Jinising Panaliten CARA PANALITEN

34 wonten maksim kecocokan saha penyimpangan maksim kecocokan, salajengipun ngandharaken ginanipun miturut konteksipun. Pungkasanipun damel dudutan saking sedaya data ingkang sampun dipunpikantuk sawontening novel Lintang.

F. Caranipun Ngesahaken Data

Caranipun ngesahaken data wonten panaliten menika ngginakaken validitas saha reliabilitas. Supados datanipun sah, panaliti ngginakaken validitas semantis. Validitas semantis inggih menika nganalisis saha paring pangertosan data-data miturut konteksipun Mulyana, 2005: 112. Teknik validitas semantis menika dipuntindakaken kanthi cara maos data saha madosi maknanipun adhedhasar konteksipun. Salajengipun, data dipunsuwunaken pirsa kaliyan ahli ingkang nguwaosi bidang kasebut inggih menika dosen pembimbing kangge mangertosi data ingkang valid. Reliabilitas data wonten ing panaliten menika ngginakaken reliabilitas stabilitas. Reliabilitas stabilitas minangka penafsiran cara kanthi reliabel amargi dipunwaos wongsal-wangsul supados pikantuk asil ingkang leres saha trep. Data ingkang badhe dipuntaliti, dipunwaos kanthi wongsal-wangsul supados jelas perkawisipun. Reliabilitas stabilitas dipunpilih supados wekdal kangge nliti langkung efektif, inggih menika sinaosa wekdal anggenipun naliti beda ananging asilipun boten ewah. 35

BAB IV ASILING PANALITEN SAHA PIREMBAGANIPUN

A. Asiling Panaliten

Novel minangka karya fiksi ingkang imajinatif. Novel nggadhahi sifat non eksistensial inggih menika dipunkreasikaken panganggitipun, dipundamel sami kaliyan kasunyatan jangkep kaliyan prastawa-prastawa saha lataripun Nurgiyantoro, 2000: 4. Satemah katingal nyata saha wonten kadadosanipun. Novel boten anamung seratan ingkang saged nyukani inspirasi kangge pamaosipun, ananging nggadhahi mapinten-pinten makna saking wosipun. Pramila, supados wosipun menika saged dipunmangertosi kanthi cetha, kedah dipunwontenaken panaliten tumrap novel kasebut. Adhedhasar data ingkang dipunpikatuk saking panaliten tumrap novel Lintang menika, dipunpanggihi wontenipun maksim kecocokan. Maksim kecocokan ingkang dipunpanggihi inggih menika panganggening saha penyimpangan maksim kecocokan. Pramila panganggening saha penyimpangan maksim kecocokan kasebut ugi wonten ginanipun. Ginanipun saking panganggening saha penyimpangan maksim kecocokan inggih menika fungsi emotif, direktif, interpersonal, representasional, metalingual kaliyan imajinatif. Panaliten ngengingi maksim tumrap novel Lintang menika nggadahi ancas ngandharaken wosipun cariyos lumantar panganngening saha penyimpangan maksim kecocokan. Asilipun panaliten saged dipuntingali wonten tabel menika.