A Pedoman Penilaian Penilaian Proses dan Hasil Belajar
6. Ana maneh kang duwe panemu, daane cerkak cukup kawaca sepisan lungguh wis rampung.
Kanthi ora sinebut langsung, saben cerkak mesthi nduweni tema. Tema minangka ide, gagasan, apadene wawasane pengarang minangka pathokan anggone mahyakake
critane. Karana cerkak lan crita fiksi liyane minangka gambaran panguripan ing masayarakat, mula tema uga akeh warna kayadene maneka warna kedadeyan kang ana ing
masyarakat. Tema bisa moral, agama, panguripan sosial ing masyarakat, politik, hukum, kulawarga, katesnan, lan masalah panguripan liyane.
Ora jeneng keladuk menawa pengarang iku guruning masyarakat. Tangeh lamun pengarang gawe crita ora nduweni tujuan apa-apa. Lumantar watak lan pocapane para
paraga sarta andharane pengarang narasi, pengarang kepengin nuduhake piwulang, pesan moral marang para maos. Piwulang iki ora mlaha, ora thok-leh disebutake, nanging kang
maca bisa njupuk dhewe, bisa gawe dudutan utawa kesimpulan, piwulang apa kang dikarepake pengarang lumantar karangane.
B. Cara Maca cerkak Sawijining cerkak nyenengake utawa ora, narik kawigaten utawa nyebeli, ngedhongake
utawa malah mbingungake, gumantung pamacane utawa anggone maca, kaluwih maca cerkakmacakake cerkak kanggo wong liya. Maca cerkak mono bisa dhewekan, uawa
diwaca tunggal lan maca kanthi kroyokan. Lire, diwaca wong akeh, gentenan. Maca kanthi dhewekan luwih angel tinimbang maca kanthi kroyokan, sebab kudu bisa
mbedakake swara paraga siji lan sijine, uga kalane maca narasi. Pawongan kang ngayahi jejibahan maca cerkak, kudu migatekake :
1.Lafal utawa pangucapan kudu cetha. 2. Intonasi jeda, tempo suara, lagu ukara, suarane soralirih, lan aksentekanan.
3. Gaya anggone crita obahing badan, ekspresi polatan, kalebu lancar orane anggone
maca. 2. Materi Pengayaan
1. Miturut panemune para siswa, cerkak Bak-Buk Temane apa ? 2. Sebutna paraga kang ana ing cerkak Bak-Buk
3. Harini iki watake kepriye ? 4. Perangan cerkak endi kang nuduhake watake Harini ?
5. Miturut panemune para siswa, menawa ana wong sugih dhuwit nanging carane golek
rejeki kaya Harini becik apa ora ? Apa sebabe ? 6. Murwanto iki watake kepriye ?
7. Perangan cerkak endi kang nuduhake watake Murwanto ? 8. Menawa Harini iku ibune para siswa, apa kang kok tindakake kalane mangerteni
ibune aep golek utangan kanggo duwe gawe gedhen-gedhenan ? 9. Piwulang apa kang kepengin dinandharake pengarang Bak-Buk ?
10. Apa isine cerkak Bak-Buk miturut panemune para siswa ? Andharna migunakake tetembunganmu dhewe, saalinea wae