Pak Lebda dalasan Prastiwi rawuh wonten sanggaripun Palguna maringi informasi bilih badhe dipunwontenaken lomba tari rakyat tingkat Jawa Tengah. Pak Kasi Kebudayaan ngersakaken ngangkat Janggrung Wonogiren kangge ndherek lomba kasebut. Ingkang dipundhapuk minangka paraga beksan samangke para anggota sanggar beksanipun Palguna. Ngadhepi lomba tingkat Jawa Tengah temtu mbetahaken gladhen ingkang boten sekedhap. Kedah greget amargi wekdalipun tansaya caket kaliyan lomba. Palguna, Kanthil saha Prastiwi sansaya greget anggenipun nggladhi para paraga Janggrung. Kalebet persiapan kados kostum, rias, seragam karawitan ugi sampun wiwit dipunsamaptakaken. Lomba tari rakyat menika dipunadani wonten wayah ndalu, mapan wonten Kabupaten Kendal. Ingkang ndherek lomba wonten wolung kontingen. Janggrung Wonogiren wiwit jumedhul kanthi undhian nomer gangsal. Garapan Janggrung enggal menika damel penonton sami ngguyu amargi salebeting beksan menika wonten garapan beksan ingkang mloto. Nalika nengga pengumuman menika wekdal ingkang damel boten sabar kangge mangertosi asilipun.