Nalaring Pikir GEGARAN TEORI

31 panaliten menika, panaliti ngandharaken perkawis babagan maksim sawontening novel Lintang anggitanipun Ardini Pangastuti. Panaliten menika dipuntindakaken kanthi cara ngempalaken data, ndamel kelompok-kelompok data lajeng analisis data kangge ngandharaken maksim saha ginanipun.

B. Data saha Sumbering Data

Data wonten panaliten menika inggih pacelathon ingkang ngewrat maksim kecocokan saha nyebal saking maksim kecocokan. Data menika dipunpanggihaken sawontening novel. Data salajengipun dipunpendhet. Sumber data wonten panaliten menika inggih novel ingkang irah- irahanipun „Lintang‟ anggitanipun Ardini Pangastuti. Cithakan kaping tiga ingkang dipunterbitaken dening Yayasan Adhigama Semarang, kandelipun 85 kaca. Novel menika dipunpilih amargi dipunpanggihaken maksim kecocokan saha penyimpanganipun sawontening novel minangka salah satunggalipun sarana kangge ngandharaken wosing cariyos.

C. Caranipun Ngempalaken Data

Cara ngempalaken data wonten panaliten menika inggih kanthi maos kaliyan nyerat. Lampahanipun anggenipun ngempalaken data inggih menika: 1. Panaliti maos novel Lintang anggitanipun Ardini Pangastuti kanthi tumemen. 2. Panaliti nalika maos manggihaken ukara-ukara ingkang dipunlesanaken dening paraga lajeng dipuntemtokaken ukara menika kalebet ngginakaken 32 maksim kecocokan utawa nyebal saking maksim kecocokan dipungayutaken kaliyan kawontenannipun nalika wicantenan. 3. Data dipunperang antawisipun wicantenan ingkang kalebet ngginakaken maksim kecocokan saha nyebal saking maksim kecocokan. Data dipunperang malih miturut ginanipun basa. 4. Data dipunserat ing tabel data. Data ingkang kaserat salajengipun dipunketik ngginakaken komputer minangka piranti kangge nyimpen data. 5. Saksampunipun sedaya data dipunkempalaken, lajeng dipundokumentasikaken, dipunpahami sarta dipuntliti dados sumber informasi kangge mbiyantu ngandharaken data ngginakaken analisis data ingkang kalebet maksim kecocokan saha penyimpangan maksim kecocokan.

D. Pirantos Panaliten

Pirantos panaliten wonten panaliten menika inggih panaliti piyambak. Saben data ingkang kalebet wonten maksim kecocokan saha penyimpangan maksim kecocokan dipunserat sami kaliyan kategori data ingkang dipunginakaken. Salajengipun kangge nggampilaken kagiyatan anggenipun nyerat pencatatan, anggenipun ngempalaken, saha analisisipun data, panaliti ugi ngginakaken pirantos sanesipun inggih menika kertu data. Kertu data minangka sarana kangge nggampilaken anggenipun ngempalaken, nyerat saha ngandharaken data inggih menika ingkang kalebet ngginakaken maksim kecocokan, penyimpangan maksim kecocokan saha ginanipun. Kertu data menika ngewrat data-data saking andharan maksim kecocokan, penyimpangan maksim kecocokan saha analisis ginanipun.