Keterampilan Penilaian sikap sosial dalam kegiatan menanggapi hasil karya teman dan berkarya
- “Wah jamane wis maju, penyakit wae melu maju, angel tambane”.
- Rangketen para durjana
- Perudahaan iki kudu bisa meju
2. Basa ngoko alus Basa ngoko alus inggih menika sarana micara ingkang tembung-tembungipun
ngoko kacampuran krama inggil. Dene ingkang dipunkramakaken sesebatan saha tembung kriya. Sesebatan upaminipun tembung purusa tembung sesulih kados:
panjenengan, panjenengane, dalem boten griya. Tembung kriya kadosta: tindak, sare, dhahar, maos. Basa ngoko alus kangge micara:
-
Tiyang sepuh ingkang langkung andhap kalenggahanipun dhateng tiyang anem langkung inggil kalenggahanipun.
- Tiyang sepantaran nanging taksih kepengin ngurmati
Tuladha: -
Dhimas, apa sliramu sida arep tindak Jakarta? -
Yen panjenengan mundhut buku, aku nitip Basa Krama
1. Krama Lugu Basa krama lugu inggih menika sarana micara ingkang sedaya tembung-
tembungipun krama. Basa krama lugu kangge micara: -
Tiyang langkung sepuh dhateng tiyang anem, nanging taksih kepengin ngurmati
- Pangarsa dhateng andhahan ingkang langkung sepuh
Tuladha: -
Menawi sampun mantuk, kula badhe tubas peksinipun -
Pak, cobi kula dipunpendhetaken conto produk wonten ing gudang 2. Krama alus
Basa krama alus inggih menika sarana micara ingkang tembung-tembungipun dumados saking tembung krama saha krama inggil. Tembung krama inggil kangge
sesebatan saha tembung kriya. Basa krama alus kangge: -
anak dhateng tiyang sepuh -
Tiyang anem dhateng tiyang sepuh -
Tepangan enggal -
Andhahan dhateng pangarsa -
Kawula dhateng ratu -
Tiyang ndedonga Tuladha:
- Bapak kula badhe study tour dhateng Bali
- Kula badhe matur ibu
- Nuwun sewu asma panjenengan sinten?
- Bapak sedaya barang sampun kula aturaken Bu Lurah
- Kepareng kula matur Gusti?