Woring Rasa lan Budi.

Oleh : Mas Kumitir 15 www.alangalangkumitir.wordpress.com Oleh : Mas Kumitir

BAB VII WORING BUDI LAN ANGEN-ANGEN

a. Woring Rasa lan Budi.

Wong meneng yen enenge kongsi tumeka ing : neng : temenan, ing kono bisa ngrasakake : Rasa, kang dudu pangrasa lan dudu pangrasa badan. Yaiku kang aras Rasa jati. Rasa jati iku ya ALUSING pangrasa ati awor lan ALUSING pangrasa badan, wore dadi siji : pepethukan ana ing ka-eneg-an. Wong meneng yen enenge kongsi tumeka ing : neng temenan , ing kono bisa eling, kang eling mau dudu elinging angen-angen, yaiku elinging Budi. Budi iku tukang eling marang kasunyatan. Elinge tanpa pedhot. Rasa iku tukang ngrasa kasunyatan. Rasane tanpa pedhot. Rasa jati lan eling mau : amor dadi siji ana ing kaenengan. YA ELING ya RASA, padha bae. Lire iku mangkene : Kang eling iku : Rasane. Kang ngrasa iku : Elinge. Ing dhuwur iku tegese woring budi lan Rasa. Awit saka iku, kang aras Rasa jati aja kinira tunggale bungah, susah, dhemen, gething, ngarep-arep, ngemohi, lara, kepenak, legi, asin sapanunggalane. Elinging budi iku dudu tunggale eling marang pagaweyane utawa eling marang butuhe, eling marang anake sapanunggalane, iku mung elinging angen-angen, tak arani KELINGAN utawa KEMUTAN. Rasa jati iku kang ndayani marang katentreman langgeng lan eling langgeng. Wong nggarap babagan batin iku betah ijen ana ing panggonan kang sepi. Mulane mangkono, sabab sasuwene ijen mau ana kang dirakake sajroning atine, kang narik marang katentreman. Yaiku enggone ngrasakake elinging Rasa jati utawa enggone ngrasakake Rasaning eling. Rahsa kang wis alus kaenebake. Sangsaya suwe sangsaya ngrasa marang dayaning Rasa kang sajati mau, dayane numusi marang rahsa kang alus. Wasana ndadekake kamareman tuwin katentreman ing ati. Enebe utawa enenge mau ateges sirnaning gagasan, lan lereming rahsa, utawa : ngumpuling angen-angen. Sirnaning gagasan utawa mareming rahsa iku marakake betah ijen ana ing panggonan sepi. Oleh : Mas Kumitir 16 www.alangalangkumitir.wordpress.com Oleh : Mas Kumitir Dadi kang marakake uwong ora betah ijen ana ing pasepen iku saka thukuling gagasan, saka ora lerem rahsane mubal nepsune, utawa saka obahing angen-angen.

b. Woring Angen-angen ing Budi.