Ukuran Kesantunan Deskripsi Teori
22
Pacelathon menika dipunandharaken penutur kanthi menapa wontenipun. Boten nggadhahi ancas ngapusi menapadene mranani penggalihipun tiyang sanes
ing setunggal wicantenan. Pramila titikanipun priyantun ingkang nggadhahi sifat asertif inggih
menika: a.
nggadhahi raos bebas anggenipun ngandharaken raosipun; b.
mangertosi hak-ipun, inggih menika boten nguciwakaken penggalihipun tiyang sanes;
c. saged ngontrol dukanipun, tegesipun anggenipun ngandharaken menapa
ingkang dipunraosaken logis boten adhedhasar emosinipun; d.
nggadhahi keyakinan saha mantep tumrap menapa ingkang dipunandharaken. Pramila wonten ing setunggal tuturan boten dipunpanggihi kecocokan
antawisipun penutur kaliyan mitra tuturipun dipunsebut penyimpangan maksim kecocokan. Supados langkung gampil anggenipun mbedakaken, pramila wonten
ing ngandhap menika tuladhanipun panganggening maksim kecocokan saha penyimpanganipun :
[A] + “Perpustakaane rame banget ya?”
- “Iya.”
Wangsulanipun A-
“Iya” menika saged dipunsebut sopan amargi wonten
ing pacelathon [A] maksimalaken kecocokan. Pramila saking tuturan kasebut panganggening maksim kecocokan sampun kelampahan amargi kekalihipun
sampun manggihaken kecocokan. Boten dipunpanggihi panulakan saking tuturan kasebut.
[B] + “Rin, sesuk bali kuliah dolan menyang pasar Bringharjo ya?”
- “Emoh, aku arep nggarap tugas pragmatik, Rin.”
23
Wangsulanipun B- “Emoh, aku arep nggarap tugas pragmatik, Rin.”
menika nedahaken panulakan dening menapa panyuwunanipun + “…dolan
menyang pasar Bringharjo ya?”. Menapa kekarepipun + boten nglampahi
satunggal kecocokan dening kekalihipun. Tuturan kasebut minangka pananda boten wontenipun kecocokan tuturan satemah nedahaken wujud penyimpangan maksim
kecocokan. Wonten ing masarakat Jawa, priyantun menika boten pareng nyela-nyela
utawa nulak kanthi langsung menapa ingkang dipunandharaken tiyang sanes. Perkawis menika pranyata katingal bilih yuswa, pakaryan saha status sosialipun
penutur kaliyan mitra tuturipun ingkang beda Kapilihipun maksim kecocokan wonten panaliten menika awit saking novel
Lintang kathah wicantenan lumantar pacelathonipun tokoh-tokohipun ingkang nedahaken satunggal wujud kecocokan antar penuturipun. Kajawi menika taksih
sekedhik panaliten ingkang naliti maksim kecocokan tumrap novel, mliginipun novel Jawa.
Pramila setunggal pacelathon ngginakaken maksim kecocokan wonten titikanipun Rahardi, 2005: 64. Titikanipun setunggal pacelathon ngginakaken
maksim kecocokan inggih menika: 1.
lawan tutur sarujuk kaliyan andharanipun penutur kanthi wangsulan: iya ya, inggih, he-em, ya wis, iya kaya mangkono, aku sarujuk, leres, boten menapa-
menapa, terserah, ora apa-apa, uga, lan sapiturutipun gumantung konteksipun; 2.
lawan tutur sarujuk nindakaken panyuwunanipun penutur; 3.
bilih penutur ndhawuhi setunggal pakaryan, lawan tutur ugi nglampahi pakaryan menika.