Rasa kajasmanian, iya duwe kawruh. Wujude, yaiku : bisa weruh marang

Oleh : Mas Kumitir 33 www.alangalangkumitir.wordpress.com Oleh : Mas Kumitir NGUDI KAWRUH KASUNYATAN, tegese : ngudi bisane weruh marang anane sing makartekake. KAWRUH KASUNYATAN, tegese : oleh-olehaning ngawruhi kahanan kang luwih dening nyata. NGELMU, tegese : wewatoning nggoleki. NGELMU RASA, tegese : wewatoning nggoleki kasunyatan. Kabeh kang aran NGELMU iku bubuhane angen-angen. Tembung Rasa kang panulise nganggo R, tegese : wujud alus dalah rasaning wujud mau. Tembung rasa kang panulise aksara cilik kabeh, karepe : mung rasaning wujude bae, ora ateges wujude awaking wujud, dadi karepe : tumrap sadhengah wujud, iya rasaning wujud kang alus, iya rasaning wujud kang kasar. Tembung rahsa, ateges : wujud alus dalah rasane pisan, nanging kang luwih kasar katimbang Rasa. mBanjurake bab sahir lan kabir.

J. Rasa kajasmanian, iya duwe kawruh. Wujude, yaiku : bisa weruh marang

rasaning lagi lan pait. Weruh marang ambon-ambon. Weruh marang penggepoking kulit karo barang wadhag krunguning swara saka kedhering kuping. Weruh padhanging srenggenge saka kedhering swasana. Weruh marang rasa lan kapenak, mungguhing kwadhagan lan sapanunggalane. Iku kabeh dak arani : rasa kajasmanian, yaiku kang marakake dhiri duwe panganggep, manawa alam donya iki ana. Jiwa-jiwa kang ngalami rasa kajasmanian, enggone nekseni yen donya pancen ana, ya ora liya nganggo rasa kajasmanian mau. Upama ora duwe rasa kajasmanian, mesthi nggorohake marang anane donya awit kacupetan piranti kanggo nekseni ing anane. Rasa kajasmanian iku iya ana kaswargane lan kanarakane, kayata : rasaning awak kang pinuju enak lan kapenak kaswargan, dene kanarakane yen pinuju lara. Donya iku KABIR tumraping alam rasa kajamanian. Dene rasa kajasmanian iku SAHIR tumrap alam donya. Oleh : Mas Kumitir 34 www.alangalangkumitir.wordpress.com Oleh : Mas Kumitir KINANTHI Sirnakna semanging kalbu, den waspada ing pangeksi, yeku dalaning kasidan, sinuba saka sathithik. Pamothahing napsu hawa, linalantih mamrih titih. Wedhatama Winardi ...... BAB XI LIMPUT-LINIMPUTAN UTAWA URUP-INGURUP : SAHIR KABIR KARO SAHIR KABIR : TUMRAP ALAM SIJI LAN SIJINE

a. BAB SIHIR Yen kang maca iki wis ngerti KANTHI TERANG sarta bisa ngrasakake KANTHI

MEMET marang kareping andharan kang kasebut mau kabeh, mesthi bisa nyandhak marang karepe pratelan ing ngisor iki. 1. Bab tegese URIP ING ALAM DONYA 1 Tetembungan wong urip ing ALAM DONYA iku tegese : rasa dhiri kang lagi kalimputan ing rasa kajasmanian, jalaran rasa kajasmaniane kang lagi dadi peranganing rasa dhiri KANG KANDEL DHEWE. Sarehne kandel dhewe, banjur ngurupi nglimputi marang rasa kaswargan lan rasa kanerakan. Awit dening rasa kaswargan kalimputan ing rasa kajasmanian, wekasane kabiring kaswargan yaiku jagad kang aran swarga sirna wujude, mung kari : RASANE bae. Sirnaning jagad swarga mau sabab kalangkib ketutup dening wujuding jagad donya. Kang mangkono mau angen-angen banjur ngira : awang-uwung kang tanpa wates jembare mung isi donya thok. Iku kena kaupamakake kacaning buku kang kalangkib, katutupan ing kaca liyane, mesthi kaca kang katutupan mau kaling-kalingan dening kaca kang nutupi. Ewa dene senajan kabire katutupan, nanging SAHIRE RASANE isih dirasakake uga, kayata : yen wong donya mau pinuju ngrasa : SENENG, AYEM, TENTREM, WELAS, ASIH, TRESNA, BEKTI, SUKA SUKUR, RILA, LEGAWA........ sapanunggalane, iku kabeh RASA KASWARGAN, dudu rasa kajasmanian. Mung bae, mesthi ora kandhel kaya yen ngalami kabiring kaswargan. Mulane rasa kaswargan ing alam donya : tipis, awit saperangan gedhe rasa kajasmanian kang kandel mau. Wuwuh-wuwuh sabab sahiring kajasmanian korup marang kabire. Lire sahir korup marang kabir iku kayata : rerupan dianggep sajabaning pandulu, swara dianggep sajabaning pangrungu, asin dianggep ana ing uyahe. ----------- 1 Tegese urip ing kene : MAKARTI, dudu KANG MAKARTI. Kang bisa mikir dianggep dimak. Kang bisa ndulu dianggep si-mripat kasar. Rasa dhirine dianggep badane kang wadhag .......... sapanunggalane, kang