Kompetensi Inti KI PENUTUP

Tenan. Dina Senin candhake Nirman ngajak Sancaka sinau bebarengan ana ngomahe Nuning. Ing antarane bocah telu mau Nuning pancen paling lantip pamikire lan jembar wawasane jroning pasinaon. Nuning menehi warah marang Sancaka lan Nirman bab pelajaran matematika. Dheweke nulis nganggo kapur ana papan tulis cilik kang disendhekake ana tembok. “Waah, ana Bu Guru cilik ta, iki?” alike Mbak Tiwuk, mbakyune Nuning. “Uuuu, Bu Guru, apa? Aku ya ra isa, Mbak, warahi, Mbak” panjaluke Nuning marang Mbakyune. Mbak Tiwuk banjur nyedhaki bocah telu kang lagi padha sinau kuwi. “Nah, ya ngene iki, Dhik. Sinau kelompok ki becik. Kabeh bisa warah- warahan lan wulang-wulangan siji karo sijine. Mung yen lagi ulangan aja wewarahan Aja nyontek, Ya” “Hyoh, Mbak wangsulane bocah telu mau bareng. Mbak Tiwuk sing minangka jejere mahasiswa UGM kuwi banjur paring wewarah maneka warna soal, diterangake, dijlentrehake dhodhok selehe supaya bocah-bocah mau mudheng. “Sapa sing durung mudheng kudu takon, Lho Aja meneng wae” Ujare Mbak Tiwuk sawise nerangake soal. Nirman lan Sancaka banjur mikir temenan, apa sing diwarahake Mbak Tiwuk sanajan angel, nanging bocah sakloron kuwi gembleng tekade amrih kudu bisa. Dina candhake saben dina Senin lan Kemis bocah telu mau padha sinau bebarengan ora ana jelehe. Ulangan semesteran wis rampung. sanajan ana soal-soal kang rinasa angel anggone nggarap, nanging Nirman, Sancaka lan Nuning sajak ayem-ayem wae. Bocah telu mau duweni kapercayan pribadi kang gedhe. Lire wis padha yakin yen asile ulangan saiki ora bakal nguciwani. Kapetik saka Djaka Lodhang No.27 taun 2012 Pertemuan 3 ? k e b e X t \ . ? p L y u[ n b i[ s H o r b is b n T e . s a un T r a ik up e n um P = s i= w is W i w it b ud l W is e K b k M un Ju= f ur u= a n i= m ud un \ , t e g [ e s S [ a o r k [ l o = . f f ia k uk [ r o d ik N [ t o y t e t e p Z f e g \ , a un Ò u= a i= s f w [ n l k ua ik i m a u[ a o r a n c [ l o n P e n um P = s i= z e n D e g \ , .............................................................................................................................. Sumber saka Ajisaka.com,13 juni 2014