Gawea ukara pacelathon kang trep miturut undha-usuk bahasa Jawa ngoko lan krama
1. Cathethen tembung-tembung kunci kang dianggep wigati awujud tembung utawa ukara.
2. Cathethen ide-ide pokok saben padaparagraf. 3. Cathethen fakta-fakta utawa data awujud angka lan sakpanunggale.
4. Andharna meneh mawa tetembungan dhewe adhedhasar data-data kang wis kacathet
mau. Tuladha Pawarta :
Upacara Melasti Gunungkidul,
www.jogjatv.tv- Umat Hindhu Ing Gunungkidul nindakaken Upacara
Melasti rerangkening pahargyan Riyadi Nyepi taun 1938 Saka, dipun tindakaken dhateng Pura Segara Wukir, Pesisir Ngobaran, Desa Kanigoro, Kecamatan Saptosari. Upacara
ingkang acncasipun kangge sesuci dhiri lan wewengko punika lumampah kanthi ramcag lan tumemen. Para Umat Hindhu saking Gunungkidul lan Ngayogyakarta katingal
ngebaki papan gumelaring Upacara Melasti. Maneka umbarampe lan sesaji ingkang dipunbekta dening umat, dipuntata dhateng gisiking Pesisir Ngobaran dene pangarsa
umat tumuli mandhegani konjuking donga pamuji.
Bimas Hindu Kanwi Kementrian Agama DIY, Ida Bagus Wika Krisna mratelakaken, Upacara Melasti tegesipun mbucal sedaya sesuker utawi sesuci kathi
sarana Tirta Amerta. Salebeting kapitadosan Hindhu, sumber toya kadosta telaga lan samodra inggih minangka Tirta Amerta. Warsa enggal Saka tumrap Umat Hindhu inggih
satunggaling kalondhangan kangge miwiti lembaran enggal pagesangan, kanthi linambaran manah ingkang resik. Ing pungkasaning upacara sedaya sesaji dipunlarung
dhateng samodra lan dados rebatanipun warga. Anjar Ardityo
B. Nulis Pawarta 1. Pituduh Nulis Pawarta
a. Rumus nulis pawarta kang kawentar kanthi istilah 5W+1H uga asring kaprungu,
nanging kadhang kala isih bingung kanggo ngetrapke. Eling, What Apa, Where Neng ngendi, When Kapan, Who Sapa, Why ngapa + How Kepiye mujudake
bab-bab kang ora kena dilirwakake sajroning nulis sawijining pawarta.
b. Sabanjure, iki cara-cara kanggo ngetrapke 5W+1H komplit karo tuladhane. 1. Sepisan tulisen irah-irahane pawarta kang kok karepake Upamane : Rasulan ing
Kalurahan Wonosari bisa disebutake jenenge dusun, desa lsp ing papan dunungmu dhewe-dhewe.
2. Kapindho, isinengantinen 5W+1H kanthi ngisi prastawa kang arep digawe pawarta, upamane awake dhewe arep nulis pawarta bab rasulan mula isinen datane mau
mangkene; What Rasulan, Where Ing kalurahan Wonosari, When Rebo Kliwon, 2562014 Who Warga Kalurahan Wonosari, Kecamatan Wonsari, Kabupaten
Gunungkidul, Why bisa ditulis ancase kegiyatan mau, upamane kanggo nelakake rasa syokur marang Gusti Allah awit para warga wis kaparingan keslametan anggone
padha makarya miturut pakaryane dhewe-dhewe + How lakuning cara
3. Kaping telu, ngronce 5W dadi sawijining pituduh pawarta ana ing sawijining padaparagraf supaya wong kang maca pituduh pawarta kasebut langsung paham karo
isining pawarta mau. Urutaning 5W iku ora kudu baku kaya urutan iki What Apa, Where Ing ngendi, When Kapan, Who Sapa, Why ngapa, nanging awakke
dhewe bisa ngganti urutane kang trep karo kabutuhane. Kanggo tuladha ing dhuwur bisa karakit mangkene kanggo nelakake rasa syokur marang Gusti Kang Akarya
Jagad, masyarakat warga Kalurahan Wonosari, Kecamatan Wonosari Kabupaten Gunungkidul rasulan ing Bale Desa Wonosari dina Rebo Kliwon 25 Juni 2014
4. Kaping papat, reroncening pituduh ing dhuwur, mesthine durung luwes utawa durung kepenak menawa diwaca lan dirasakake, lan durung cetha maksude, mula perlu dirakit
maneh kanthi nambahi tetembungan utawa ukara murih gathuk antarane tembung siji lan sijine utawa ukara siji lan sijine.