Caranipun Nganalisis Data CARA PANALITEN

Makaten adicara pahargyan saged kalampahan kanthi rancag ngantos paripurnaning adicara. Nanging wonten satunggaling tamu undangan inggih menika Pak Dul Bandhu ngersakaken tumindak sembrana nalika mangertos bilih Nyi Prenes saweg wonten ruang ganti utawi ruang rias. Boten wonten tiyang sanes kajawi kekalihipun. Tamu sanesipun taksih mriksani seni hiburan ingkang taksih gayeng wonten njawi. Nyi Prenes nulak kekajenganipun Pak Dul Bandhu ingkang thukmis menika. Nanging Pak Dul Bandhu boten nyerah, ngantos boten wonten ingkang mangertos menapa ingkang kadadosan antawisipun kalih tiyang kalawau. Pak Widura menika boten wasis wonten babagan gendhing, nanging gegayuhanipun kangge ngedegaken sanggar karawitan sajakipun sampun kawujud. Sekar Kalongking inggih menika nama ingkang dipunpilih kangge sanggar karawitan menika. Pak Widura saha Bu Wahyuni anggenipun milih anggota pranyata wasis saestu. Pak Bambang kemawon ingkang kajibah nggladhi para anggota ngraos mongkog saha remen amargi para anggotanipun sami gatekan saha boten lalen anggenipun ngapalaken urut-urutanipun not. Ngantos satunggaling dinten sanggar karawitan Sekar Kalongking dipunpitados kangge ngiringi beksan Janggrung wonten adicara ngundhuh manten sadherekipun Pak Lebda. Pak Lebda menika rumiyin nate ngasta wonten kantor Kebudayaan. Ingkang dados ledhek Janggrung inggih menika Nyi Prenes, Welas, saha Kanthil. Kanthil menika rayinipun Welas, piyambakipun sampun dangu nilar griyanipun amargi boten purun menawi dipunpeksa Nyi Prenes ndherek Janggrung menawi wonten tandhak ingkang ngersakaken sembranan. Ingkang dipunpasrahi ngracik beksan Palguna saha Kanthil, wondene ingkang dipunpatah nggarap gendhingipun inggih menika Pak Bambang. Karawitan Sekar Kalongking ingkang dipunpandhegenai dening Bu Wahyuni garwanipun Pak Widura, nyata prigel-prigel saestu, swantenipun gendhing saged dipunraosaken kanthi nyamleng, jumbuh menawi dipungathukaken kaliyan beksan Janggrung ingkang dipungarap alusan. Wekdal kangge beksan Janggrung menika boten dangu, udakawis namung setengah jam, nanging saged damel para tamu kepranan saestu. Paraganipun ingkang ayu-ayu, beksanipun ingkang endah, saha tabuhan gendhing ingkang raosipun rempeg dipunpirengaken. Pak Lebda anggenipun badhe nglestantunaken Janggrung boten namung cekap semanten. Nalika wonten adicara rasulan utawi resik desa, Janggrung alusan wiwit kababar malih. Kanthil saha Welas ingkang kadhapuk dados paraga Janggrung, dipungarap beksan alusan. Nalika wonten tombokan ugi namung tombok alusan, saha winates paraga-paraga ingkang dipunkeparengaken. Saking gethok tular, Janggrungipun Nyi Prenes wiwit pikantuk kawigatosan malih. Jeneng Janggrung wiwit dipuntepungi dening masyarakat silih gumanti. Kathah warga desa Kecik utawi sanesipun ingkang nanggap Janggrungipun Nyi Prenes kangge adicara-adicara tartamtu. Kajawi Pak Widura ingkang sampun kasil ngedegaken sanggar karawitan Sekar Kalongking, Palguna ingkang samenika kuliah wonten jurusan seni ugi gadhah gegayuhan kangge ngedegaken sanggar beksan Janggrung. Nanging dereng dipunwujudaken pepenginanipun Palguna menika, sampun kaathah tiyang ingkang rangu-rangu menapa samangke sanggar beksan Janggrung