Sumbering Data Caranipun Ngempalaken Data

semanten Tabel 7. Perangan Pirantos wonten Cerbung Janggrung No Perangan Indikator No. Data 1 Pirantos salebeting kesenian Janggrung 2 Titihan masyarakat wonten desa 3 Pirantos wonten griya wetawis taun 2005 4 Pirantos wonten tetanen wetawis taun 2005 5 Pirantos wonten sesadean wetawis taun 2005

F. Caranipun Nganalisis Data

Nganalisis data inggih menika kagiyatan pemaknaan data ingkang sampun dipunpanggihaken wonten cerbung Janggrung anggitanipun Sri Sugiyanto. Pemaknaan data menika dipungayutaken kaliyan pamanggih ide ingkang badhe dipunandharaken dening panganggit. Awit saking menika ngginakaken analisis data ingkang nggambaraken ide utawi gagasan minangka visi panganggit kangge nyengkuyung kawontenan latar sosial budaya ingkang badhe dipunteliti. Cara nganalisis data menika dipunginakaken amargi data ingkang dipunteliti sipatipun kualitatif saha mbetahaken andharan deskriptif. Cara nggambaraken data dipunginakaken kangge mangertosi latar sosial budaya saha kawontenan sosial budaya, ingkang ndhasari wontenipun cerbung Janggrung. Cak-cakanipun nganalisis data ngginakaken metode deskriptif kualitatifmenika kados makaten: Kaping pisan, nandhingaken data setunggal kaliyan data sanesipun saha dipunbagi miturut kategori ingkang wonten kangge nggampilaken analisis data. Ingkang angka kalih, data dipunserat wonten kartu data. Ingkang angka tiga, asiling kategorisasi kaping pisan lajeng dipunanalisis kanthi deskriptif interpretatif. Andharan menika adhedhasar pamanggihipun Proust lumantar Endraswara, 2011: 112, caranipun nganalisis sosiologi sastra dipuntindakaken kanthi ngginakaken analisis deskriptif interpretatif. Cara kasebut dipunginakaken amargi data panalitenipun awujud data verbal ingkang sipatipun interpretatif saha mbetahaken andharan deskriptif. Analisis dipuntindakaken mawi interpretasi tumrap latar sosial budaya, saha kawontenan latar sosial budaya ingkang ndhasari wontenipun cerbung Janggrung menika. Ingkang angka sekawan, damel ingterpretasi tumrap data ingkang sampun dipungarap dados dudutan ngengingi latar sosial budaya, saha kawontenan sosial budaya ingkang ndhasari dipundamelipun cerbung Janggrung.

G. Caranipun Ngesahaken Data

Caranipun ngesahaken data wonten panaliten menika ngewrat kalih perangan, inggih menika uji validitas saha uji reliabilitas. Uji validitas data ngetang kadospundi analisis ingkang dipunginakaken kangge ngandharaken pawartos wonten data ingkang sampun cumawis, menapa cara kasebut sae utawi boten.