Underaning Perkawis Watesaning Perkawis
                                                                                10
ngginakaken  basa  kasebut.  Adhedhasar  mapinten-pinten  pamanggih  kasebut, saged  dipunpendhet  dudutan  bilih  pragmatik  inggih  menika  satunggal  ngelmu
ingkang nyinaoni basa ing wicantenan supados saged mangertos menapa wosipun ingkang  dipunkajengaken  antawisipun  penutur  kaliyan  mitra  tuturipun  jumbuh
kaliyan konteksipun. Pragmatik  menika  setunggal  studi  ingkang  panalitenipun  dipundhasari
dening  konteksipun.  Konteks  ingkang  dipunkajengaken  inggih  menika  sedaya latar  belakang  pengetahuan  ingkang  dipungadhahi  sesarengan,  antawisipun
penutur kaliyan mitra tutur saha sedaya ingkang wonten gayutanipun sawontening wicantenan  kekalih  kala  wau.  Kanthi  adhedhasar  pamanggihipun  Wijana  2009:
15 bilih konteks ingkang kados menika dipunsebut konteks situasi tutur. Wonten gangsal aspek tutur, inggih menika :
1 penutur saha lawan tutur ditambahi uraian keterangannya
2 konteks tuturan
3 ancasipun tuturan
4 tuturan minangka satunggal wujudipun aktifitas
5 tuturan minangka produk tindak verbal.
Wicantenan  saged  kalampahan  kanthi  sae  bilih  peserta  tuturipun  inggih menika penutur saha lawan tuturipun kalibat aktif sawontening proses wicantenan
kala  wau.  Bilih  salah  satunggal  saking  peserta  tutur  boten  kalibat  aktif  wonten tuturan  saged  dipunsebut  gagal  tuturan.  Satemah  dipunbetahaken  kerjasama
dening kekalihipun. Salah  satunggal  wujud  kerjasama  antawisipun  penutur  kaliyan  lawan
tuturipun  inggih  menika  kanthi  tumindak  ingkang  santun  antar  pihak.  Miturut
11
Rahardi  2005:  52  kedah  nggatosaken  prinsip  kejelasan,  kepadatan,  saha kelangsungan.  Prinsip  menika  supados  pesen  wicantenan  saking  penutur  saged
katampi dening lawan tuturipun kanthi trep saha dipunmangertosi kekalihipun. Miturut  Djajasudarma  2012:  77  ngandharaken  bilih  pragmatik  kaperang
dados 4 kajian inggih menika: 1.
kajian linguistik, kajian ingkang naliti tandha sign, swanten saha maknanipun kanthi subsistemipun fonologi, morfologi, sintaksis saha leksikon;
2. kajian  pragmatik  ujaran,  kajian  ingkang  naliti  konteks  langsung  tunggal
kadosta  tema-rema,  tema  inggih  menika  perangan  ujaran  ingkang  nyukani informasi menapa ingkang dipunwicantenaken, rema  inggih menika perangan
ujaran  ingkang  nyukani  informasi  ngengingi  temanipun;    fokus-latar,  fokus menika  nyukani  informasi  ngengingi  perangan  ingkang  wigatos,  latar  menika
saking  pundi  ujaran  menika  diipunpirsani;  fokus-kontras    nyukani  informasi perkawis ingkang positif kaliyan negatif;
3. kajian  pragmatik  wacana,  kajian  ingkang  naliti  babagan  konteks  wacana
kadosta  ngengingi  deiksis,  kesantunan  perkawis  martabat,  ketakrifan, pertuturan, pacelathon, metafora, ironi;
4. kajian  pragmatik  budaya,  kajian  ingkang  naliti  basa  kanthi  wiyar  inggih
menika  panganggening  basa  ing  konteks  kultural-sosial-psikologis  basa minangka identitas kelompok
Awit  saking  perangan-perangan  menika  panaliten  ngengingi  maksim kalebet  wonten  kajian  pragmatik  wacana  amargi  naliti  wacana  saha  konteksipun.
Wacana  inggih  menika  basa  ingkang  dipunasilaken  saking  tindak  komunikasi kanthi  koherensi  saha  kohesi  ingkang  sambung  sinambung,  nggadhahi  wiwitan
                                            
                