mBanjurake bab sahir lan kabir maneh.

Oleh : Mas Kumitir 30 www.alangalangkumitir.wordpress.com Oleh : Mas Kumitir Ing bagean ngisor maneh kang kalimputan ing pangrasa asor sambung karo kaswargan asor, yaiku swarga panasaran, swargane dhemit utawa brakasakan, dening wiwit kamoran rasa kasetan amarah. Swargane supiyah swarga madya ana kang ngarani astraalgebied, iku ing bageane kang luhur, sambung lan kahyangane Bathara Endra, banjur aran Endraloka. Manawa mutmainahe mung sawatara meh mligi dayaning angen-angen luhur mujudake rasa kadewan, yaiku rasa kang mung meh mligi ngegungake kawicaksanan, kawaskithan lan kawaspadan, iku kaaranan kadewan Dewatan sambung lan kahyangane Bathara Guru, mula sinebut Guruloka. Satemene iku meh padha bae karo swarga luhur kang kasebut ing ngarep mau, sarta gampang bisane sambung sinambung, malah kerep amor alira-liru rasane, apa maneh karo kaendran. Mulane alam luhur gampang bisane amor lan lira-liru, awit sang saya luhur, sangsaya alus lan luwes bebakalane staf-e. Swarga luhur mau, kadadeyan saka maligining mutmainah katumusan ing luhuring angen-angen, iku swargane manungsa kang ngegunake RASA BEKTI marang Pangeran, gedhe kasukurane, ngegungake rasa welas asih marang sapadha-padha, iku ing bageane kang luhur, sambung lan alaming para Malaikat pambantu kodrat Rasulullah. Rasa kaswargan luhur kena katembungake : bongkote sambung karo pucuke RASA JATI. Mungguh Rasa kaswargan luhur warna-warna kang kasebut mau kabeh : gampang bisane sambung-sinambung weruh-wineruhan sak uga padha kadunungan ing Mutamainah. Kang ketipisen mutmainahe, mung bisa sambung karo kaswargan madya swarganing jin peri. Dene kang mutmainahe ketipisen, mung sambung karo swarga panasaran, marga mutmainahe kalimput banget. Ora mung bisa sambung karo jagad ka-alusan bae, malah uga bisa sambung karo jagad kawadhagan donya, sapanunggalane uga ana bageane rasa pangrasa kang nunggal laras. Malah-malah kasunyatan bisa sambung karo kawadhagan, sak uga angen-angen lan rahsa banget aluse kongsi ana bageane kang bisa gathuk karo kajaten.

