Data saha Sumbering Data Caranipun Ngempalaken Data

35

BAB IV ASILING PANALITEN SAHA PIREMBAGANIPUN

A. Asiling Panaliten

Novel minangka karya fiksi ingkang imajinatif. Novel nggadhahi sifat non eksistensial inggih menika dipunkreasikaken panganggitipun, dipundamel sami kaliyan kasunyatan jangkep kaliyan prastawa-prastawa saha lataripun Nurgiyantoro, 2000: 4. Satemah katingal nyata saha wonten kadadosanipun. Novel boten anamung seratan ingkang saged nyukani inspirasi kangge pamaosipun, ananging nggadhahi mapinten-pinten makna saking wosipun. Pramila, supados wosipun menika saged dipunmangertosi kanthi cetha, kedah dipunwontenaken panaliten tumrap novel kasebut. Adhedhasar data ingkang dipunpikatuk saking panaliten tumrap novel Lintang menika, dipunpanggihi wontenipun maksim kecocokan. Maksim kecocokan ingkang dipunpanggihi inggih menika panganggening saha penyimpangan maksim kecocokan. Pramila panganggening saha penyimpangan maksim kecocokan kasebut ugi wonten ginanipun. Ginanipun saking panganggening saha penyimpangan maksim kecocokan inggih menika fungsi emotif, direktif, interpersonal, representasional, metalingual kaliyan imajinatif. Panaliten ngengingi maksim tumrap novel Lintang menika nggadahi ancas ngandharaken wosipun cariyos lumantar panganngening saha penyimpangan maksim kecocokan. Asilipun panaliten saged dipuntingali wonten tabel menika. 36 Tabel 1: Panganggening Maksim Kecocokan wonten Novel Lintang Anggitanipun Ardini Pangastuti No Panganggening Maksim Kecocokan Ginanipun Indikator 1 Lawan tutur sarujuk kaliyan andharanipun penutur Fungsi Emotif kangge ngandharaken raos bingah lawan tuturipun Pak Sastra : “… Urip pancen mbutuhake perjuangan. Berjuang amrih urip kita luwih apik, selaras karo kang dikersakake dening Kang Maha Kuasa…. Ah, Bapak wis kakehan anggone ngomong.” Gilar : “Mboten menapa- napa, Pak. Kula seneng mirengaken .” 51L64MKemt Fungsi Emotif kangge ngandharaken raos sedhih lawan tuturipun Gilar : “… Ing kono aku bisa ngrasakake KeagunganE Tuhan, Kemaha murahanE, rahmate marang titahe tanpa winates. Mung si titah kaya dene aku ngene iki upamane, kadhang ora bisa mensyukuri Nur Endah : “He-em. Aku dhewe ya sok mangkono. Ora bisa tansah bersyukur. Kerep nggersula ….” 8L21MKemt Fungsi Emotif kangge ngandharaken raos bingung lawan tuturipun Pak Sastra : “… Dakgatekake Nak Gilar kok kaya wong bingung. Apa sing mbok pikirake?” Gilar : “Inggih, leres. Kula pancen saweg bingung …” 49L59MKemt 2 Lawan tutur sarujuk kaliyan panyuwunipun penutur Fungsi Direktif kangge ndhawuhi lawan tutur ngirimaken layang lamaran Gilar : “Paling ora ya wulan ngarep, Mas. Aku rak kudu pamit lan ngrampung-ngrampungake tugasku dhisik.” Mas Jaka : “Ya, dak tunggu. Nanging aja kliwat pertengahan bulan lho.. .” 59L77MKdir Fungsi Direktif kangge maringi pamrayogi penutur anggenipun mbayar Gilar : “Kudune aku sing mbayar. Mosok cewek sing nraktir.” Nur Endah : “Ssst dirungokne liyane. Ya, wis. Suk liya wektu gentian Mas Gilar sing mbayari.” 14L23MKdir