D 5. A Penilaian Proses dan Hasil Belajar Metode dan Bentuk Instrumen

Nanggapi mujudake tahapan nyemak kang pungkasan. Asiling saka nanggapi diarani tanggapan. Tanggapan mujudake wedharing pauneg-uneg tumrap sawijining bab, prastawa, perkara, penemu utawa gagasan kang awujud panyaruwe kritik, andharan komentar utawa liyane. Tanggapan bisa awujud pratelan rasa sarujuk pernyataan setuju, ora sarujuk tidak setuju, seneng suka, ora seneng tidak suka utawa nambahake panemu. Tanggapan kang diaturake kudu asipat objektif lan dikantheni alasan pawadan kang tinemu nalar logis. Ana saweneh bab kang kudu digatekake nalika menehi tanggapan. 1. Cara ngandharake tanggapan ing antarane : a. Tanggapan gegayutan karo perkara kang diandharake. b. Tanggapan bisa nambahi cepet anggone mangerteni isine masalah. c. Tanggapan ora mbaleni penemu kang diandharake dening wong liya. d. Tanggapan diaturake nganggo tetembungan utawa ukara kang trep. e. Tanggapan diaturake kanthi sikap tinarbuka lan sopan. 2. Ciri-ciri tanggapan secara umum : a. Mujudake andharanpratelan. b. Awujud lisan utawa tulisan. c. Nduweni ancas kanggo nanggapi utawa nerangake sawijining bab kan sakdurunge diandharake dening wong liya. 3. Indikator tanggapan kang becik yaiku : a. Trep karo topik kang dirembug. b. Asipat objektif apa anane lan logis tinemu nalar. c. Ngemot pamrayoga, cara ngrampungi tumrap topik kang dirembug. d. Diturake kanthi basa lan patrap kang sopan menawa tanggapan awujud lisan. e. Tanggapan dikantheni alesan kang trep lan saperlune. f. Tanggapan kang diaturake ora nggladrah. g. Tanggapan kang ditaurake ora ngremehake ngasorake lan mojokake wong liya. Tuladha Pawarta : Festival Sompil Kabupaten Gunungkidul kawentar awit sugih papan wisata. Tlatah cengkar kasebat tetela ugi nyimpen kaskaya kuliner ingkang dereng dipun mangertosi dening masyarakat. Kangge ngindakaken kunjungan wisata lan narik kawigatosan wisatawan, masyarakat Kecamatan Patuk nggelar Festival Sompil. Sompil inggih tetedhan mirunggan Kecamatan Patuk ingkang ngantos samangke taksih dipun pepetri. Sompil inggih masakan kadosdene lonthong ingkang gatranipun paju tiga, kanthi sayuripun jangan Lombok mawi tahu, tempe lan krupuk. Lampahing festival narik kawigatosan wisatawan, kepara ugi Bupati Gunungkidul, Hj. Badingah, S.