I. mBanjurake bab sahir lan kabir maneh.

Napsu amarah katumusan ing angen-angen peteng, iku iya mujudake rasa utawa kawruh. Kawruh ing amarah yaiku : weruhe marang ing rasaning gething, muring, drengki, jail, panas, pegel, susah, bingung, ngresula, mesgul, ngigit-igit, Oleh : Mas Kumitir 31 www.alangalangkumitir.wordpress.com Oleh : Mas Kumitir anyel, mangkel, njetong, lara ati ......... sapanunggalane. Karingkes : Kang ora ngepenakake, utawa LARA. Iku kabeh iya jeneng kawruh, nanging kawruh bab alaning jagad utawa alaning sapadha-padhaning tumitah. Yaiku rasa pangrasane eblis setan. Mungguh rasa kasetanan iku, rasa lara kang ora pegat-pegat, sinandhang ing ati. Ora pegat-pegat enggone kudu muring lan panas, marga kabeh isining jagad rinasa padha megelake, agawe sangsaraning atine, kabeh rinasa nindakake panggawe ala, disengguh nganiaya kiyanat marang dheweke, iku kagawa saka kleruning rasane salah rasa. Ora mung disengguh nganiaya marang dheweke bae, malah disengguh padha alan-ingalanan, drengken-drengkenan, siji lan sijine. Dadi kinira pancen wis carane, ing jagad padha kaya mangkono kabeh. Makhluk saisining jagad, kinira susah, bingung, lara, gegethingan lan cilaka kabeh. Rumangsane awang- uwung kang tanpa waten jembare : diubresa, ora ana enggon sak elenge semut kang ora isi lelara, kacilikan lan kasusahan. Angen-angen banget petenge, lire : banget kliru nalare. Lakune engetane tansah sulaya karo pranataning kodrad, kang wewatone ora dingerteni babar pisan. Ora ngerti babar pisan marang kang aran wewatoning kodrad. Kahananing jagad kang mangkono mau disengguh sajabaning dhirine, sajabaning amarah lan angen-angen kang peteng. Ora ngira klalen yen kang mangkono mau saka rasane dhewe kang kliru lan sasar. Kosok balen karo rasa ka-Pangeranan. Jagad kang rinasa nglarani lan mbingungake mau kaaranan naraka-naraka iku kabir tumrap napsu amarah. Dene rasane amarah iku sahair tumrap naraka. Rasa kanarakan iku ya ana tatarane, awit ana kang kamomoran supiyah lan rasa kajasmanian Luamah. Kang akeh momorane supiyah : sambung lan jagading jin peri ing bagean kasar. Kang akeh momorane kajasmanian roh jasamani sambung karo kadonyan, iku kang sok disebut : dhemit utawa brekasakan, kang padha ambeg jail muthakil angendhak sikara. Jagad panasaran jagading brekasakan uga ana kaswargane, nanging luwih goroh katimbang swarga madya. Kena katembungake swarga jlomprongan utawa sulapan. Swarga madya luwih nyata katimbang swarga panasaran. Swarga luhur luwih nyata maneh katimbang swarga madya. Dene kajaten iku kang sanyata-nyatane kaaranan kasunyatan. Wong kang ngaji ngelmu panggorohan sulapan iku tumibane nuntun rasa pangrasane dhewe marang jagad panasaran. Mulane mangkono awit iku ateges sinau nyambung rasa lan angen-angene dhewe karo rasa jlomprongan. Wong urip perlu banget sinau rumarasa lan wewekan, murih aja kesasar kajlomprong. Oleh : Mas Kumitir 32 www.alangalangkumitir.wordpress.com Oleh : Mas Kumitir KATRANGAN Tembung kasasar, tegese : kleru dalane. Kesasar tumraping kebatinan, tegese : kliru lakuning angen-angene anggone nggoleki wataking Budi. Tembung kajlomprong, tegese : kliru lakuning rahsane anggone nggoleki wataking Rasa. Kabeh mau ateges : gawe kliru, tumindak korup, gawe luput, tumindak peteng, marang rasa dhirine dhewe. Marga ora rumangsa kliru, ora rumangsa korup, ora rumangsa luput, ora rumangsa peteng, malah ngukuhi nganggep bener marang rasa dhirine kang luput mau. Tembung : luput, tegese : nagen-angen nyulayani wataking Budi. Tembung : ala, tegese : angen-angen cocok lan wataking Budi. Tembung : bener, tegese : angen-angen cocok lan wataking Budi. Tembung : becik, tegese : rahsa cocok lan wataking Rasa. Kang aran : Budi, iku : tukang tuduh marang bener. Kang aran : Rasa, iku : tukang tuduh marang becik. Tembung : Karem, tegese : rahsa ngungkurake Rasa. Tembung : Kerem, tegese : angen-angen ngungkurake Budi. Tembung : korup, tegese : ngungkiri kang sajati, ngakoni kang dudu. Padhang, tegese : bisa weruh. Peteng, tegese : ora bisa weruh. Angen-angen, wajibe : nggoleki wataking Budi. Budi, wajibe : tuduh marang angen-angen. Rahsa, wajibe : nggoleki wataking Rasa. Rasa, wajibe : tuduh marang rahsa. Mikir, iku : pakartining angen-angen nggoleki wataking Budi. Ngrasakake, iku pakartining rahsa nggoleki wataking Rasa. Kang aran cahya iku : awaking pepadhang. kang madhangi Kang aran Budi iku : rasaning pepadhang rasa padhang Kang aran Rasa iku : dhasaring Budi. Kang aran Budi iku : pepadhanging Rasa. Tembung URIP, tegese : 1. bisa makarti, kosok baline : mati. 2. kang bisa makarti, kodsok baline : pati. Tembung ELING, tegese : 1. weruh marang anane, kosok baline : lali ora eling. 2. kang weruh marang anane, kosok baline : lali dudu eling. ELING MARANG URIPE, tegese : 1. weruh marang anane sing makartekake. 2. weruh bisane makarti. LALI MARANG URIPE, tegese : 1. ora weruh marang anane sing makartekake. 2. ora weruh yen bisa makarti. Oleh : Mas Kumitir 33 www.alangalangkumitir.wordpress.com Oleh : Mas Kumitir NGUDI KAWRUH KASUNYATAN, tegese : ngudi bisane weruh marang anane sing makartekake. KAWRUH KASUNYATAN, tegese : oleh-olehaning ngawruhi kahanan kang luwih dening nyata. NGELMU, tegese : wewatoning nggoleki. NGELMU RASA, tegese : wewatoning nggoleki kasunyatan. Kabeh kang aran NGELMU iku bubuhane angen-angen. Tembung Rasa kang panulise nganggo R, tegese : wujud alus dalah rasaning wujud mau. Tembung rasa kang panulise aksara cilik kabeh, karepe : mung rasaning wujude bae, ora ateges wujude awaking wujud, dadi karepe : tumrap sadhengah wujud, iya rasaning wujud kang alus, iya rasaning wujud kang kasar. Tembung rahsa, ateges : wujud alus dalah rasane pisan, nanging kang luwih kasar katimbang Rasa. mBanjurake bab sahir lan kabir.

J. Rasa kajasmanian, iya duwe kawruh. Wujude, yaiku : bisa weruh marang